Sabtu, 30 April 2011

Ngacarani Budhaling Layon

Saat ada orang meninggal dunia di kampung bisa saja terjadi suatu keadaan yang agak sulit, yaitu kekurangan orang yang akan bicara di depan umum saat pemberangkatan jenazah. Untuk solusinya bisa seseorang tampil dengan mendobel beberapa peran, sebagai MC, sebagai wakil keluarga dan sekaligus juga pemberangkat jenazah. Berikut adalah sebuah contoh (lebih pas jika yang melakukannya seorang ustadz, santri, atau modin).
Dhuhkita wara (= pengumuman kematian lewat pengeras suara):
Assalamu'alaikum wr.wb.
Innalillahi wainna ilaihi roji'un x3
Ngaturi priksa dhumateng para warga masyarakat Dhusun ............... samudayanipun, bilih Mbah PaijoDikromo kapundhut wonten ngarsa dalem Allah SWT kalawau, watawis tabuh 2 dalu, wonten ing dalemipun ing ................. Mugi-mugi sedanipun kalebet khusnul khotimah, pikantuk maghfirah saking ngarsa dalem allah SWT saha katampi sedaya amal kesaenanipun. Kula amabali malih, ngaturi priksa dhumateng para warga masyarakat Dhusun ............... samudayanipun, bilih "Mbah PaijoDikromo" kapundhut wonten ngarsa dalem Allah SWT kalawau, watawis tabuh 2 dalu, wonten ing dalemipun ing ................. Mugi-mugi sedanipun kalebet khusnul khotimah, pikantuk maghfirah saking ngarsa dalem allah SWT, saha katampi sedaya amal kesaenanipun. Allahumma amin. Mekaten, wonten kalepatan lan kekirangan nyuwun pangapunten, wassalamu'alaikum wr.wb.

Kemudian saat mau dishalatkan diumumkan kepada hadirin:
Nuwun, para rawuh para takziyah ingkang kinurmatan, keparenga atur uninga bilih shalat jenazah ingkang kaping ......... tumunten badhe ingadanan. Minangka imam badhe kasuwunaken dhumateng panjenenganipun ............................. Ingkang menika katur dhumateng para-para ingkang kepareng badhe nyolataken kula sumanggaaken. Nuwun.
======
Agunging panuwun kula aturaken dhumateng para takziyin ingkang sampun kepareng nyolataken jenazahipun almarhum ..............
Salajengipun shalat jenazah ingkang kaping ............ tumunten badhe ingadanan. Minangka imam badhe kasuwunaken dhumateng panjenenganipun ................................... Ingkang menika katur dhumateng para-para ingkang kepareng badhe nyolataken kula sumanggaaken. Nuwun.
======
Agunging panuwun kula aturaken dhumateng para takziyin ingkang sampun kepareng nyolataken jenazahipun alamarhum ..............
Salajengipun katur dhumateng para rawuh mungazziyin-mungazziyat kasuwun keparenga makempal wonten latar awit jenazah sampun badhe kaangkataken. Nuwun. Nuwun. Matur nuwun.
*)Bandhosa isi jenazah kawedalaken lan kaselehaken wonten palataran papan upacara saha dipun payungi. Panatacara ngacarani lan mbidhalaken jenazah.

Assalamu'alaikum wr.wb.
Bismillaahirrahmanirrahiim.
(ayat)

Panjenenganipun para pinisepuh, saha para sesepuh ingkang tansah anggung mestuti dhumateng pepoyaning kautamen, ingkang dhahat pinundhi. Panjenenganipun para kadang wredha-mudha saha sanggyaning para asung bela sungkawa bela raos ingkang mahambeg ing tresna lan asih.
Sugeng rawuh, wilujeng enjing/siang/sonten, lan sugeng pepanggihan.

Langkung rumiyin mangga kula panjenengan sedaya ngluhuraken asmanipun Gusti Ingkang Maha Agung, Allah SWT, ngonjukaken raos syukur, karana sih rohmat lan barokahipun ingkang sampun kaparingaken dhumateng panjenengan sedaya dalasan kula, sahengga wonten menika wekdal kula panjenengan sedaya saged makempal wonten menika papan kanthi pinaringan kawilujengan tuwin karaharjan, mboten manggih alangan setunggal menapa. Pramila saking menika sumangga nuwun kula dherekaken sesarengan maos kalimah tahmid 'alhamdulillahirobbil'alamin.'
Shalawat lan salam mugi tansah lumintu lumintir dhumateng titah linangkung ingkang dados panutan patuladhan kula panjenengan sedaya, nenggih Sang Nabi Agung Muhammad SAW ingkang kula panjenengan antu-antu syafangatipun wonten yaumil qiyamah. Allahumma amin.

Para rawuh, saha sanggyaning para asung bela sungkawa bela raos ingkang mahambeg ing tresna lan asih.
Keparenga kula pun ..................................... cumanthaka ing budi, labet awrat ngemban dhawuh saking panjenenganipun ................................... ingkang ing titi kalenggahan menika katemben nandhang reribet, nuwun inggih tinilar: ing garwa / ingkang putra / tiyang sepuh / kadang sepuh / kadang anem, sumurud ing kasedan jati, tinimbalan sowan dhumateng pangayunaning Gusti Ingkang Maha Kuwaos.
Inna lillahi wainna ilaihi roji'uun. x3
Sampun murud ing kasedan jati ing dalem yuswa .......... tahun, swargi ..................................... rikala dinten ........................ surya kaping .............................. watawis tabuh ......................... wonten ing ................................. awit saking nandhang raga.

