Jumat, 29 Maret 2013

Al-Islam Joresan Ponorogo

Wektu lumampah dawah ing garising Gusti
Kemutan Al-Islam Joresan kang ora bakal lali
Nalikaning sinau ilmu lan sabar mbeguru
Ngudhal pawulang sejatining wahyu

Njur ono pitakon kang medeni
Mbok gawe opo ilmu siro saiki?
Opo wes ditanjakno lan migunani?
Ojo mung disimpen sak jroning ati

Ngliwati lakon kang wus kepungkur
Dumugi jaman kito wus dadi alumni
Opo to siro ora kelingan
Sopo sejatining gurumu

Al-Islam Madrasahku
Al-Islam Pondokku
Al-Islam I Love You

Sepesial Tengkiu :



Sepesial Semail :

Minggu, 24 Maret 2013

Ndelok Udomu (Inspect Element)

Lek di bahasakne jowo Inspect Element iku artine ndelok jeroan, seumpomo koncomu ngangge kaos gek sampean kepingin ndelok opo isine njero kaose koncomu nah sampean kudu ndue cara mbukak'e, lek dibahasakne indonesia "kita telanjangi dia". Podo karo desaine situs web, blog, utowo halaman opo wae yen kepingin ngerti koyo opo code ing njerone sak pratinjau ngedite ono alat seng jenenge Inspect Element.

Yen sampean ahli desainer web Inspect Element iki wes dadi cemilan saben ndino kudune, nah seng urung tau nyoba ingsaauloh Inspect Element ikilah seng ngge menakne sampean coding. Kabeh browser anyar wes ono Inspect Element'e kecuali Mozilla Firefox sing ngangge Firebug, fungsine podo istilahe ae seng bedo.


Cara nganggene yo penak, Duleken bagian seng pengen mbok delok element lan code source'e, Trus klik kanan, Trus klik Inspect Element seng biasane ono ing ngesor dewe.

Nah lek uwes, bakalan muncul menu dasar :

Elements : ing menu iki sampean iso ndelok struktur dasar desain halaman web seng ditampilke dalam bentuk script lan code seng wes dikelompokne sesuai desain asli progamer songko lebar area, tinggi area, background, komposisi warna lan liyoliyane, trus sampean juga iso ngedit sak sirmu arep tok gawe piye, pratinjaune otomatis halaman berubah ketika sampean enter.
Resources : iki nampilake detail element halaman web koyoto gambar lan style css seng luweh mengarah nyang interface web. ing menu iki sampean iso ndelok detail source lengkap gambar ing halaman web songko header widget sampek footer.
Scripts : isine podo karo sampean pas ndelok view source ing halaman web

Asline sek ono maneh menu tambahan tapi cukup 3 menu iku wae sampean wes iso dadi master coding seng handal. menu liyane isine mung informasi.

Inspect Element iki mung pratinjau code, yen wes sreng ngutak-utik, langsung eksekusi wae ing Edit HTML.
Senin, 11 Maret 2013

Suluk Panyandra Awal Pahargyan

Sebagian masyarakat yang gemar wayang umumnya suka kalau sebuah pahargyan temanten juga dilengkapi dengan seni pedalangan, karena itu menjadi tugas tersendiri bagi seorang panatacara untuk juga sedikit menguasai seni pedalangan, tidak hanya njantur (nyandra) tetapi juga harus bisa suluk.
Saat mulai pahargyan, dimulailah dengan memutar gendhing yang sesuai, biasanya enak kalau pakai Ketawang Ibu Pertiwi atau pakai gendhing panguyu-uyu (uyon-uyon), lalu panatacara mulai beraksi dengan mendendangkan suluk dan dilanjutkan dengan panyandra yang bertemakan pujaan pada ibu pertiwi (balada ibu pertiwi) atau membicarakan keadaan sekitar sebagai pembuka acara. Jika sudah selesai nyandra, gendhingnya distop kemudian mulai dengan pidato pembuka pahargyan.

Berikut ini sebuah contoh sederhana:

 (gendhing Ktw. Ibu Pertiwi atau pakai gendhing uyon-uyon PLAY)

[SULUK]:
wanodyatama ngambar arum
ngambar arum lir kuusuumaaaa.......
ooooo..ooo....ongngng......
liiiiirrr......
pindha kumbang nesep madu sarining keembaaaang......
ooo...ooo..oongng......
ooooo.....oo...oongng....
eeeeeengngng.......

[NYANDRA]:
Swuh rep data pitana, hanenggih pundi ta negari, pundi ta desa, ingkang wonten wisma kang kaeka adi dasa purwa. Eka marang sawiji, adi tembung linuwih, dasa wilangan sepuluh, purwa wus ngarani marang kawitan.

