Kamis, 26 April 2012

Final Liga Champion 2012





Bayern Munchen

Vs

Chelsea






Stadion Allianz Arena
The Fußball Arena München
Jerman



Siaran Langsung Tanggal 20 Mei 2012 RCTI Live pukul 01.45 WIB
Rabu, 25 April 2012

Untuk Selamanya


Keindahan tempat kita berdiam
Dibawah sang rembulan dan berhiaskan bintang

Tak kan hilang dan tak kan pernah pudar
Seperti rasa cinta yang telah kau berikan

Kau bagaikan bintang yang bersinar
Terangi malamku hilangkan risauku

Takkan ada yang melebihimu
Ketulusan hatimu berarti untukku

Cinta ini takkan pernah bisa terhapuskan
Selama kau masih menemani hatiku

Masih kurasakan setia dihatiku
Dan takkan ternoda untuk selamanya

Kan ku jaga rasa cinta
Yang kini telah hadir dihidupku

Selamanya takkan sirna
Meskipun waktu kan memanggilku


Download Lagu Asli



Download Versi Sagita Koplo

Waduh, ternyata kok ora enek boso jowone.....
Ah seng penting Assololey....
Assoy Pak Dhe...
Kamis, 19 April 2012

Seandainya Tuhan Tak Menyuruhku


Sak umpomo Gusti Alloh mencabut dawuh sholat ing Al-Qur'an, pesta aku. Seng jenenge sholat ki jan abot tenan, padahal paling pol mung setengah jam saben dinane. Sholat itu nikmat, ngomong emang penak nglakonine kui lo. Bener terah iso ngrasakne nikmate sholat iku emang hal seng luas biasa tenan, tapi ngerti ra ternyata nek sampean pernah nemokne nikmate sholat trus ketika sholat maneh iku kerono nggolek'i nikmat sholat seng tau kok rasakne iku, kiro-kiro sholatmu iku gak ono paedahe, niat awal Allohumma anta maqsudi wes nyimpang mergo ono niat nggolek'i nikmate sholat.

Tapi yo gak po-opolah, senajan sholatmu mung jengkang jengking mung sekedar gugur kewajiban, seng penting tetep sholat, wong khusu' yo gak wajib kok, khusu' gak ono ing syarat opo maneh rukune sholat. tapi nek sampean sholat kok nggak khusu' berarti uduk uwong, seng sholat iku sapi. Khusu' iku ora wajib tapi mung perkoro raimu, moso ngadep Gustine kok ndak ndue anggah-ungguh. Ternyata wong sealim opo wae tetep gak iso sempurna kekhusu'an sholate, dan Gusti Alloh pun memakluminya.

Sholat ki gak penak blas, isuk-isuk penak-penak mbangkong kon sholat, adem-adem malah kon wudu, sek mendhing subuh mung loro lha yo awan-awan penak leyeh-leyeh dadak kon sholat, patang roka'at pisan.

Mulane aku gak seneng nglakoni sholat, tapi karena Engkau Ya Alloh yang telah memerintahkanku maka aku ikhlas melakukannya, bahkan jika Engkau tak menyuruhku pun aku tetep ikhlas sujud kepadaMu.
Senin, 16 April 2012

Lolongan Serigala

يا أختنا بالله لا يغويك ذا الشيطان
ان الحجاب فريضة من ربنا المنان

انا سمعنا اختنا قولا عجاب
قالوا كلاما لا يسر عن الحجاب

قالو ظلاما حالكا بين الثياب
قالوا خياما علقت فوق الرقاب

نادوا بتحرير الفتاة وألفوا فيه الكتاب
رسموا طريقا للتبرج لايضيعه الشباب

يا أختنا هذا عواء الحاقدين من الذئاب
النار مثوى الظالمين لهم عقاب

والله يكشف ظلمهم يوم الحساب
والجنة المأوى ويا حسن المآب

يا نفس كفي عن العصيان واكتسبي
فعلا جميلا لعل الله يرحمني


Duh Cah Ayu, Kelawan Gusti Alloh ojo siro kabujuk godane iblis
Sak temene hijab iku wajib kanggo siro songko dawuhe Gusti

Ingsung krungu ono kang ngumbar omongan seng nggumunake
Dewek'e ngomong yen hijab iku gak nyenengake

Surem tur peteng sandangane yen disawang
Koyo gubuk kemah den kalungake gulu

Ndudohake kebebasan wong wadon tur ditulis ing buku-buku
Mumpung biso pamer marang wong lanang ojo disio-sio

Duh Cah Ayu, kabeh iku mau omongane asu
Geni neroko ukumane kanggo wong kang dzolim

Gusti Alloh bakal ngadili kedzoliman ing dino pembalasan
Lan Suargo iku sak apik-apik'e walesan kanggo wong kang nglakoni kabecikan

Duh awak ingsung, lerenono anggonku nulayani
Mugo-mugo Gusti paring ngapuro dumateng kulo




Rabu, 11 April 2012

Koplak

"Meskipun hapeku iki mung rego satus ewu lha mbok dituku rongatus ewu to gak bakalan tak wehne."

