Rabu, 28 Maret 2012

Kurang Kerjaan

Kurang gaean ikulah kata seng paling pas buat mahasiswa seng demo unjuk rasa anarkis. Bengak bengok mung modal cocot tapi gak ono gunane. Jare memperjuangkan hak rakyat demi kepentingan rakyat tapi bukankah aksi demo seng koyo ngono kui malah menyusahkan rakyat?

Rambu-rambu lalu lintas di rusak, pos polisi dibakar, gedung DPR rusak di antemi watu, blokir jalan, menyandra mobil pengendara seng lagi liwat, lan liyo-liyane. Nek kepingin menyampaikan aspirasi mbok yo ojo koyo ngono carane, jare demi kepentingan rakyat yang sengsara, tapi nek ngrusak fasilitas umum ngono kui cengoh jenenge. kangge mbangun bangunan seng kok rusak ki duite mbahmu ye? mikir to,duite rakyat juga nda... karepmu membela rakyat tapi malah menambah penderitaan rakyat iku, Polisi tok antemi watu bom molotov, gak miker arek iki, ngge nambakne polisi seng mlebu rumah sakit duite sopo jal? duite rakyat iku. Mobil dinas di sandra trus dirusak, seng ngge tuku mobil iku duite sopo? pekok tenan iki gak miker, iku yo duite rakyat juga. Wong arep dagang nyang pasar sampek gak sido budal wedi krungu enek demo. Aku yo gk setuju BBM larang tapi aku yo gak setuju nek ono klakuan asu koyo ngno kui, Joh... melu mbayar pajek mung ngge ndandani fasilitas umum seng dirusak mahasiswa, Giathel...

Pemerintah Indonesia ki yo wes koyo ngene iki ora usah ngarep-ngarep belas kasihane pemerintah, perkoro sengsoro kan wes biasa to, wong Indonesia kok...Rakyat Indonesia iki sekti ora mangan 40 dino lo kuat malah dadi ampuh, lombok larang yo tetep nyambel, bensin larang malah ngimpor montor anyar, saking sektine udan ae iso dipindah kok, ojo kuatir menderita, wong indonesia ki wes kebal penderitaan, ora nggumun nek mung ora mangan ae. Tambah sengsoro tambah sekti kok....

DPR seng rehap toilet ngangge duit rakyat ae dipisui kok, Lha iki malah gedung DPR sengojo dirusak diantemi watu, ngge memperbaiki yo duite rakyat kek, ayo dipisui ae lek ngono...Giasot...

Kenyataane poro pejabat pemerintahan terutama seng korupsi iku mbiyen yo mahasiswa lo, klakuan kok koyo asu, kiro-kiro dadi asu ae malah ndak lulus. yo paling ora lulusan asu kui maenglah....
Kamis, 22 Maret 2012

Kota Reyog


Kotareyog[dot]com iku situs blog sekaligus aggregator Blogger Warok, Blogger Warok yoiku Komunitas Blogger ing Kota Reyog Ponorogo.

Sejarah
  • Pertengahan 2007, Grambyangan Ponorogo Blogger Community (PBC)
  • 29 Juli 2008, Ngangkring Bareng kopdar pertama sepakat Blogger Warok didekne
  • 3 Agustus 2008, Jeneng KOTA REYOG disepakati dg domain name www.kotareyog.com
  • 11 Agustus 2008, Mulai online bertepatan dengan Hari Jadi Kota Ponorogo yang ke-512
  • 16 Agustus 2008, KOTAREYOG.COM resmi launching ing SMPN 1 Jetis Ponorogo
  • 8-9 Agustus 2009 ultah pertama ngundang ribuan komunitas blogger lain ing Ngebel

Fisi Lan Misi
  • Pengembangan sumber daya manusia seng ono ing Ponorogo dengan memperkenalkan dunia internet khususe Situs Blog seng iseh awam dimata masyarakat Ponorogo.
  • Media Sharing kanggo sesama pengguna blog, khususe Blogger Ponorogo
  • Pengenalan blog menyang generasi muda khususe pelajar. Dengan mengenal blog kita akan mengenal internet dengan mengenal internet kita akan tahu dunia.
  • Nyediakne informasi seputar Ponorogo seng iso diakses pengguna internet diseluruh dunia
Kasunyatan
  • Tahun 2007 pencarian google nganggo keyword PONOROGO mung ono 500 hasil
  • Tahun 2009 kotareyog berusia 1 tahun hasile meningkat drastis ono 2,8 juta hasil pencarian hanya dalam 0,08 detik
  • Tahun 2012 maret (sekarang) mencapai 12,6 juta hasil pencarian dalam waktu 0,17 detik


