Rabu, 31 Juli 2013

Keunikan Tarweh 10 Akhir Ramadhan

Bermain tanpa bek dan pemain tengah, pertandingan tarweh di akhir babak ramadhan iki jama'ahe dadi streiker kabeh, alias mung sak baris ngarep dewe doank.

Ora koyo awal pertandingan seng formasine jek lengkap, formasi akhir ramadhan kali ini berubah dadi 0-9-1, poro malaikat seng nonton pun ngguyu kekel, bahkan mungkin malaikat seng dadi sporter iso nangis ngguguk iki.

Alhamdulilah, sampek tarweh bengi iki aku jek aktif, hebate bengi iki meskipun aku masbuk (bukan mabuk *catet) alias telat jamaah pun iso manggon barisan ngarep dewe, ora mergo aku imam, ora mergo aku nunyu-nunyul ngeyel manggon ngarep nggeser wong liyo, ora mergo opo aku iso manggon ngarep padahal teko keri dewe, nanging pancen jamaah seng tarweh mung sak baris iku pun ora kebak. mangkane meskipun tekone keri dewe tetep wae iso manggon ngarep.

Ngono wae akeh banget godaane, songko bocah cilik seng nangis mergo rame trus di jewer bapak'e, songko imam seng lali surate, songko suoro sanyo seng gemrojok lali ora di pateni, songko aroma tonggo mesjid seng lagi nggoreng gereh ngge saur mungkin, songko hapeku seng mbatek ae keder lali ora tak pateni vibratore, songko senggruk-senggruk suoro pilek jamaah sandingku. jan tarweh bengi iki kekel pokok'e, untunge Gusti Alloh mewajibkan khusu' dalam sholat, khusu' kan mung perkoro raimu mbok seleh ngendi.

Iku aku tarweh tenan, ora koyo bot lan baser seng melu #JamaahTarwehOnline via twitter, ora koyo #TadarusOnline via Facebook ora koyo #ItikafOnline via Waslap Aku jek muslem ngibadah didunia nyata, dadi cateten yen ono akun sosial mediaku seng online iku bot, iku baser poro adminku seng online.hahaha
Selasa, 30 Juli 2013

Tresno Tanpo Pamrih

Aku ora butuh bandamu simpenen wae
Aku butuh tresnamu sing sak temene
Aku ora pengen duwitmu gawenen dewe
Aku pengen sliramu kang selawase

Ora mergo pangkatmu njur aku gawe-gawe
Mergo lahir batin mung kowe

sayang sing tak sayang
Aku percoyo yen kowe tenanan
sayang sing tak sayang
Sing tak karepake mbok tompo opo anane
Manungso ono kurang luwihe wis lumrahe

Yen kabeh mau wis kodrate dadi jodone
Gusti paring kamulyan aku lan kowe

Minggu, 28 Juli 2013

Lintang Duwur Kutho

Koyo lagi wingi
Bebarengan nrabas wengi
Gandhengan tanganmu
Esemu nggeter ati

Naliko sirahku
Sumendhe ono bahumu
Wangine tresnamu
Ora kroso nggubet ati

Wong bagus atiku ketarik
Lintange melu lirak lirik
Wong bagus ojo njiwat njiwit
Lintange melu mobat mabit

Nadyan mung sak ketip
Atiku mbok olak alik
Lan kenangan kuwi
Soyo pengen tak baleni

Lintang nduwur kutho
Gencar gencar nggugah crito
Sliramu ning kono
Opo kangen iki kroso

Lintang pating glebyar
Dadaku soyo gumeser
Drijiku drijimu ngenem crito

Umpomo sliramu
Saiki ono sandhingku
Tak elus pipimu
Tak enggo sangu ngimpi

Rabu, 17 Juli 2013

Pengertian Siam

Siam utawi poso utawi puoso utawi puasa berasal saking tembung bahasa arab shoum utawi shiam artinipun ngempet yoiku ngempet howo nepsu menahan diri saking hal-hal tertentu ing wekdal tertentu.