Tinon saking mandrawa pranyata punika satunggaling wisma ingkang mapan ing setunggaling desa kang mujudaken pacrabakan ingkang panjang punjung pasir wukir gemaaaaaah ripah loh jinawi. Nenggih desa ........., kecamatan ........, kabupaten ............. adiningtyas.
Panjang, dawa pocapane. Punjung, dhuwur kawibawane. Pasir, pawedhen. Wukir, gunung. Loh, tegese subur kang sarwa tinandur. Gemah-ripah, ateges murah ingkang sarwa tinuku.

Wusnya mangkono, sanadyan kathah titahing wong bathara kang kasongan ing angkasa sinangga ing pratiwi kinepit ing samodra, parandene, maksih kathaaaaaah titah ingkang samya anggana raras. Awit ngupaya ing sewu desa tan antuk sedasa, satus datan waged jangkep ngaturnya ing kalih.

Mila mangkono, ing sedya hastuti mestuti murih lestantun lampahing budaya. Jinantur ing tutur. Katela tetela, kathah kang maksih trah ingkang dinama-dama, hanggung hanguri-uri lestantuning budaya. Pralambang kang matumpa-tumpa pindha wang-wing wilapa. Mastuti sabda pangandika ujaring para kina ingkang sampun jinempana ing maruta cinandhi ing awiyat, sarta mulat edi endahing budaya luhur marsudi mardawaning budaya tulus. Mangka atekad warsita gupita manggung. Panggung-panggeng panggunging wong sang murang tata, kinarya bebukaning panyandra.

Hanenggih punika wisma, mula kinarya bebukaning panyandra, setunggaling wisma ingkang rinengga-rengga sagunging kaendahan rerupen ingkang maneka warni, satemah adamel edi miwah asri ing pandulu. Sedaya kalawau mratandhani bilih sakalangkung ageng raos bombong kabingahanipun ingkang hangrenggani wisma hamangkugati, hanenggih panjenenganipun Bp ................ ingkang nembe kepareng mbinojakrama atmaja, hangrakit sekar cepaka mulya amiwaha putra mahargya siwi.

Punika ari kang katiti mangsa surya .....[7 Maret 2013]... pinilih minangka dinten sawiji, jinangka dados dinten kabingahan tuwin kabagyan. Mila punika kinempalaken para kadang para sentana miwah pitepangan, mitra lan kanca, kinarya regenging pawiwahan lan pahargyan, pinuji ing suka winantu ing raharja lan basuki.

Mila mangkono, punika luhur-sucining sedya andadosaken adeging desa dados satunggaling papan panggenan ingkang saya panjaaaang punjung dhuwur kawibawane, saya adoh kuncarane, saya jero tancebe, saya malembar jenenge, ingkang celak samya mentiung, ingkang adoh samya mentelung.
Sanadyan ta papan jembar dados katon rupak, bebasan tumpang cukit tepung taritis, anamung setunggal kewala datan wonten warga punika desa ingkang alampah cecengilan punapadene memengsahan lan sesatron. Tansah guyub rukun, datan wonten ingkang alaku drengki, srei, jail-methakil menapadene panasten, tinebih ing laku durjana lan dur angkara. Satunggal kewala datan wonten ingkang kari, tansah samya sakyeg saeka-praya hangagem budi utama tumuju mring kautamen.

Pinunggel semanten rumpaka panyandraning kawontenan, awit yen ta cinandra jangkep sedinten sedalu natas mboten wonten pedhote, bebasan, turah warna kurang candra.

Gampange wong kang munggel kawi, sang panatacara sigra hangacarani pawiwahan samangke. Wonten galap gangsuling atur anggen kula hanyandra kawontenan, mugi diagung ing pangaksama.
Nuwun.

Gendhing stop,
-->berlanjut ke Atur Pambuka Purwaning Pahargyan tanpa iringan gendhing.
Sabtu, 09 Maret 2013

Njajal

Ngetes mail to blogger sek pungsi po gak yo?
Minggu, 03 Maret 2013

Trimo Kasunyatanmu

Tak lali-lali kok mekso isek kelingan
Neng njero ati sek kebak roso sayang
Tak eling-eling kok malah nambahi koming
Ra biso lali najan sliramu bakal duwek'e liyan

Mumpung durung kadung pikiren kanthi gemati
Ojo grusa-grusu nuruti howo nepsu
Ojo lali, getun iku mesthi ono mburi
Yen pancen kapekso seng sabar ing lakumu

Tresnaku wes ra keitung jumlahe
Sayangku wes ra kebayang gedhine
Nanging aku trimo ngudhal tali asmoro iki
Penting sliramu biso bungah sak jroning ati

Siji panyuwunku,
Ojo luh tumetes ing pipimu
Sugeng rahayu...
Sugeng mangayubagyo...(bwi2013)