Di dalam pawiwahan pengantin biasanya ada atur pambagyaharja, yaitu pidato ucapan selamat datang dari pihak keluarga kepada hadirin. Pada umumnya ada seseorang yang ditunjuk untuk mewakili sang pemangkugati berpidato di depan hadirin tersebut, entah itu tetangga, saudara, famili, atasan, atau mungkin ketua RTnya. Tetapi tak selamanya keadaan bisa sesuai dengan keinginan, adakalanya berwakil itu juga menjadi sesuatu yang tidak mungkin, sehingga mau tak mau sang pemangkugati harus tampil sendiri menyampaikan pidato tersebut. Bagaimana kalau hal itu terjadi? Berikut ini sekedar contoh pidato pambagyaharja yang disampaikan sendiri oleh bapaknya atau oleh kakaknya si pengantin:
Assalamu'alaikum wr.wb.
(ayat)
Panjenenganipun para pepundhen, para pinisepuh, saha para sesepuh ingkang tansah anggung mestuti dhumateng pepoyaning kautamen, langkung-langkung panjenenganipun Almukarrom ........................... ingkang dhahat pinundhi. Panjenenganipun para ‘Alim, para 'Ulama, para Kyai, lan para Ustadz ingkang rinten dalu tansah sumandhing pustaka suci minangka panuntun keblating panembah, ingkang tansah kaantu-antu barokah, pendonga, miwah pitutur luhuripun. Panjenenganipun para pangreh pangemban pangembating praja, nuwun inggih Bp Lurah dalah para perangkat desa, minangka pandam pandom pengayomaning para kawula dasih ingkang satuhu pantes sinudarsana. Panjenenganipun para rawuh, para pilenggah, kakung sumawana putri, ingkang tuhu pantes hanampi sagunging pakurmatan; para sanak kadang wredha mudha lan tumaruna, ingkang tansah winantu ing suka rahayu; menapadene, panjenenganipun para kadang pengombyong temanten kakung/putri saking ..................................... ingkang tansah winantu ing bagya mulya. Sugeng rawuh, wilujeng siang/dalu, sugeng pepanggihan, lan sugeng lelenggahan.
Langkung rumiyin puja-puji syukur mugi konjuk dhumateng ngarsaning Gusti Ingkang Maha Agung, Allah SWT, karana sih wilasa miwah barokahipun ingkang sampun kaparingaken dhumateng panjenengan sedaya lan kula, sahengga wonten ing menika wekdal, kula panjenengan saged makempal wonten menika papan, kanthi pinaringan karaharjan, mboten manggih alangan setunggal menapa. Pramila saking menika kula ikroraken kalimah syukur kanthi maos kalimah tahmid alhamdulillahirobbil'alamin. Shalawat lan salam mugi tansah lumintu lumintir dhumateng titah linangkung ingkang dados panutan patuladhan kula panjenengan inggih Sang Nabi Agung Muhammad SAW ingkang kula panjenengan antu-antu syafangatipun wonten yaumil qiyamah. Allahumma amin.
Sagung para rawuh, para pilenggah ingkang dhahat kinurmatan, kakung sumawana putri. Ing ngriki kula minangkani kulawarga, keparengna nggempil wewenanging kamardhikan panjenengan sawetawis, saperlu ngaturaken menggah wigatosing gati pawiwahan ing titi kalenggahan menika.
Purwakaning atur, minangkani kulawarga, ngaturaken pambagya wilujeng ing sarawuh panjenengan sedaya, sugeng rawuh, marhaban ahlan wasahlan bihudluurikum, kairing agunging panuwun ingkang tanpa upami, dene panjenengan sedaya sampun kepareng ndhanganaken penggalih saha haminaaken wanci, kesdu hangrawuhi pawiwahan menika. Mugi-mugi rawuh panjenengan menika kalebetna ngamal soleh ingkang pikantuk piwales sih nugrahaning Gusti ingkang matikel-tikel. Allahumma amin.
Ing panginten, panjenengan sedaya sampun mboten ketilapan malih menggah ujubing pawiwahan ing titi kalenggahan menika, nuwun inggih awit kadereng minangkani darmaning asepuh, amiwaha suta mahargya siwi, nuwun inggih anak / adhi kula ingkang nami: ........................, ingkang ka-akid-nikahaken kaliyan ........................., putra panjenenganipun Bp/ibu ..................... ingkang pidalem ing ..................................