Koncoku takon,"Lha nyapo? bathi pol lo koe?"

"Yo malah rugilah"

"Lho kok iso?"

"Nek diwehne yo cengoh to, wong dituku ae gak oleh kok diwehne."

"Koplak"
Sabtu, 07 April 2012

PASSWORD

Mambengi koncoku dolan nyang omah, nggowo leptop jare kon marai nggarap tugas. Lagek teko leptop diselehne tapi dewek'e langsung nyang toilet jare kebelet ngiseng.

Nunggu koncoku leptope iku mau tak urepke, tapi ternyata leptope dipasangi password dadi aku gak iso mbukak.

"Kek, leptopmu gak knek dibukak kon nglebokne password, opo iki paswote?" Koncoku seng neng njero toilet iku maeng tak bengok'i.

"Jenengmu" Semaure ora kalah banter mbengok.

Langsung ge er sundul usuk aku, trenyuh atiku lagek ngerti yen jenengku sampek didadekne password ngge mbukak laptope, tapi yo gak heran wong aku karo dewek'e wes koyo sedulur lanang wae, konco kawit cilik, mangan bareng adus bareng turu bareng wes biasa, dadi yo masuk akal ae yen sampek jenengku didadekne password, mungkin supoyo eling terus marang aku kang dadi konco sejatine.

Jenengku "fariz" langsung tak ketik trus tak enter, Lho kok gak knek, Tak jijal maneh, Lho kok tetep gak knek, mungkin jeneng lengkapku, tambah keronto-ronto atiku ora ngiro yen sampek jeneng lengkapku lo seng dingge password leptop iki.

Jeneng lengkapkupun tak ketik trus tak enter, Lho...kok tetep salah password.

"Kok ndak knek to kek" Koncoku seng iseh ing jero toilet tak bengok'i maneh.

"Kaploken" Semaure ndak jelas opo maksute

"Apane seng dikaplok? leptope yo?"Aku takon gak paham

"Hurupe password iku ketiken ngangge hurup gedhi"

"Hoalaaaah...CapsLock" Lagek mudeng aku, untunge leptope urung tak kaplok tenan.

Tak jijal maneh jenengku tak ketik, saiki ngangge hurup gedhi , berbunga-bunga tenan hatiku, begitu berartinyakah diriku iki sampek-sampek password leptope koncoku iki ngangge jenengku hurupe gedi pisan, ge er ku wes gak ketulungan.

Tak pijet enter, Lho... tapi kok tetep password yang anda masukkan salah.

"Ora knek" aku kondo naliko koncoku wes metu songko toilet.

Banjur leptop di cekel "Moso to, njijal ndelok"

Tombol CapsLock di dulek trus paswote diketik:

JENENGMU

Heladalaaaaaah.....
Ternyataaa.....

Book Fair Ponorogo 2012

Wisata buku di kerajaan Wengker
Pesta Ponorogo Sejuta Buku
Gedung Sasana Praja 13-22 April 2012
Luweh ko rongatus penerbit buku profesional se Indonesia


Minggu, 15 April 2012 Pukul 19.00WIB
Kotareyog.com mendapat kehormatan untuk mengisi acara
Seluruh blogger warok diharap hadir
Kamis, 05 April 2012

Duren

Rame duren, panen duren, podo tuku duren, kabeh podo ngojahne duren, senajan regane larang seng penting rosone. opo maneh pas dibelah.

Seorang kawan ngomong,"Nek mung arep mangan duren gak usah bingung-bingung, nyang omahku wae"

Kancane takon,"Lha emange nggone sampean lagi panen duren akeh ta?"

"Enggak,wong wite duren ae gak ndue kok panen segala?"Jawab kawanku.

"Lha terus?" kancane bingung.

"Maksude gini lo, nyango omahku nggowo'o duren trus dipangan bareng-bareng karo aku, wong aku yo kepingin kok."
Senin, 02 April 2012

PR

Bu Guru dawuh, "Anak-anak, soal tes nomer 1 sampek 10 buat PR ya, Ojo sampek lali di kerjakan dirumah. Ojo kakean dolan bae".

Keesokan hari.

"Anak-anak, PR yg kemarin sekarang dikumpulin".

Budi plonga-plongo gak ngumpulne PR Bu Guru pun marah."Budi, Mana PRmu? urung nggarap yo?"

"Sampun,Bu.." jawab Budi.

"Trus mana sekarang PRnya, kok gak dibawa?" tanya Bu Guru.

"Lho katanya Pekerjaan Rumah, kok di bawa ke sekolah to, Bu?"

#koplak