Ingkang menika gandheng pangruktining layon sampun paripurna, pramila badhe dipun wonteni tata upacara sawetawis, nuwun inggih tata upacara badhe bidhaling layon.

Panjenenganipun para asung bela sungkawa ingkang tansah sinuba sagunging pakurmatan, kakung miwah putri.
Sejatosipun sampun mboten kirang-kirang kulawarga panjenenganipun ............................... anggenipun mbudidaya, anggenipun pados usada murih swargi ................................ saged waluya jati, jati temah waluya, parandene kridhaning ati tan bisa ngungkuli dhumawahing kodrat, sanadyan digedhongana, dikuncenana tumekaning pepesthi mangsa wurunga, awit mujudaken garising Kang Maha Kuwasa.

Para rawuh para takziyyah ingkang kinurmatan. Kula ing ngriki minangkani sesulih saking kulawarga ingkang nembe nandhang dhuhkita, ngaturaken sugeng rawuh saha atur panuwun ingkang tanpa upami, awit panjenengan sedaya sampun kersa nglonggaraken wekdal, saperlu rawuh asung bela sungkawa, sarta paring pakurmatan ingkang pungkasan dhumateng sedanipun ....................................
Ugi mboten kesupen ngaturaken panuwun dhumateng sanak sedherek, tangga tepalih sarta kadang sumitra ingkang sampun paring pambiyantu ingkang awujud menapa kemawon, ingkang sedaya menika sinedya kangge hangenthengaken sedaya panandhangipun kulawarga ................................. ingkang nembe nandhang prihatos. Sedaya kalawau, kulawarga ............................... mboten saged atur piwales menapa-menapa, sagedipun namung nyenyuwun wonten ngarsanipun Allah SWT, mugi sedaya amal kautamen panjenengan sedaya pikantuka leliru sih nugrahaning Gusti ingkang matikel-tikel. Allahumma amin.
Sanget ing panyuwunipun brayat agung ................................ ingkang tinilar murud, mugi sanggyaning para asung bela raos, keparenga kanthi suka lilaning penggalih paring donga pamuji, mugi-mugi yitmanipun almarhum/almarhumah ................................ tansah padhang dalane, jembar kubure, lepas parane, ingapunten kalepatanipun dhuk rikala sugengipun, pinaringan papan ingkang sakmesthinipun, jumbuh kalayan darma bektinipun rikala sugeng ing alam sawegung.
Saha mugi sedaya kulawarga ingkang tinilar sageda ikhlas lair batos, pinaringan sabar narimah ing pepesthen, enggal kabirat sedaya raos sungkawanipun, saengga saged enggal wangsul lelumban ing madyaning bebrayan agung netepi darmaning agesang. Allahumma amin.

Salajengipun, mbokbilih nalika sugengipun, almarhum/almarhumah ............................... nggadhahi kalepatan dhumateng panjenengan sedaya, mugi panjenengan sedaya kersa kanthi tulus ikhlas paring pangapunten dhumateng sedaya kalepatanipun. Ugi mbok bilih almarhum/almarhumah ................................... kagungan tanggelan menapa kemawon ingkang arupi haq Adam dhumateng sinten kemawon saking panjenengan sedaya, kersaa panjenengan sesambetan kaliyan kulawarga ingkang tinilar. Saha minangkani kulawarga, keparenga atur pamriksa dhumateng para rawuh mungazziyin mungazziyat samudayanipun, bilih mangke dalu dumugi malem pitung dintenipun, kados padatan, badhe pun wontenaken tahlilan, dedonga dhedhepe wonten ngarsa dalem Allah SWT, nyuwunaken pamuji dhumateng almarhum/almarhumah. Ingkang menika katur dhumateng para-para ingkang kepareng badhe rawuh ndherek bela raos, kasumanggaaken, wondene wekdalipun nuwun inggih bakda maghrib / bakda isya.

Panjenenganipun para pinisepuh, para sesepuh ingkang satuhu pana dhumateng wewadining wedha palupi, menapadene sanggyaning para asung bela sungkawa bela raos ingkang tansah sengsem ing reh kautamen.
Kados ingkang dipun ngendikaaken Kanjeng Nabi Muhammad SAW, bilih kafaa bil mauti wa’iizhaa, cukup mati iku dadi pitutur. Pramila sumangga nuwun, kula dherekaken sesarengan ngalap pitutur saking prastawa menika kanthi midhangetaken taushiyah. Ingkang menika katur dhumateng panjenenganipun ................................ keparenga paring taushiyah sawetawis, sumangga nuwun.
==================( taushiyah )===========
Matur nuwun,
Salajengipun sumangga kula panjenengan sedaya ndonga sesarengan, saperlu nyuwunaken pamuji dhumateng ingkang sampun sumurud. Minangka imam kasuwunaken dhumateng panjenenganipun ................................... Sumangga.
==================( donga )=============
Matur nuwun,
Para pambela sungkawa ingkang satuhu pantes sinudarsana, kakung miwah putri, angkating layon tumuli badhe ingadanan, ingkang menika katur panjenenganipun para kadang ingkang kepareng badhe manggul bandhosa keparenga siaga ing gati samapta ing dhiri. Sumangga.
==========(bandhosa dipun panggul)===========
Salajengipun katur para putra wayah menapadene kulawarga ingkang tinilar, menawi badhe netepi adat tlusupan utawi brobosan, kasumanggaaken.
Dhumateng ..................................... kasuwun mratitisaken para putra wayah lan kulawarga anggenipun sami netepi adat tlusupan menika. Sumangga, nuwun.
====(brobosan)========Kridhaning ati tan bisa ngungkuli garising pepesthi, lekasing sedya tama kawula tan bisa ngungkuli kersaning Kang Maha Kuwasa.===============