Para rawuh para pilenggah ingkang tuhu kinurmatan, keparenga atur uninga, bilih temanten sampun kaakid-nikahaken dhuk kalawau enjing , nuwun inggih dinten ........................... nyarengi surya kaping ........................................ titiwanci tabuh ....................... wekdal Nuswantara Imbang Pracima, kanthi satataning agami lan negari, kanthi sineksen dening para kadang kulawarga, saha sanak sedherek, minggahipun para pinisepuh lan sesepuh, mapan wonten ing ....................................... kanthi manggih wilujeng mboten manggih alangan setunggal menapa. alhamdulillahirobbil'alamin.
Para rawuh para pilenggah ingkang satuhu wicaksana; minangkani kulawarga, kula ngaturaken panuwun ingkang tanpa winates tumrap sedaya pambiyantu, paring sumbangsih lan kadarman panjenengan ingkang awujud menapa kemawon, bandha beya, bau suku, menapadene iguh pratikel, langkung-langkung pambiyantunipun para warga masyarakat RT ................ menika, ingkang sedaya kalawau tundhonipun saged adamel rancag, lancar, regeng lan gayeng prastawa gati ing titi kalenggahan menika, langkung-langkung saged angentheng-enthengi sesanggeman kulawarga. Ananging andadosaken kuciwaning manah dene kula sakulawarga mboten saget atur piwales menapa-menapa, namung panggrantesing manah ingkang konjuk dhumateng ngarsaning Gusti, mugi Allah SWT tansah paring leliru ingkang satraju dhumateng sih kadarman panjenengan menika wau, dhestun anglangkungana. Allahumma amin.
Para rawuh para pilenggah kakung sumawana putri ingkang tuhu dhahat kinurmatan, lugunipun kemawon sampun sawetawis dangu, kulawarga anggenipun angrerantam, ngreronce, miwah anggantha-gantha prastawa gati menika, ananging dhawahipun namung kados mekaten menika, sarwa kirang pantes katur panjenengan sedaya. Ingkang menika, atas nami kulawarga, kula namung saged nyuwun agunging samodra pangaksami. Ewa semanten, tasih badhe nyuwun ugungan malih, katur sanggya para rawuh, mugi keparenga paring puja sesanti mulya tuwin puji pendonga tumrap temanten kekalih, anggenipun sumedya lelumban ing madyaning bebrayan agung: mugi-mugi saged jumbuh ingkang ginayuh, sembada ingkang samya sinedya, tansah atut runtut, sayuk rukun, gendhon rukon, samad-sinamadan, wiwit kawitan dumugi delahan tansah manggih bagya mulya, dados kulawarga ingkang sakinah, mawaddah warohmah, tansah pikantuk berkah, pinaringan turun ingkang soleh solihah. Allahumma amin.
Para rawuh para pilenggah kakung putri ingkang tuhu pantes sinudarsana, kula sakulawarga tansah nglenggana bilih budi dayaning manungsa kirang sampurna, pramila mbokbilih anggenipun kula sakulawarga nampi rawuh panjenengan sedaya menika: kirang ing tanggap, kirang ing tangguh, menapadene kirang gupuh, mugi keparenga diagung ing pangaksama. Mboten kekilapan, minangkani para kadang mudha taruna anggenipun sami nawung kridha aleladi wonten ngarsa panjenengan sedaya, mbokbilih wonten kiranging suba sita, mugi keparenga panjenengan hangluberaken agunging pangaksami.
Para rawuh, para pilenggah kakung putri ingkang tansah winantu ing bagya mulya; mawantu-wantu para kadang kulawarga, keparenga panjenengan andumugekaken anggenipun samya lelenggahan, ngantos dumugi titiwanci purnaning adicara wiwahan ing siang/dalu menika.
Ing wasana, mbok bilih anggen kula matur menika wonten kalepatan saha kekirangan, wonten kiranging subasita, menapadene cicir, cewet, lan cupeting atur, mugi keparenga diagung ing pangaksami.
Akhirulkalam, billahittaufiq walhidayah, wassalamu'alaikum wr.wb.