  • Sarat Wajib Siam
  1. Islam, meskipun islam KTP
  2. Waras, mboten edan lan mboten mendem
  3. Baligh, bocah cilik ora wajib
  4. Kuat nglampahi siam, mbut gawe abot mboten masuk itungan
  5. Manggon, alias mboten musafir
  • Syarat Sah Siam
  1. Islam, murtadin ora masuk kategori
  2. Mumayyiz, sampun mangertos hukum agami
  3. Suci saking haid lan nifas, khusus cewek
  4. Masuk wektu wajibe poso, yoiku wulan ramadhan
  • Rukun Siam
  1. Niat, penting niat bentuk'e piye terserah seng penting lillahi ta'ala
  2. Ora nglakoni opo wae seng mbatalne poso, mulai fajar sampek maghrib
  • Batal Siam


  1. Kelebonan opo wae nyang awak kanthi sengojo
  2. Kenthu, awan doank bengi entuk
  3. Sengojo muntah, ha kok kober to ndes
  4. Sengojo ngecrit, termasuk onani
  5. Haid utawi menstruasi, Nifas alias manak
  6. Ra ndue akal, alias edan mendem lan semaput
  7. Murtad, alias metu songko islam
  • Haram Siam
  1. Wekdal riyadin, 1 syawal lan 10 dzulhijjah
  2. Dinten tasyrik 11 12 13 dzulhijjah
  3. Poso sak lawase, dilarang puasa unlimited
  4. Cewek seng lagi haid lan nifas haram puasa
  • Entuk Mboten Siam, tapi wajib qodlo'
  1. Sakit
  2. Musafir, tukang dolan
  3. Meteng, alias ngandut yoiku hamil
  4. Mokel dengan terpaksa
Mekaten sekedhik engkang saget di share,
Wonten kirange tambahi dewe, wonten langkunge ojo di gawe.



Sabtu, 13 Juli 2013

RAMALAN RINDU

Sopo seng Sampean kangeni saiki?
Sampean rindu sopo saiki?
Cie....gak usah isin... Ngaku wae...
Oke deh, nek gak gelem ngaku kita ramal wae yuk....
  • Pertama pilih angka favoritmu, terserah ongko piro wae entuk kok
  • Angka seng tok pilih iku maeng kalikan 3
  • Trus hasile ditambah 3
  • Bar iku dikali 3 maning
  • Hasil akhire entuk berapa digit jumlahen angka-angka iku

Tuladha : Yen hasil akhir sampean entuk 2 digit koyo to 24 mongko 2+4=6 berarti Sampean kangen wong nomer 6

Jawaban :

  1. Pacar
  2. Sahabat
  3. Gebetan
  4. Teman 
  5. Adik
  6. Mantan
  7. Kakak
  8. Ortu
  9. Seng Ndue Blog Iki


Rabu, 10 Juli 2013

Sugeng Siam Romadlon

Ngaturaken Sugeng nindaaken poso romadlon, mugi-mugi saget nutuk sewulan utuh, mboten wonten engkang bolong, mboten tergoda howo nepsu, mboten gampang mokel, kiat lair batinipun, lolos godaan awujud nopo ke mawon,saget nglampahi siam kanthi sabar lan ikhlas, pikantuk rejeki engkang manfaat, lan pikantuk ganjaran engkang kathah.


Minggu, 07 Juli 2013

Awal Poso Tahun Iki Se-Indonesia Podho Alhamdulilah

Alhamdulilah setelah sekian lama eyel-eyelan, rumongso paling bener, lan nyalahne pihak liyo, akhire saiki tahun iki awal poso biso bareng, dadi umat islam se-Endonesia iso nglampahi poso tanpo ono keraguan.

Babagan awal poso iki memang riskan banget ndadek'ake perpecahan ono ing kalangan umat islam, ananging tahun iki insaAlloh wes ora ono maneh perbedaan awal poso, sebab kabeh wes sepakat tahun iki awal poso digawe podho.

Nahdhatul Ulama', Muhammadiyah, lan ormas islam liyane ugo Pemerintah wes sepakat yen awal poso iki ora bakal bedo alias podho, awal poso tahun iki disepakati bersama yoiku jatuh pada tanggal 1 Ramadhan.

Mugo-mugo kanthi barenge awal poso iki umat islam se-Endonesia biso guyup rukun tanpo ono perpecahan. Amiiien... Karek nunggu dino riyoyo mengko, durung ono keterangan lebih lanjut bedo opo podho yo?

Sabtu, 06 Juli 2013

Kencan Malming Makan Gratis

Entah mergo nyapo aku yo gak ngerti, padahal ora valentine ora hari besar lan ora mergo sebab opo-opo. Tiba-tiba wae restoran kelas atas dan menengah ing Ponorogo koyo to Kintamani, Istana, Fress Cafe, Joglo Manis , Tirto Wening lan Restoran Ponorogo liyane mengGRATISkan sopo wae seng lagi makan malam ing restoran iku malem minggu engko bengi, tapi syarate kudu berdua yoiku berpasangan lanang wedok. 