Para rawuh, mungazziyin-mungazziyat ingkang mahambeg ing tresna lan asih, ing salajengipun, keparenga panjenengan sedaya paring paseksen menggah jenazah menika, Sae napa awon..........!!!!!!!!!!..... Awon napa sae..........!!!!!!!!!!!!!!!!...... awon napa sae...........!!!!!!!!!!!!!!!!!!!......
Matur nuwun. Lampahing tata upacara bidhaling layon sampun paripurna, wondene layon tumuli badhe kapetak lan kasarekaken ing Makam .......................................
Sru ing panyuwunipun kulawarga panandhang dhuhkita, mbokbilih para asung bela sungkawa lan bela raos mboten wonten pambengan, kasuwun keparenga ndherekaken bidhaling layon ngantos dumugi ing paleremanipun ................................... swargi ingkang pungkasan, nuwun inggih ing Makam .......................................
Wondene wonten pakaryan wigati ingkang mboten saged tinilar, kula minangka sesulih saking para kulawarga panandhang dhuhkita, namung saged ngaturaken panuwun lan sugeng kondur.

Dene kula pribadhi ingkang tinanggenah minangka talanging atur, ingkang lajeng trunyak-trunyuk tilar tata-akrami, tilar subasita miwah kithaling basa, sedaya kalawau inggih awit saking kiranging seserepan kula, keparenga sanggya para rawuh ambedhah tambaking samodra pangaksami.
Ing wasana, billahittaufiq walhidayah.
Wassalamua'laikum wr.wb.

Alfatihah --(ingkang manggul bandhosa njangkah setunggal jangkah)
Alfatihah --(ingkang manggul bandhosa njangkah setunggal jangkah)
Alfatihah --(ingkang manggul bandhosa njangkah setunggal jangkah)
bidhal dhateng makam
laailaha illallah, laailaha illallah, laailaha illallah, Muhammadurrasulullah
Jumat, 29 April 2011

Gendhing Temanten

Upacara wiwahan temanten limrahipun dipun iringi gendhing ingkang sampun 'baku'. Mboten kenging 'sak-sake', menawi klentu milih gendhing saget dipun wastani lepat dening tiyang kathah. Gendhing pangiring ing pahargyan temanten limrahipun mekaten:
  • Tamu rawuh : uyon-uyon
  • Temanten putri kalenggahaken : Ketawang Sekarteja utawi Ketawang Puspawarna.
  • Temanten kakung prapta : Kebo Giro
  • Upacara Panggih : Kodhok Ngorek katerasaken Ketawang Larasmaya
  • Sungkeman : Ketawang Rujit
  • "Kirab" jengkar saking sasana rinengga : Langen Gita Sri Narendra
  • Sumene : ~bebas
  • "Kirab" saking panti busana manjing sasana pahargyan : Subakastawa
  • Bedholan : Ladrang Gleyong
  • Upacara Tali Darma: penganten manjing pahargyan: Ladrang Wilujeng / Kebo Giro, upacara adat: Kodhok Ngorek, sungkeman: Ketawang Rujit.
Tips praktis :
Murih praktis gendhing ingkang arupi format VCD wonten pasaran saged dipun konversi dados MP3 lajeng dipun simpen wonten MP3player, utawi hape kanthi urut, sae malih wonten laptop/netbook, menawi sakmaos-maos kangge kantun nyambung kaliyan amplifier. Ingkang dados juru panata pitaswara dados langkung gampil.
Cathetan pepenget: wonten blog menika tembung kirab dipun serat mawi tandha petik "kirab" awit saestunipun tuladha ingkang kaserat wonten blog menika, temanten namung dhawah tiru-tiru kirab. Menawi kirab kedahipun tiyangipun kathah, wonten subamanggala, satriya kembar, putri dhomas, lsp. Ananging isi blog menika kagem ingkang namung pahargyan prasaja kemawon, mirungganipun kangge masyarakat kelas bawah, dados dhawahipun namung tiru-tiru. Nalika kirab inggih lajeng "kirab".

Srah Tinampen Temanten Kakung

Pada saat pengantin akan diPANGGIHkan terlebih dahulu pengantin prianya dipasrahkan melalui sebuah pidato singkat dan kemudian dilanjutkan pidato penerimaan. Rangkaian acara ini disebut Srah Tinampen Temanten Kakung. Lebih afdol lagi jika dilaksanakannya sebelum IJAB jika antara ijab dengan panggih itu menjadi acara yang berurutan. Tetapi hal demikian sulit bagi orang awam karena jadwal waktu penghulu dengan tamu yang hadir biasanya tidak sinkron. Di daerah saya Srah Tinampen Temanten Kakung saat akan panggih ini tidak lazim, tetapi sepertinya telah menjadi tatacara standar di daerah lain maupun dalam pengajaran ke-panatacara-an. Berikut ini adalah contohnya.