Rabu, 28 Desember 2011
Kamis, 22 Desember 2011
Ibu

"Mbok" iku sebutan penghormatan luhur lan sakral dalam estetika jawa. Tetapi begitu disayangkan, wong kota saiki kebanyakan ngangge kata "Si Mbok" kanggo nyeluk babune. "Si Mbok" sing begitu sakral sak naliko ceblok derajate, begitu rendahnya seorang "Mbok" jaman sekarang.
Terimakah ibu anda dianggap babu? (ora bermaksud menyinggung sing ibune memang pekerjaane babu.) Panggilan untuk seorang ibu saiki wes diperuntukkan bagi seorang babu.
Opo pernah Kementrian Pemberdayaan Perempuan membahas penghinaan iki?
Opo pernah komnas Perempuan mempermasalahkan hal iki?
Opo pernah sampean menyadari pergeseran estetika iki?
Jika sampean ngomong itu bukan masalah, berarti sampean memang asu...
Tetapi herane si empunya julukan "Mbok" ora nesu naliko hal ini terjadi, begitu maha bersabarnya beliau, padahal Alloh Yang Maha Pemarah saja wes kebelet kudu napok cangkem-cangkem sing kakean nyocotne emansipasi wanita, hak gender, perlindungan perempuan, hak asasi perempuan tapi ora sadar yen ono penghinaan separah iki. Untung wae "Si Mbok" ora nesu jadi Tuhan pun mengurungkan niat marahnya.
Minggu, 18 Desember 2011
Resolusi Juara 2012
Internet hampir menjadi kebutuhan primer sebagian lapisan masyarakat indonesia, segala macam informasi tersedia, menjadi rujukan utama pembuatan tulisan, artikel, makalah dll. Bisa mengetahui seluruh isi dunia, mengakses berita terkini dan melihat apa yang terjadi saat ini dibelahan lain dunia hanya dari balik layar monitor, kapanpun dan dimanapun anda berada.
Teknologi internet terbaru selalu up-date dengan kecanggihannya masing-masing. lebih simpel, lebih modern, lebih praktis, dan lebih ekonomis, terutama jika anda menggunakan telkomspeedy.
Tidak hanya di kota maju telkomspeedy sekarang sudah menjangkau ke seluruh pelosok desa, setiap kelurahan diseluruh indonesia sekarang dapat melakukan otomasi proses administrasi pembuatan dokumen yang ada pada pemerintahan kelurahan sehingga dapat memberikan pelayanan yang akurat, cepat , mudah dan murah. Dokumen seperti KTP, Kartu Keluarga, Izin Mendirikan Bangunan, dan surat-surat lainnya dapat dilayani menggunakan E-Kelurahan yang didukung oleh telkomspeedy.
Tidak hanya kantor pemerintahan dan perusahaan, bengkel pun sekarang bisa memiliki sistem administrasi kegiatan operasional, bengkel berbasis web yang mempermudah pengelolaan keuangan serta administrasi seperti manajemen data customer, supplier, work order, transaksi penjualan, estimasi biaya, layanan service, layanan cuci steam, layanan body repair, layanan variasi, penentuan harga layanan untuk umum dan corporate, history customer, pembelian, retur pembelian, inventory, data utang, data piutang, data stok, input jurnal, transaksi kas/bank, serta laporan lainya memakai E-Bengkel yang didukung oleh telkomspeedy
Bahkan setiap kecamatan pun sekarang sudah memiliki teknologi hotspot yang diperuntukkan gratis bagi masyarakat desa yang ingin memakai internet.
Bahkan seorang petani yang setiap hari di sawah pun sekarang bisa melakukan transaksi bibit, pupuk, dan obat-obat insektisida dan pestisida melaui internet yang didukung oleh speedy flash.
Mari kita jadikan tahun 2012 ini menjadi tahun dunia maya, resolusi juara bersama kecanggihan Telkom Speedy. Cah Ndueso pun tidak lagi buta internet.
Bahkan setiap kecamatan pun sekarang sudah memiliki teknologi hotspot yang diperuntukkan gratis bagi masyarakat desa yang ingin memakai internet.
Bahkan seorang petani yang setiap hari di sawah pun sekarang bisa melakukan transaksi bibit, pupuk, dan obat-obat insektisida dan pestisida melaui internet yang didukung oleh speedy flash.
Mari kita jadikan tahun 2012 ini menjadi tahun dunia maya, resolusi juara bersama kecanggihan Telkom Speedy. Cah Ndueso pun tidak lagi buta internet.
