Rabu, 13 Juni 2012

Patung Ponorogo



Patung-patung iku ono ing prapatan dalan-dalan gedhe ing Ponorogo, Dudu mitos tapi iki kasunyatane, wus dibuktekne secara ilmiah lan okeh saksine. Tiap malam bulan purnaman saben bar jam 12 bengi yen krungu suoro tabuhan kendang mongko patung-patung iku bakal njoged lan ngumpul ing Alun-alun Ponorogo.
Selasa, 12 Juni 2012

Pasrah Tampi Toya Perwitosari

Pada pernikahan adat Jawa yang lengkap biasanya ada prosesi siraman, calon mempelai putri dimandikan dengan air bunga oleh beberapa orang sesuai dengan aturan adat yang berlaku. Nah, saat prosesi itu akan dilakukan, terlebih dahulu mengambil sedikit air untuk dibawa ke tempat calon mempelai pria (=CPa) untuk dijadikan bibit air mandi calon mempelai pria. Air ini disebut toya perwitosari. Pihak keluarga mempelai putri lalu mengutus beberapa orang untuk menyerahkan air tsb, dan di tempat mempelai pria diadakanlah acara serah terima singkat, seorang juru bicara pihak mempelai putri menyampaikan kata-kata pidato pasrah dan seorang juru bicara mempelai pria menyampaikan pidato penerimaan benda tersebut. Acara ini disebut Pasrah Tampi Toya Perwitosari. (toya=tirta=air).
Demikian contohnya:


Assalamu'alaikum wr.wb.
Nuwun. Panjenenganipun para sesepuh, pinisepuh, saha para kadang ingkang dhahat kinurmatan. Langkung-langkung panjenenganipun Bp .........(juru bicara CPa)...... ingkang minangka sulih sarira panjenenganipun Bp/Ibu .........(ortu CPa)........ Kula pun .......(juru bicara CPi)........ ingkang dinuta dening Bp/Ibu ........(ortu CPi)........, keparenga matur:
Ingkang sepisan, ngaturaken salam taklim lan takzhimipun  Bp/Ibu ........(ortu CPi)........ mugi katur panjenenganipun Bp/Ibu .........(ortu CPa)........ sagung kulawarga, kula ikroraken kanthi atur 'assalamu'alaikum wr.wb.'
Ingkang  kaping kalih, kula kinen ngaturaken lan amasrahaken Tirta Perwitosari ingkang minangka sarat sarana bebakalan siramanipun putra calon temanten kakung nuwun inggih mas .........(CPa)........ sinartan atur puja-puji pendonga, mugi-mugi lelampahanipun sesuci ati lan sesuci dhiri saged kasembadan tanpa pambengan.
Dene ingkang kaping tiga, mekaten wosing gati ingkang kadhawuhaken dhumateng kula, lan salajengipun kula sarencang tumuli badhe nyuwun pamit madal pasilan, ingkang menika mbokbilih sowan kula sakadang tanpa subasita, dhuna dhungkap ing ukara, keparenga hangegungaken samodra pangaksama.
Ing wasana, wassalamu'alaikum wr.wb. Nuwun.

Kemudian dijawab dengan pidato penerimaan (Tampi):
Assalamu'alaikum wr.wb.
Nuwun, panjenenganipun para pinisepuh, para aji sepuh, sumrambah sagung para tamu ingkang dhahat kinurmatan, mirungganipun panjenenganipun  Bp .......(juru bicara CPi)........ sapendherek minangka sulih wicara panjenenganipun Bp/Ibu ........(ortu CPi)......... Kula pun .......(juru bicara CPa)........ keparengna tumanggap atur dhumateng paring pangandikan panjenengan.
Menggah paringipun salam taklim lan salam takzhim saking panjenenganipun  Bp/Ibu ........(ortu CPi)........ sampun katampi lan kosok wangsulipun salam taklim lan takzhim saking panjenenganipun Bp/Ibu ........(ortu CPa)........ mugi kaaturna dhumateng brayat agung Bp/Ibu ........(ortu CPi)........, kula ikroraken kanthi atur 'alaika wa'alaikum salam wr.wb.
Semanten ugi paringipun sarat sarana awujud Tirta Perwitosari minangka bebakalan siraman putra calon temanten kakung ugi sampun kula tampi kanthi suka gumbiraning manah, lan tumuli badhe ingadanan siraman calon temanten kakung nuwun inggih mas .........(CPa)........ anut rerantaman ingkang gumathok.
Salajengipun, panjenengan sapendherek sumangga nuwun, kula dherekaken kepareng lenggah sinambi paring paseksen menggah siramaning calon temanten kakung.
Mekaten menggah atur kula, wonten kirang langkungipun atur lan patrap, kula sakadang hamung tansah nyadhong pangaksami.
Ing wasana, wassalamu'alaikum wr.wb. Nuwun.
Rabu, 06 Juni 2012