PASRAH

Assalamu'alaikum wr.wb.
Nuwun, para pinisepuh, para sesepuh saha para aji sepuh ingkang dhahat kinurmatan, miwah sanggyaning para tamu para pilenggah ingkang minulyeng budi. Keparenga langkung rumiyin kula ngonjukaken puji syukur sahandhap pepadaning Gusti Ingkang Maha Agung, dene sampun paring kekiyatan saha kawilujengan dhumateng kula sakadang, saengga saged lumarab sowan wonten ngarsa panjenengan sedaya kanthi manggih wilujeng widada nir ing sambekala. Ingkang saking menika, kula ikroraken kanthi maos kalimah tahmid 'alhamdulillahirobbil'alamin'.
Panjenenganipun Bp ............................... ingkang jumeneng sulih sarira panjenenganipun Bp/Ibu ................................ ingkang tuhu kinurmatan. Kula pun ..................................... ingkang tinanggenah minangka talanging atur panjenenganipun Bp/Ibu ................................... nuwun inggih tiyang sepuhipun putra calon temanten kakung inggih Mas Bagus .................................... ingkang pidalem ing ......................................, keparenga matur wonten ngarsa panjenengan,
Ingkang sepisan, ngaturaken salam taklimipun Bp/Ibu ...................................... gotrah kulawarga, mugi kaaturna panjenenganipun Bp/Ibu ................................... dalasan kulawarga, kula ikroraken kanthi atur “assalamu'alaikum wr.wb.”
Kaping kalihipun, mirid rantamaning adicara ingkang sampun gumathok lan gumolong gilig ing antawisipun para ingkang samya mangun bebesanan, kula kinen amasrahaken putra calon pinanganten kakung nuwun inggih pun Mas Bagus .................................... ingkang sampun golong gilig ing gegelengan sumedya dhaup mangun bebrayan kaliyan ingkang putra putri Bp/Ibu ..................................... nuwun inggih pun Rara ................................... Ingkang menika sumangga nuwun, putra calon temanten kakung kula pasrahaken sakwetahipun, sumangga kaijabaken/kadhaupaken anut satataning tatacara ingkang lumampah ing ngriki, kinanthenan puja-puji pudyastuti, mugi tansah kalis ing rubeda, nir ing sambekala.
Minangka titining atur, kula sarombongan ingkang tinanggenah minangka dhuta, mbok bilih anggenipun sowan lan matur tanpa subasita lan tilar ing tata akrami, langkung-langkung atur kula ingkang cicir, cewet, cupet, lan kalucut, keparenga hangrentahaken samodraning pangaksami.
Akhirulkalam, Billahittaufiq walhidayah, wassalamu'alaikum wr.wb.

TAMPI

Assalamu'alaikum wr.wb.
Nuwun, panjenenganipun para sesepuh, para pinisepuh miwah sanggyaning para rawuh para lenggah ingkang dhahat sinudarsana. Langkung-langkung panjenenganipun Bp .......................................... ingkang kepareng hamakili panjenenganipun Bp/Ibu ................................ saking .......................................... ingkang tuhu kinurmatan.
Kanthi ngonjukaken puji syukur dhumateng Gusti Ingkang Maha Agung, kula pun ....................................... ingkang tinanggenah minangka sulih salira panjenenganipun Bp/Ibu ........................................ keparenga tumanggap atur menggah paring pangandikan pasrah calon temanten kakung kalawau.
Ingkang sepisan, kula minangkani Bp/Ibu .................................... sakulawarga ngaturaken pambagya sugeng ing sarawuh panjenengan ingkang dinuta minangka Dhuta Saraya Pasrah nuwun inggih Bp ................................... sapendherek, sinartan raos syukur ing ngarsaning Gusti, awit dene sampun ngeparengaken kula lan panjenengan pepanggihan kanthi bagas kuwarasan.
Kaping kalihipun, menggah salam taklim Bp/Ibu ...................................... lumantar panjenengan sampun katampi, kanthi dhawah sami-sami, kula ikroraken kanthi atur “'alaika wa'alaikum salam wr.wb.”
Wondene menggah keplasing sedya panjenengan amasrahaken putra calon temanten kakung nuwun inggih Mas Bagus ................................. , Bp/Ibu ........................................... sakulawarga nampi kanthi suka gumbiraning manah, dene mbokbilih samudayanipun sampun satata samapta, calon temanten kekalih tumunten badhe kaijabaken / kadhaupaken anut satataning rad pradatan ingkang lumampah.
Mawantu-wantu panyuwunipun Bp/Ibu .......................................... gotrah kulawarga, mugi panjenengan sarombongan keparenga andumugekaken anggenipun lelenggahan ngantos paripurnaning adicara menika, saha kasuwun keparenga paring berkah donga pangestu dhumateng ijab / dhaupipun putra temanten kekalih, sumrambah ing samudayanipun.
Ing wasana, mbokbilih anggen kula matur, anggen kula nampi, mboten andadosaken sarjuning penggalih, keparenga hangegungaken ing pangaksami.
Akhirulkalam, Billahittaufiq walhidayah, wassalamu'alaikum wr.wb.
Kamis, 28 April 2011

