Jumat, 28 Oktober 2011

JLEB! Contest : Opoooo iki...?

Menurut kamusku "JLEB!" iku singkatan songko "Jangan LEbay Bro!", hahaha...mekso, Lebay iku nek nang nggonku artine kemayu, kemayu iku nek wadon, nek lanang opo yo? kemalan palingo, halah takon-takon dewe disauri dewe. Lebih baik gendeng dari pada lebay, mangkane "JLEB!" Jangan lebaylah bro...

Danu Akbar sek pertama kaline iki numpak pesawat, Lebay banget kliwat gendenglah, Bocah iku budal bar subuh, jam 4 isuk wes ono nang bandara.

Keberangkatan pesawat terlambat mergo ono masalah, ternyata Si Danu iku mau salah lungguh kursine gak cocok karo nomer tikete, tapi nyang pramugari kon pindah ora gelem.

"ya ndak bissa, wong saya antre dari jam 4 subuh kok disuruh di belakang, ya ndak maau saya."

Dibujuk koyo ngopo wae wiz gak iso maneh, akhire pramugari lapor keamanan, gampang wae ternyata, keamanan maeng takon, "Mas mau kemana?". "ke Surabaya", jawab Si Danu. "Lho disini jurusan Medan mas, kalo ke Surabaya dibelakang" Danu Akbar langsung loncat mlayu nyang kursi belakang podo karo tiket'e.

Pesawat akhir'e terbang juga, Pramugari lewat disebelah Si Danu, mungkin dalam hatine mbatin,"Dasar wong gendeng". sial banget nasipe Pramugari, Si Danu iku maeng malah tanya, "Mbak ini Luna Maya ya?". Si Pramugari njawab sambil lalu, "Bukan".

Lewat maneh Pramugari yang sama, Danu Akbar takon maneh, "Luna Maya ya?"."Bukan" jawab Pramugari langsung pergi. Sampek peng telu Si Danu takon ngono mau maneh, akhire Pramugari sampek jengkel trus curhat nyang koncone,koncone menasehati jawaben wae iyo aku Luna Maya gitu wae beres.

Begitu lewat, Si Danu ternyata sek takon maneh "Mbak ini Luna Maya ya?". akhire Pramugari njawab "Iyaaa... kok tau?".

"Lho...kok ndak sama dengan yang di tipi?"

Semaput dech tu pramugari.

Crito iku mau mung fiktif, karanganku belaka, Aku pileh nama Danu Akbar iku yo mergo permintaane Danu Akbar dewe supoya aku menyertakan jeneng'e nang postingan blogku iki. awas nek nesu nang aku.

Aku paling demen Ikutan JLEB! Contest sing ora mensyaratkan bahasa ngene iki, jadi aku iso bebas berekspresi.
Selasa, 25 Oktober 2011

Bukti Tuhan Itu Ada

Bener menurut ilmu biologi nek semua anggota badan iki digerakne utowo diperintah otak, tapi otak gak iso memerintah jantung, Lha terus bergerak berhentine jantung sopo sing memerintah?

Iso nggak sampean mengatur pertumbuhan rambutmu, alis, brengos, jenggot lan jembutmu? isane mung merangsang kulit ngangge obat supoyo rambut tambah dowo dudu menumbuhkan rambute, isane mung ngerok brengos gak iso menghentikan pertumbuhane, seandainya pertumbuhane jembutmu sampek dawane sak meter piye jal?

Kloning? halaaaah...mung keminter, iso gak kloning nggae mripat papat? iso gak kloning nggae payudara nang boyok? bentuk lan tata letak'e anggota badan menungso iku wes ono sing Maha Mendesain wes diatur sedemikian rupa panggone, seandainya irungmu di desain ono ing bokong piye jal?

Nguyuh lan ngiseng iku kenikmatan hidup sing paling nikmat setelah Mangan ngombe turu lan kenthu, iso gak sampean njadwal nguyuh lan ngisengmu sedino peng limo misale. iso gak sampean nguyuh padahal ora kebelet nguyuh? iso gak sampean menahan nguyuh pas kebelet nguyuh? lha terus sopo sing menjadwal? otak gak iso menyuruh lan melarang sing jenenge ngiseng.

Jawabane kabeh iku mau yo mergo Tuhan itu ada, Lha nek sampean gak percoyo Gusti Alloh iku ono lha terus sopo sing ngatur koyo mengkono kabeh mau?

Sek ono akeh bukti liyane, tapi iku wae cukup ngge mbuktekne yen Gusti iku ono, kabeh iku mau yen jare Kifayatul Awam arane ayat kauniyah.
Kamis, 06 Oktober 2011

Filsafat Kehidupan

Turu biso angler alias tidur nyenyak iku dudu kerono kasure springbed utowo kerono kamarae ase, ananging angler'e turu iku kerono nduwe roso ngantuk, senajan to amben galar lemek'an kloso yen nduwe roso ngantuk turu mesthi biso nikmat.

Mangan enak sampek kewareken iku dudu kerono opo sing tok pangan ugo dudu kerono panganan mahal tur mewah, ananging biso mangan enak iku amergo nduwe roso luwe, senajan to sego thiwul jangane blendrang yen luwe mesthi biso ngrasakne nikmate mangan.

Bojo yo semono ugo, senajan elek lan pesek yen jenenge cinta lan sayang tur rindu selalu menggebu bojo yo gampang wae metengan, rupo lan werno iku kan bungkuse njobo, tapi sejatine nikmat kan ono ing kempitane.

Mulo filasafat kenikmatan hidup ing dunia iki hakekate ono ing telung perkoro iku mau, yoiku mangan, turu lan kenthu.