Selasa, 20 Maret 2012

Cinta itu Tuna Netra

Tak persembahne buat
Si Dia seng tetep sabar menungguku
Tresnaku mung kanggo sliramu
Stel Musike

Download

Nona kutahu nona banyak pria yang naksir kamu
Dari jutawan sampai duda ganteng bandar minyak
Aneh kenapa nona kok pilih aku yang penganggur
Lulusan SMP pas-pasan sampai kelas dua kurang biaya

Bapakku sopir taksi galak
Ibuku tukang jual lalap
Penghasilan tak menentu mana ada buat aku

Ku tak mampu ajak kamu nonton
Ku tak mampu traktir kamu makan
Paling bisa cuma ngawal atau jadi tukang pukul

Duh aduh aduh aduh aduh....
Walau hidupku miskin
Sumpah demi Tuhan demi Rosul bahagia luar biasa

Duh aduh aduh aduh aduh....
karna kau mencintaiku
Aku percaya sratus persen cinta itu tuna netra
Cinta itu memang gila
Minggu, 18 Maret 2012

Tips Mengatasi Jerawat

Wajah anda berjerawat?
Jerawat menyiksa hidup anda?
Tidak pede karena punya jerawat?
Ingin terlihat lebih cantik tanpa jerawat?

Halah kakean pertanyaan

Tenang wae solusine gampang banget

Tanpo obat
Tanpo bahan kimia berbahaya
Tanpo kosmetik
Tanpo biaya mahal

Opo kui?

Klik Quick Mask
Photoshop adalah jawabane
Ojo maneh menghilangkan jerawat menghilangkan anu saja bisa kok,hahaha...
Selasa, 13 Maret 2012

Pasrah Temanten Putri

Pada saat Pahargyan Ngundhuh Mantu, yaitu resepsi pernikahan di tempat pengantin pria, biasanya ada pidato penyerahan mempelai putri. Pidato ini disebut Atur Pasrah Penganten Putri. Biasanya orang tua mempelai putri berwakil kepada seseorang yang dipercayainya, sang wakil ini disebut Duta Saraya Pasrah atau Duta Wacana yang merupakan tokoh penting di dalam rombongan pengiring mempelai putri (=pengombyong). Tetapi adakalanya terjadi hal yang luar biasa, dimana orang yang dimintai tolong menjadi Duta Wacana itu tidak ada atau mendadak berhalangan. Karena itu mau tak mau keluarga pengantin putri itu mesti tampil sendiri menyampaikan pidato tersebut. (Bagaimana seandainya hal itu terjadi pada kita?....) Berikut adalah contoh Atur Pasrah Penganten Putri yang disampaikan sendiri oleh walinya (bapaknya atau kakaknya).



Assalamu'alaikum wr.wb.
( ayat )

Panjenenganipun ingkang dhahat kinabekten, para pepundhen, para pinisepuh, saha para sesepuh ingkang tansah anggung mestuti dhumateng pepoyaning kautamen. Langkung-langkung panjenenganipun Almukarrom ..................................... ingkang kula mulyaaken. Panjenenganipun para ‘Alim, para 'Ulama, para Kyai, para Ustadz Ustadzah ingkang mboten saged kula sebat asma setunggal-setunggalipun, ingkang tansah kaantu-antu barokah, pendonga, miwah pitutur luhuripun. Panjenenganipun para pangreh pangemban pangembating praja, minangka pandam pandom pengayomaning para kawula dasih ingkang satuhu pantes tinulad lan tinuladha. Sumawana sanggyaning para rawuh, para lenggah kakung miwah putri, sumrambah para kadang wredha mudha, ingkang tansah winengku ing suka rahayu. Mirungganipun, panjenenganipun Bp/Ibu ............(pemangku gati)............ gotrah kulawarga, saha sanggyaning bebrayan agung ing ..................(kampung).............. ngriki ingkang luhur ing budi.