Atur Pambagyaharja Pahargyan Temanten

Di dalam pahargyan temanten harus ada Atur Pambagyaharja, yaitu pidato ucapan selamat datang kepada para tamu. Yang berkewajiban tentu saja sang tuan rumah (=pemangku gati), tetapi jika tidak bisa melakukannya sendiri maka haruslah berwakil. Orang yang dijadikan wakil ini biasanya yang sudah cukup dewasa, sudah tergolong pinisepuh dan tentu yang mampu bicara di depan umum. Saat menyampaikan pidato Pambagyaharja ini akan lebih afdol kalau tuan rumah (bapak ibu) berdiri di belakangnya. Berikut adalah contoh Atur Pambagyaharja, bisa disampaikan di tempat pengantin putri maupun tempat pengantin pria, tinggal memilih kalimat yang telah ditandai sesuai dengan keadaannya :

Assalamu'alaikum wr.wb.

(ayat)

Panjenenganipun para pepundhen, para pinisepuh, saha para sesepuh ingkang tansah anggung mestuti dhumateng pepoyaning kautamen. Langkung-langkung panjenenganipun Almukarrom ..................................... ingkang dhahat pinundhi. Panjenenganipun para ‘Alim, para 'Ulama, para Kyai, lan para Ustadz Ustadzah ingkang rinten dalu tansah sumandhing pustaka suci minangka panuntun keblating panembah, ingkang tansah kaantu-antu sabda miwah pitutur luhuripun. Panjenenganipun para pangreh pangemban pangembating praja, minangka pandam pandom pengayomaning para kawula dasih ingkang satuhu pantes sinudarsana. Panjenenganipun para rawuh, para pilenggah, kakung sumawana putri, saha para sanak kadang wredha mudha lan tumaruna, ingkang tansah winantu ing suka rahayu. Mboten kesupen, panjenenganipun para kadang pengombyong temanten kakung/putri saking ................................................ ingkang tuhu pantes sinuba sagunging pakurmatan.

Langkung rumiyin puja-puji syukur mugi konjuk dhumateng ngarsaning Gusti Ingkang Maha Agung, nuwun inggih Allah SWT, karana sih wilasa miwah barokahipun ingkang sampun kaparingaken dhumateng panjenengan sedaya lan kula sahengga wonten ing menika wekdal kula panjenengan saged makempal wonten menika papan kanthi pinaringan karaharjan, mboten manggih alangan setunggal menapa. Pramila saking menika kula ikroraken kanthi maos kalimah tahmid 'alhamdulillahirobbil'alamin.' Shalawat lan salam mugi tansah lumintu lumintir dhumateng titah linangkung ingkang dados panutan patuladhan kula panjenengan inggih Sang Nabi Agung Muhammad SAW ingkang kula panjenengan antu-antu syafangatipun wonten yaumil qiyamah. Allahumma amin.

Sagung para rawuh, para pilenggah ingkang sinuba sagunging pakurmatan, kakung miwah putri. Nuhoni dhawuh pangandikan saking panjenenganipun Bp/Ibu ................................... ingkang hamengku gati, kula pun ................................... lajeng kumawani nyahak wewenanging kamardhikan panjenengan sawetawis, saperlu ngaturaken prentuling parasdya menggah wigatosing pahargyan ing titi kalenggahan menika.

Purwakaning atur, Bp/Ibu ................................................. gotrah kulawarga ngaturaken pambagya wilujeng ing sarawuh panjenengan sedaya, kairing agunging panuwun ingkang tanpa upami, dene panjenengan sedaya sampun kepareng minangkani menapa ingkang dados panyuwunipun. Mugi-mugi rawuh panjenengan menika kalebetna amal soleh ingkang pikantuk piwales sih nugrahaning Gusti ingkang matikel-tikel. Allahumma amin.

Ing panginten, sanggya para rawuh sampun mboten ketilapan malih menggah ujubing pahargyan ing titi kalenggahan menika, nuwun inggih awit kadereng minangkani darmaning asepuh, amiwaha putra mahargya siwi ingkang :

* asesilih Rara Ayu .................................... ingkang sampun kadhaup dening Bagus .................................... putra panjenenganipun Bp/Ibu .....................................

* peparab Bagus .................................. ingkang sampun kalampahan dhaup kaliyan Rara Ayu ...................................... atmaja putrinipun Bp/Ibu ..........................................

ingkang pidalem ing ...........................................................

Para rawuh para pilenggah ingkang tuhu kinurmatan, keparenga atur uninga, bilih putra temanten sampun kaakid-nikahaken dhuk kalawau/kalawingi ( enjing/sonten/dalu *) , nuwun inggih dinten ........................... nyarengi surya kaping ........................................ titiwanci tabuh ....................... wekdal Nuswantara Imbang Pracima, kanthi satataning agami lan negari, kanthi sineksen dening para kadang, saha sanak sedherek, minggahipun para pinisepuh lan sesepuh, mapan wonten ing ....................................... kanthi manggih wilujeng tan manggih alangan setunggal menapa.