Kamis, 08 Desember 2011
Bahaya Rokok
Merokok dapat menyebabkan kanker
Tonggoku terkena kanker payudara, tapi seumur hidupe gak pernah ngemut rokok.
Serangan jantung
Jare menteri kesehatan penyebab utama serangan jantung bukan rokok tapi Hipertensi,darah tinggi lan kelebihan kolesterol, sedangkan neng wikipedia merokok ono ing urutan ke lima resiko serangan jantung, ngonoae tanpa keterangan sing jelas.
Impotensi
Mbah Warsito umure 85 taon,perokok berat, minimal sebungkus mbendino,anak'e 7, putune 15.
Gangguan kehamilan dan janin
Pirang persen jumlahe wanita didunia? pirang persen seng hamil? pirang persen sing ngrokok? hanya 0,01% wanita hamil merokok sing mengalami gangguan kehamilan dan janin ngonoae ora kabeh penyebape mergo rokok.
PERINGATAN PEMERINTAH: MEROKOK DAPAT MENYEBABKAN KANKER, SERANGAN JANTUNG, IMPOTENSI, DAN GANGGUAN KEHAMILAN DAN JANINTonggoku terkena kanker payudara, tapi seumur hidupe gak pernah ngemut rokok.
Serangan jantung
Jare menteri kesehatan penyebab utama serangan jantung bukan rokok tapi Hipertensi,darah tinggi lan kelebihan kolesterol, sedangkan neng wikipedia merokok ono ing urutan ke lima resiko serangan jantung, ngonoae tanpa keterangan sing jelas.
Impotensi
Mbah Warsito umure 85 taon,perokok berat, minimal sebungkus mbendino,anak'e 7, putune 15.
Gangguan kehamilan dan janin
Pirang persen jumlahe wanita didunia? pirang persen seng hamil? pirang persen sing ngrokok? hanya 0,01% wanita hamil merokok sing mengalami gangguan kehamilan dan janin ngonoae ora kabeh penyebape mergo rokok.
Sopo sing diperingatkan?
perokok
Nyapo diperingatkan?
agar tidak merokok lagi
Nyapo sing dilarang adalah perokok?
agar masyarakat sehat
kok dudu pabrik rokok sing dilarang memproduksi?
karena pemasukan pendapatan negara terbesar dari pajak rokok, menyumbang kan sekitar Rp 52triliun melaui pajak dan cukai rokok
Artine jika wong indonesia kabeh berhenti merokok ndahati miskine negara iki, bangkrutlah perusahaan yang bernama Pemerintah Indonesia.
Merokok Haram
Maka wong Indonesia bakal memecahkan rekor neraka dadi penghuni terbanyak karena merokok.
Tips kesehatan
Sering olah raga, teratur mengkonsumsi makanan alami dan obat herbal, hindari sing mengandung bahan kimia. Rokok asale songko mbako lan cengkeh, kurang alami piye? kurang herbal piye? fakta membuktikan cengkeh dapat menetralisir nikotin pada tembakau.
Tidak merokok berarti tidak sehat
Dokter melarang penderita jantung agar tidak merokok, mongko berbahagialah jika sampean merokok mergo sampean termasuk orang yang sehat karena tidak dilarang dokter berhenti merokok. jadi, jika merorok ojo lali ngangge ceng yo keh..
Perokok pasif 6 kali lipat bahayanya dibandingkan perokok aktif
Perokok pasif iku wong sing menghirup asap rokok tapi gak ngrokok. maka marilah kita terus merokok mergo sing gak merokok malah luweh bahaya 6 kali lipat Lho....
Hidup petani tembakau....!!!! Hidup tembakau Kaponan....!!!!
Mari kita terus tanam tembakau jangan berhenti menanam agar pabrik tetep memproduksi rokok, agar pemerintah tetep mendapat pajak terbesarnya untuk membayari seluruh Pegawai negri di indonesia, Guru, TNI, Polisi dan semua jaranjaran eh jajaran pemerintah liyane....