Langkung rumiyin puja-puji syukur mugi konjuk dhumateng ngarsa dalem Gusti Ingkang Maha Agung, Allah SWT, karana sih wilasa miwah barokahipun ingkang sampun kaparingaken dhumateng panjenengan sedaya lan kula, sahengga wonten ing menika wekdal kula panjenengan sedaya saged makempal wonten menika papan kanthi pinaringan kawilujengan tuwin karaharjan mboten manggih alangan setunggal menapa. Pramila saking menika kula ikroraken kanthi maos kalimah tahmid 'alhamdulillahirobbil'alamin'. Shalawat lan salam mugi tansah lumintu lumintir dhumateng titah linangkung ingkang dados panutan patuladhan kula panjenengan sedaya, inggih Sang Nabi Agung Muhammad SAW ingkang kula panjenengan antu-antu syafangatipun wonten yaumil qiyamah. Allahumma amin.

Sagung para rawuh, para pilenggah ingkang dhahat sinudarsana, kakung sumawana putri. Minangkani sedaya kulawarga saking .......(asal desa alamat)............ , langkung rumiyin keparenga kula ndherek nepangaken, bilih nami kula ................................., kula menika bapakipun/masipun penganten putri, keparenga matur dhumateng panjenenganipun Bp/Ibu .......(pemangku gati)............ dalah gotrah kulawarga,
Ingkang sepisan, kula sarombongan saking .......(asal desa alamat)............ sowan dhumateng panjenenganipun Bp/Ibu .........(pemangku gati).............. sagung kulawarga, niat silaturrahmi.

Kaping kalihipun, ngaturaken salam taklim lan salam takzhim katur dhumateng panjenenganipun Bp/Ibu ............(pemangkugati)......... sagung kulawarga dalasan bebrayan agung ing .......(kampung)............ ngriki, saha sanggyaning para rawuh para pilenggah, kula ikroraken kanthi atur “Assalamu'alaikum wr.wb.”

Kaping tiganipun, minangkani kulawarga ageng saking .......(asal desa alamat)............ ngaturaken ndherek suka bingah dene panjenenganipun Bp .......(pemangkugati)........ sagung kulawarga kepareng minahargya ngundhuh mantu kanthi pinaringan berkah pangestu lan langkung-langkung sineksen dening para pinisepuh. Kepara malah lajeng nampi kula sarombongan kanthi pakurmatan ingkang ngremenaken, pramila saking menika kula sarombongan ngaturaken maewu-ewu syukur alhamdulillah saha agunging panuwun.

Panjenenganipun Bp/Ibu ........(pemangkugati)......... dalasan kulawarga ingkang dhahat kinurmatan, minangkani kulawarga ageng saking .......(asal desa alamat)............, keparenga kula hamasrahaken temanten kekalih, nuwun inggih Mas Bagus .......(jeneng nganten kakung)......... kaliyan anak/adhi kula nuwun inggih .........(jeneng nganten putri)........... ingkang sampun kaakid-nikahaken dhuk kala~wau/wingi/emben dening Bp Petugas Pencatat Nikah Kecamatan ...................., nuwun inggih dinten ........................, surya kaping ........................., wonten ing ................................
Ingkang menika, kanthi raos suka lila legawaning manah, kula pasrahaken sakwetahipun, penganten kekalih ingkang sampun sah menggah satataning agami lan negari menika, mugi kepareng katampi,  kinanthenan pangajab mugi karengkuha kadidene putra pribadhi, kagulawenthah saha pamardi, sahengga anak/adhi kula pun ....(jeneng manten putri).... menika sagedta netepi jejering wanita ingkang tanggel jawab dhumateng garwa lan bale griya, saha bekti dhateng para pepundhen, lan tansah pasrah sumarah kanthi patrap pangibadah dhumateng ngarsaning Gusti.

Ugi mboten kesupen, kula pasrahaken putra-putra temanten menika wonten kukubaning bebrayan agung ing ngriki, mugi tinampia dados warganing bebrayan ingkang pikantuk pengayoman saha pambiyantu sak murwatipun.