Para rawuh para pilenggah ingkang satuhu wicaksana, Bp/Ibu ........................................ gotrah kulawarga ngaturaken panuwun ingkang tanpa winates tumrap sedaya paring sumbangsih lan kadarman ingkang awujud menapa kemawon, langkung-langkung pambiyantunipun para warga RT ................ ngriki, ingkang sedaya kalawau tundhonipun saged adamel rancag, lancar, regeng lan gayeng pahargyan ing kalenggahan menika, langkung-langkung saged angentheng-enthengi sesanggemanipun ingkang hamengku gati. Ananging panjenenganipun Bp/Ibu ...................................... mboten kuwawi matur menapa-menapa. Panggrantesing manah ingkang konjuk dhumateng ngarsaning Gusti, mugi tansah paring leliru ingkang satraju dhumateng sih kadarman panjenengan menika wau, dhestun anglangkungana. Allahumma amin.

Para rawuh para pilenggah ingkang tansah sinuba sagunging pakurmatan, kakung miwah putri. Lugunipun kemawon sampun sawetawis dangu Bp/Ibu ......................................... anggenipun angrantam, angreronce, miwah anggantha-gantha pahargyan menika, ananging dhawahipun sarwa kirang pantes katur panjenengan sedaya. Ingkang menika, Bp/Ibu .............................................. sakulawarga namung saged nyuwun agunging samodra pangaksami. Ewa semanten, para ingkang samya mangun bebesanan tasih nyuwun ugungan malih, katur sanggya para rawuh mugi keparenga paring puja sesanti mulya tumrap putra temanten kekalih anggenipun sumedya lelumban ing madyaning bebrayan agung, mugi-mugi saged jumbuh ingkang ginayuh, sembada ingkang samya sinedya, tansah atut runtut, sayuk rukun, gendhon rukon, samad-sinamadan, wiwit kawitan dumugi delahan tansah manggih bagya mulya, dados kulawarga ingkang sakinah, mawaddah warohmah, tansah pikantuk berkah, pinaringan turun ingkang soleh solihah. Allahumma amin.

Para tamu para pilenggah kakung putri ingkang pantes sinudarsana, Bp ....................................... sakulawarga, lumantar kula tansah hanglenggana budi dayaning manungsa kirang sampurna, pramila mbokbilih anggenipun nampi karawuhan panjenengan sedaya, kirang ing tanggap, tangguh, lan gupuh, mugi diagung ing pangaksama. Mboten kekilapan, minangkani para kadang mudha taruna anggenipun sami nawung kridha aleladi wonten ngarsa panjenengan sedaya, mbokbilih wonten kiranging suba sita, lumantar kula tansah nyuwun agenging pangaksama panjenengan sedaya.

Para rawuh, para pilenggah ingkang satuhu luhuring budi, mawantu-wantu panyuwunipun Bp/Ibu ................................................ gotrah kulawarga, keparenga andumugekaken anggenipun samya lelenggahan ngantos dumugi titiwanci purnaning pahargyan ing siang/dalu menika.

Ing wasana, kula pribadhi ingkang tinanggenah minangka talanging atur lan sampun kumawani tilar subasita, cicir, cewet, lan cupeting atur keparenga diagung ing pangaksami.

Billahittaufiq walhidayah, wassalamu'alaikum wr.wb.

Atur Pasrah Penganten Kakung

Pada saat Pahargyan Temanten selalu ada pidato penyerahan mempelai pria. Pidato ini disebut Atur Pasrah Penganten Kakung. Umumnya sebelum diijabkan atau sebelum Panggih mempelai pria diserahkan kepada pihak keluarga mempelai putri untuk dilangsungkannya upacara. Tetapi di daerah saya adatnya lain. Penyerahan itu dilakukan setelah ijab, setelah panggih, jadi bukan diserahkan untuk diupacarakan, melainkan diserahkan untuk menjadi anggota keluarga yang baru. Mungkin dulu-dulunya pidato pasrah ini merupakan gabungan Atur Pasrah Penganten Kakung dengan Tanggap Wacana Kulawarga Besan, karena itu lebih panjang dari Atur Pasrah Penganten Kakung yang ada di daerah lain. Berikut adalah contohnya.

Assalamu'alaikum wr.wb.

( ayat )

Panjenenganipun ingkang dhahat kinabekten, para pepundhen, para pinisepuh, saha para sesepuh ingkang tansah anggung mestuti dhumateng darmaning kautamen. Langkung-langkung panjenenganipun Almukarrom ..................................... ingkang tuhu kinurmatan. Panjenenganipun para ‘Alim, para 'Ulama, para Kyai, para Ustadz Ustadzah ingkang rinten pantaraning ratri tansah sumandhing pustaka suci minangka panuntun keblating panembah ingkang hambeg pepoyaning kautaman. Panjenenganipun para pangreh pangemban pangembating praja minangka pandam pandom pengayomaning para kawula dasih ingkang satuhu pantes tinulad lan tinuladha. Sanggya para rawuh, para lenggah kakung miwah putri, sumrambah para kadang wredha mudha, ingkang tansah winengku ing suka rahayu. Mirungganipun, panjenenganipun Bp/Ibu ............(pemangku gati)............ gotrah kulawarga, saha sanggyaning bebrayan agung ing ..................(kampung).............. ngriki ingkang luhur ing budi. Wilujeng siang/dalu, sugeng pepanggihan, lan sugeng lelenggahan.