Ojo Njaluk Pegat

Lagu koplo asli Sagita "Ojo Njaluk Pegat"
Seng diterokne Trio Macan "Minta cerai"



Pancene bener omonge bapak
Remok kabeh dadi bojomu
Mbendinane mbok keplaki,mbok gepuki
Mbok pisui

Sebab kakean cangkem,cangkemmu loro
Ojo crewet dik, karo wong lanang

Yo mesthi wae...
Ora mbok ingoni, ora mbok pakani
Wani ngrabi mas, kudu tanggung jawab
Yen jek seneng kelon mas, ojo moro tangan

Melarat tak belani, mbambungo tak openi
Opo ngene caramu
Kelonan nomer siji, megawe nomer pitu
Mangan watu

Nganggur taun-taunan, mangan ra melok adang
Jek nggantenge raimu
Aku wes ora kuat, cepet golekno surat
Ndang dipegat

Ojo nekad dik, ojo ojo njaluk dipegat
Sebab pegatan saiki surate larang



Download Saiki...!!!

Jumat, 01 Juni 2012

Entuk Kok

Terminal Seloaji 08.15 WIB

Bis Restu lagek ngliwati pintu keluar,

"Mas arep nyandi?" kernete takon
"Suroboyo" jawabku
"Ayo numpak kene...bis Suroboyo iki" kernet bis ngajak numpak
"Enggak ah,ngenteni mburi ae" semaurku
"Loh ase iki mas, penak" kernete lekas mbujuk
"Pileh seng gak ase ae aku" jawabku clinguk'an nyawang Bis Jaya seng lagek metu ko terminal
"Tarif biasa kok,ayo...." tambah umuk kernet iki
"Tak numpak bis mburi kae aku, ase adem" aku ngeyel
"Mburi gak ase iku, sumuk, gerah lo..." semangat tenan mbujuk aku kernet iki,koyo gak enek penumpang liyane ae.
"Cendelone knek dibukak kok, yo gak sumuklah" aku yo semangat ngeyel.
"Gak ase iku gak nyaman, bulek rokok tok" urung menyerah ki kernet
"Lha neng njero bis mu iki opo gak oleh ngrokok?" aku takon
"Yo enggak oleh lah, ase kok, bebas polusi ayolah numpak kne ae" kernet teladan tenan iki sajak'e bangga ngerneti bis ase
"Lha justru itu aku moh numpak bis iki..." Sampoerna kretekku tak dudut sak uthil banjur tak sumet, bul...bul..., kernete putus asa, gedek-gedek ngaleh....

Terminal Seloaji 08.25 WIB

Bis Jaya liwat ngarepku,

"Boyo...boyo...boyo...." kernete bengok-bengok, kopi susuku tak sruput tandas banjur mencolot mlebu bis iku, langsung lungguh mburine sopir.
"Suroboyo mbak?" Ing njobo kernete nakoni mbak yang cantik seng sajak'e ora pengen numpak bis iki
"Ayolah mbak....meskipun minggu tarif normal kok" Si Kernet lekas ngetokne jurus.tapi sajak'e Mbak yang cantik ogah-ogahan.
"Kursine akeh seng kosong kok, longgar lo..." Mbak yang cantik urung terbujuk
"Bis Suroboyo mburi sek sui lo jam rolas lagek budal kae, ayo numpak kene ae, kesel ngenteni sampean engko" Si Kernet wani-wanine ngapusi juga ternyata. Mbak yang cantik mulai kepangan omongane kernet.
"Ayo to... taripe wes murah yo entuk mangan juga lo mbak"

Akhire Mbak yang cantik gelem numpak,sajak'e terbujuk mangan gratis mbak iki.

Jombang 12.00 WIB

Mbak yang cantik seng lungguh sandingku takon kernet,
"Pak jare entuk mangan, kapan iki aku entuk mangan?" Ternyata seperti dugaanku, polos tenan Mbak yang cantik iki. aku wes ora iso ngempet ngguyu.
"Loh sejak tadi sampean numpak iku wes entuk kok mbak, arep mangan opo ngombe opo bubuk entuk kok, gak ono seng ngelarang" jawab Si Kernet koyo ra ndue duso kae.

Mbak yang cantik mung iso mrengut mergo kapusan, rejeki sakjane disanding Mbak yang cantik, tapi aku pindah kursi nyang mburi dewe mergo ra betah kudu ngrokok, ing mburi Sampoernaku tak sumet njur aku takon Si Kernet,

"Mangan ae entuk, nek rokok yo entuk to pak?" Si kernet malah ngguyu kepingkel-pingkel...