Jumat, 02 Desember 2011
Khutbah Jum'at
Di sebuah desa sing roto-roto masyarakate petani sing lumayan sengsoro lan rekoso, di sebuah masjid di tengah desa sing cukup megah dengan kepengurusan takmir sing lumayan modern tapi masyarakat masih kental dengan keutunannya, jum'at iki yo koyo jum'at biasane jama'ah yo mung warga desa iku-iku wae roto-roto sarung lencu klambi lusek songkok ireng kemerah-merahan dimakan usia.
Tapi ono sing bedo jum'at kali ini, Imame bon-bonan, nyewa ustad dari luar kota dikon dadi khotib ngisi khutbah jum'ah. Yo mung takmir sing bangga dengan kehadiran sang ustadz, maklum bayarane lumayan ngoreti kotak amal mesjid. sedangkan bagi warga yoiku para jama'ah jum'at sing hadir gak ono bedane, tetep wae gak peduli, akeh sing theklak-thekluk naliko khutbah dimulai, ngantuk, malah ono sing terang terangan turu' dengan melodi indah suara dengkur yang halus mendesir, bisa dimaklumi asal tidak memproduksi aqua.
Alhamdulilah sek ono sing peduli untuk ngrungokne sang ustad sewaan berkhutbah, khutbah dengan bahasa indonesia yang baik dan benar padahal sing dikhutbahi iku masyarakat ndeso, utun, sing biasa dengan kata misuh, ditengah khutbahnya sang ustad menyapa jama'ah, "Para hadirin jama'ah jum'ah yang berbahagia....."
Seorang jama'ah yang lumayan menyimak memaki dalam hati," Berbahagia ndiasmu kui, tanduran podo mati gak ono sing panen kok berbahagia"
Beberapa saat kemudian sang ustad berkata... "Kaum muslimin yang dimulyakan Alloh, kita itu harus selalu bersabar..."
Jama'ah laen sing gak turu yo nggrundel dalam hatine, "Bersabar dengkulmu kui, sengsorone urip koyo ngene mbatek ae kon sabar..."
Sang ustad melanjutkan khutbahnya, " mari kita perbanyak sedekah..."
Jamaah liyane maneh yo misoh-misoh dalam hati, "Sedekah cocotmu kui, utang gak lunas-lunas, anak wayae mbayar sekolah gak ndue duit kok malah kon sedekah, awak iki kudune disedekahi ora kok malah dikongkon sedekah ki piye to..."
Sing luweh parah ono sing ngrogoh hape banjur apdet status facebook...
Tapi ono sing bedo jum'at kali ini, Imame bon-bonan, nyewa ustad dari luar kota dikon dadi khotib ngisi khutbah jum'ah. Yo mung takmir sing bangga dengan kehadiran sang ustadz, maklum bayarane lumayan ngoreti kotak amal mesjid. sedangkan bagi warga yoiku para jama'ah jum'at sing hadir gak ono bedane, tetep wae gak peduli, akeh sing theklak-thekluk naliko khutbah dimulai, ngantuk, malah ono sing terang terangan turu' dengan melodi indah suara dengkur yang halus mendesir, bisa dimaklumi asal tidak memproduksi aqua.
Alhamdulilah sek ono sing peduli untuk ngrungokne sang ustad sewaan berkhutbah, khutbah dengan bahasa indonesia yang baik dan benar padahal sing dikhutbahi iku masyarakat ndeso, utun, sing biasa dengan kata misuh, ditengah khutbahnya sang ustad menyapa jama'ah, "Para hadirin jama'ah jum'ah yang berbahagia....."
Seorang jama'ah yang lumayan menyimak memaki dalam hati," Berbahagia ndiasmu kui, tanduran podo mati gak ono sing panen kok berbahagia"
Beberapa saat kemudian sang ustad berkata... "Kaum muslimin yang dimulyakan Alloh, kita itu harus selalu bersabar..."
Jama'ah laen sing gak turu yo nggrundel dalam hatine, "Bersabar dengkulmu kui, sengsorone urip koyo ngene mbatek ae kon sabar..."
Sang ustad melanjutkan khutbahnya, " mari kita perbanyak sedekah..."
Jamaah liyane maneh yo misoh-misoh dalam hati, "Sedekah cocotmu kui, utang gak lunas-lunas, anak wayae mbayar sekolah gak ndue duit kok malah kon sedekah, awak iki kudune disedekahi ora kok malah dikongkon sedekah ki piye to..."
Sing luweh parah ono sing ngrogoh hape banjur apdet status facebook...