Langkung rumiyin puja-puji syukur mugi konjuk dhumateng ngarsa dalem Allah SWT, karana sih wilasa miwah barokahipun ingkang sampun kaparingaken dhumateng panjenengan sedaya lan kula sahengga wonten ing menika wekdal kula panjenengan sedaya saged makempal wonten menika papan kanthi pinaringan karaharjan mboten manggih alangan setunggal menapa. Pramila saking menika kula ikroraken kanthi maos kalimah tahmid 'alhamdulillahirobbil'alamin.' Shalawat lan salam mugi tansah lumintu lumintir dhumateng titah linangkung ingkang dados panutan patuladhan kula panjenengan nenggih Sang Nabi Agung Muhammad SAW ingkang kula panjenengan antu-antu syafangatipun wonten yaumil qiyamah. Allahumma amin.

Kula pun ............................. ingkang piniji minangka sulih wicara panjenenganipun Bp/Ibu .................................. nuwun inggih tiyang sepuhipun putra temanten kakung ingkang pidalem ing ............................................., keparenga matur dhumateng panjenenganipun Bp/Ibu ......(pemangku gati)........... dalah gotrah kulawarga,

Ingkang sepisan, kula sarombongan saking ......................................... sowan dhumateng panjenenganipun Bp/Ibu ......(pemangku gati)........... sagung kulawarga, kanthi niat silaturrahmi.

Kaping kalihipun, ngaturaken salam taklimipun Bp/Ibu ..................................... gotrah kulawarga, katur dhumateng panjenenganipun Bp/Ibu ......(pemangku gati)........... sagung kulawarga dalasan bebrayan agung ing ........(kampung).......... ngriki, saha sanggyaning para rawuh para pilenggah, kula ikroraken kanthi atur “assalamu'alaikum wr.wb.”

Kaping tiganipun, Bp/Ibu ................................. sakulawarga ngaturaken ndherek suka bingah, dene panjenenganipun Bp ......(pemangku gati)........... sampun saged ngleksanani darmaning asepuh, hanenggih malakrameaken ingkang putra kanthi pinaringan berkah pangestu lan langkung-langkung sineksen dening para pinisepuh. Kepara malah sampun nampi kula sarombongan kanthi pakurmatan ingkang ngremenaken, pramila saking menika kula sarombongan ngaturaken agunging panuwun.

Panjenenganipun Bp/Ibu ......(pemangku gati)........... dalasan kulawarga ingkang minulyeng budi, Bp/Ibu ............................ gotrah kulawarga, lumantar kula ngaturaken agunging panuwun, awit putra temanten sampun kaijabaken lan sampun sah anut satataning agami lan negari, menapadene kadhaupaken anut satataning adat ingkang lumampah ing ngriki, kepara kanthi sineksenan lan pinaringan berkah pangestu para pinisepuh lan sesepuh, pramila saking menika, putra temanten kakung, nuwun inggih .........(penganten kakung)........., kula pasrahaken dhumateng Bp/Ibu ......(pemangku gati)........... dalasan kulawarga, kinanthenan pangajab, mugi lare menika karengkuha kadidene putra pribadhi, kagulawenthah saha pamardi, sahengga sageda netepi jejering priya ingkang tanggel jawab dhumateng garwa lan bale wisma, saha bekti dhateng sesami, lan tansah atul manembah mring Gusti.

Ugi mboten kesupen, panjenenganipun Bp/Ibu ................................... gotrah kulawarga, amasrahaken putra temanten wonten kukubaning bebrayan agung ing ngriki, mugi tinampia dados warganing bebrayan ingkang pikantuk pengayoman saha pambiyantu sak murwatipun.

Kejawi saking menika, inggih awit saking kiranging seserepan putra temanten ing samukawis, keparenga ugi paring pitedah-pitedah, ingkang tundhonipun saged migunani anggenipun sami nindakaken darmaning agesang ing bebrayan agung, jer menika lare, lare ndhusun ingkang taksih bodho, cubluk lan mbalilu, mila katambahana menawi kirang, lan kaemutna menawi supe lan lepat, sahengga tundhonipun saged dados kulawarga ingkang sae, ingkang sakinah, mawaddah, warohmah, ingkang mugi tansah pikantuk berkah, lan pinaringan momongan ingkang soleh solihah. Allahumma amin.

Para rawuh para pilenggah ingkang mahambeg ing tresna lan asih, kados kirang wicaksana bilih kalantur-lantur anggen kula matur, labet kados taksih kathah reroncening adicara ing titi kalenggahan menika. Dene saparipurnaning adicara ing mangke, kula sarombongan keparenga badhe nyuwun pamit lan nyuwun tambahing pangestu, mugi tansah pinaringan kawilujengan, nir-baya, nir-wikara, nir-ing-sambekala.

Mboten katalompen, kula ingkang tinanggenah minangka talanging atur, menapadene para kadang sarombongan, mbokbilih anggenipun matur saha sowan mboten andadosaken pirenaning penggalih keparenga diagung ing pangaksami.

Akhirul kalam, Billahittaufiq walhidayah. Wassalamu'alaikum wr.wb.