Mrongoso bagi anda yang lagi jomblo.

Mulane monggo seng ndue pacar, utowo suami-istri enggal-enggal gajak pasangane malmingan wonten resotan-restoran ing Ponorogo meniko. Seng jomblo ora usah pura-pura ngajak kancane trus ngaku pacare mergo kur kepingin mangan gratis, Songko prejenganmu ae wes ketoro yen sampean iku jomblo.

Ojo sampek dilewatkan kesempatan romantis tur GRATIS alias gak mbayar iki, sopo wae ora peduli enom opo tuwo seng penting berpasangan makan malam minggu iki ora mbayar, Yen makan malam berduaan ing Restoran Ponorogo ora perlu ngetokne duit sepeserpun. rak yo penak to.

Tapi eling-elingen iki, meskipun mangan lan ngombe opo wae ing Restoran Ponorogo iki gratis alias ora mbayar, sampean kudu tetep nggowo duit, amergo pas mangan lan ngombe emang pancen bener ora mbayar tapi mbayare iku mengko ing kasir naliko sampean berdua wes sampe makan malam. Hehe..

Yang jomblo ke #Wakoka aja

Kamis, 04 Juli 2013

Jare Peduli Rakyat Miskin

Pemerintah wes terlanjur menaikkan regane BBM subsidi tanggal 22 Juni 2013, bensin premium dadi Rp 6.500/liter lan solar Rp 5.500/liter. Akeh demo percuma, demo ora oleh gae, demo kurang gawean tanpa hasil malah nggawekne gaean rakyat ndandani gedung lan kantor seng dirusak pendemo.

Konon pendemo iku mendemo poro pejabat seng jare korup padahal iku ora mung jare terah nyatane korup (rahasia umum), koyo to ngundakne rego bensin seng jarene pendemo cuma nambahi hasil korupsi, Lan penyunatan dana anggaran pembangunan gedung seng dikorupsi songko proyek iku. Tapi sayange carane demo iku kurang pas.

Demo kok anarkis, ngrusak kantor ngrusak gedung pemerintahan mbakar pager DPRD lan ngrusak kantor polisi, nek dipikir anarkismu ngrusaki gedung pemerintahan iku opo ora malah aweh kesempatan poro pejabat supoyo korupsi maneh dengan cara menyunat dana perbaikan gedung seng tok rusak iku?

Opo tok kiro ngrusak kantor iku mereka berubah tur sadar, mereka para koruptor iku malah seneng amergo entuk proyek perbaikan kantor seng mesthi bakal iso dikorupsi maneh.

Nyapo ing nduwur iku maeng aku nulis "demo kurang gawean tanpa hasil malah nggawekne gaean rakyat ndandani gedung lan kantor seng dirusak pendemo." nyapo kok rakyat seng ndandani, bukankah wes jelas duit ing pemerintahan iku juga duite rakyat, duitku duitmu lan duite rakyat miskin seng jare tok perjuangkan nasibe. Duite bener duite rakyat tapi seng nglakokne duit rakyat iku seng bakal korupsi mergo ulahe pendemo anarkis.

Artine nek kantor lan gedung pemerintahan iku rusak seng kangge ndandani iku juga duite rakyat su... nek demo anarkis jare memperjuangkan nasib rakyat miskin iku justru malah mateni rakyat su.. mikiro to, Pekok.

Wes ah serius amat...amat ae gak serius kok...

Iki ono cerito jenenge Amat, bocah utun ndueso tur gaptek iki isuk maeng crito yen ono SPBU utowo Pom Bensin seng ternyata ora melu menaikkan harga, ing SPBU lain bensin iku regane Rp 6500/liter yen eceran regane Rp 7000.

Peduli rakyat kecil dan masyarakat miskin jare Amat pom bensin iki ora ngundakne rego, buktine amat iku maeng ngomong mbek aku yen dewek'e bar tuku bensin ing SPBU dan ternyata tukune cuma Rp 5000 harga bensin lama.

Aku mikir opo ora rugi Pom Bensin iku, Padahal se Endonesia regane bensin wes mundak dadi Rp 6.500 kok wani-wanine adol bensin Rp 5000.

Jaman SPBU Ponorogo langka solar

Ternyata ora rugi, Lha setelah aku takon penjaga SPBU seng kebetulan juga tonggoku ternyata Amat iku tukune bensin ora sak liter tapi tukune iku Rp 5000 dadi entuk'e yo ora genep sak liter. Pekok.