Kejawi saking menika, inggih awit saking kiranging seserepan putra temanten ing samukawis, keparenga ugi paring pitedah-pitedah, panyaruwe, lan panyendhu rikalaning kirang leres, ingkang tundhonipun saged migunani anggenipun sami nindakaken darmaning agesang ing bebrayan agung, jer menika lare, waleh-waleh menapa, inggih nuwun sewu, menika lare ndhusun, temtu kemawon kathah kekirangan ing seserepanipun, pramila mugi keparenga hangegungaken pangaksaminipun, keparenga sabar pamomongipun, sahengga tundhonipun saged dados kulawarga ingkang sakinah, mawaddah, warohmah, tansah pikantuk berkah, lan pinaringan momongan ingkang soleh solihah. Allahumma amin.

Sanggya adilenggah, kakung sumawana putri ingkang mahambeg ing tresna lan asih, kados kirang wicaksana bilih kalantur-lantur anggen kula matur, pramila kula cekapaken semanten kemawon pamatur kula. Dene saparipurnaning pahargyan ing mangke, kula sarombongan keparenga badhe nyuwun pamit lan nyuwun tambahing pangestu, mugi tansah pinaringan kawilujengan, nir-baya, nir-wikara, nir-ing-sambekala.

Ing wasana, mbokbilih wonten kalepatan, kekirangan, saha kiranging trapsila anggen kula matur, menapadene sowan kula sarombongan mboten andadosaken pirenaning penggalih, keparenga kula nyuwun agunging samodra pangaksami.
Akhirul kalam, billahittaufiq walhidayah.
Wassalamu'alaikum wr.wb.
Sabtu, 10 Maret 2012

Alamat Palsu

Isuk maeng aku dikongkon tonggoku kon ngeterake undangan mantenan menyang omahe Pak Slamet, Aku durung ngerti omahe tapi aku diwenehi ancer-ancer supoyo ora kesasar.

Pasar Legi Songgo Langit ngulon, prapatan pertama ngalor, ono bakul rujak kiri jalan ngalor sithik ono protelon trus ngulon satus meter, omahe Pak Slamet kidul ratan ngarep mesjid pas.

Montor tak selah langsung budal, Teko Pasar Songgolangit aku ngulon, ternyata prapatan pertama iku Polres Ponorogo mongko aku ngalor, diluk-diluk aku mengo ngiwo nggolek'i bakul rujak, sampek dalan lor dewe lagek ketemu bakul rujak'e, trus aku ngalor sithik ono protelon aku ngulon, Lho...kok gak ono mesjid? weh kleru iki sajak'e. aku mbalek maneh tapi gak ono bakul rujak liyane, piye iki....endi dalane?

Meh putus asa, sambil nyanyi alamat palsune ayu ting-ting aku mandek ing pinggir dalan banjur nyumet rokok, ono wong mlaku liwat ngarepku banjur tak takoni omahe Pak Slamet, "Iku mas, ono gang cilik ngulon ora adoh kok omahe ngarep mesjid"

Pantesan gak ketemu ternyata protelone gang, uduk dalan aspal, Heladalah ternyata jare Pak Slamet bakule rujak pindah. Dos... mungguh wae gk ketemu lha wong ancer-ancere ngalih...
Kamis, 01 Maret 2012

Bahrain Vs Indonesia (Karambol)

Kalah memalukan, Parah, Dibantai adalah kata seng luweh pas, bayangno kalah 10 gol tanpa balas, arep dilokne negorone dewe nek ora kok yo kebangetan, kalah yo kalah wes mesthi kalah kok tapi kok yo jan tenan, ngisin ngisini. Susune eh sujune Qatar Vs Iran kok drow, seandainya Qatar kalah, Indonesia ndok yo tambah musuh.

Karambol, bar nglebokne 10 buah game over. Wok-wok'an, maen kelereng jaman cilik'anku nek wes entuk poin 10 menang. Lha iki bal-balan kok kalah 10-0 sakjane karambol opo wok-wok'an to iki? ibarat rai koyo dibeset rasane.
"Salae sopo?"

Asu ngomong, " Jangan hanya bisa menyalahkan mas 'MEREKA' (tanda kutip diperlukan) juga manusia kok"

Lha nek ora gelem disalahne opo yo gek wes bner scor 10-0 ngono iku?
Lha nek ora nyalahne arep tok kon muni piye cocot amoh koyo aku ngene iki?