Atur Pasrah Penganten Putri

Pada saat Pahargyan Ngundhuh Mantu, yaitu resepsi pernikahan di tempat pengantin pria, biasanya ada pidato penyerahan mempelai putri. Pidato ini disebut Atur Pasrah Penganten Putri. Biasanya orang tua mempelai putri berwakil kepada seseorang yang dipercayainya, sang wakil ini disebut Duta Saraya Pasrah yang merupakan tokoh penting di dalam rombongan pengiring mempelai putri (=pengombyong). Berikut adalah contoh Atur Pasrah Penganten Putri.

Assalamu'alaikum wr.wb.
( ayat )

Panjenenganipun ingkang dhahat kinabekten, para pepundhen, para pinisepuh, saha para sesepuh ingkang tansah anggung mestuti dhumateng darmaning kautamen. Langkung-langkung panjenenganipun Almukarrom ..................................... ingkang tuhu kinurmatan. Panjenenganipun para ‘Alim, para 'Ulama, para Kyai, para Ustadz Ustadzah ingkang rinten pantaraning ratri tansah sumandhing pustaka suci minangka panuntun keblating panembah ingkang hambeg pepoyaning kautaman. Panjenenganipun para pangreh pangemban pangembating praja minangka pandam pandom pengayomaning para kawula dasih ingkang satuhu pantes tinulad lan tinuladha. Sanggya para rawuh, para lenggah kakung miwah putri, sumrambah para kadang wredha mudha, ingkang tansah winengku ing suka rahayu. Mirungganipun, panjenenganipun Bp/Ibu ............(pemangku gati)............ gotrah kulawarga, saha sanggyaning bebrayan agung ing ..................(kampung).............. ngriki ingkang luhur ing budi.

Langkung rumiyin puja-puji syukur mugi konjuk dhumateng ngarsa dalem Allah SWT, karana sih wilasa miwah barokahipun ingkang sampun kaparingaken dhumateng panjenengan sedaya lan kula sahengga wonten ing menika wekdal kula panjenengan sedaya saged makempal wonten menika papan kanthi pinaringan karaharjan mboten manggih alangan setunggal menapa. Pramila saking menika kula ikroraken kanthi maos kalimah tahmid 'alhamdulillahirobbil'alamin.' Shalawat lan salam mugi tansah lumintu lumintir dhumateng titah linangkung ingkang dados panutan patuladhan kula panjenengan nenggih Sang Nabi Agung Muhammad SAW ingkang kula panjenengan antu-antu syafangatipun wonten yaumil qiyamah. Allahumma amin.

Sagung para rawuh, para pilenggah ingkang dhahat sinudarsana, kakung miwah putri. Minangkani pamundhutipun Bp/Ibu ....................................... nuwun inggih tiyang sepuhipun putra temanten putri ingkang pidalem ing ................................... , kula pun ........................................ ingkang piniji minangka sulih wicara, keparenga matur dhumateng panjenenganipun Bp/Ibu .......(pemangku gati)............ dalah gotrah kulawarga,
Ingkang sepisan, kula sarombongan saking .......................................... sowan dhumateng panjenenganipun Bp/Ibu .........(pemangku gati).............. sagung kulawarga, niat silaturrahmi.

Kaping kalihipun, ngaturaken salam taklimipun Bp/Ibu ........................................ dalah gotrah kulawarga, katur dhumateng panjenenganipun Bp/Ibu ............(pemangkugati)......... sagung kulawarga dalasan bebrayan agung ing .......(kampung)............ ngriki, saha sanggyaning para rawuh para pilenggah, kula ikroraken kanthi atur “Assalamu'alaikum wr.wb.”

Kaping tiganipun, Bp/Ibu .................................... ngaturaken ndherek suka bingah dene panjenenganipun Bp .......(pemangkugati)........ sagung kulawarga kepareng minahargya ngundhuh mantu kanthi pinaringan berkah pangestu lan langkung-langkung sineksen dening para pinisepuh. Kepara malah lajeng nampi kula sarombongan kanthi pakurmatan ingkang agung, pramila saking menika kula sarombongan ngaturaken maewu-ewu agunging panuwun.

Panjenenganipun Bp/Ibu ........(pemangkugati)......... dalasan kulawarga ingkang minulyeng budi, Bp/Ibu ............................. lumantar kula masrahaken putra temanten kekalih, inggih Mas Bagus ......................... kaliyan Rara ayu ........................ ingkang sampun kaakid-nikahaken dhuk kala~wau/wingi/emben, nuwun inggih dinten ........................, surya kaping ........................., wonten ing ................................ , kanthi raos suka lila legawaning manah, kula pasrahaken sakwetahipun, mugi kepareng katampi, kinanthenan pangajab mugi karengkuha kadidene putra pribadhi, kagulawenthah saha pamardi, sahengga ........(penganten putri).............. menika sagedta netepi jejering wanita ingkang tanggel jawab dhumateng garwa lan bale griya, saha bekti dhateng para pepundhen, lan tansah pasrah sumarah kanthi patrap pangibadah dhumateng ngarsaning Gusti.

Ugi mboten kesupen, panjenenganipun Bp/Ibu ....................................... amasrahaken putra temanten wonten kukubaning bebrayan agung ing ngriki, mugi tinampia dados warganing bebrayan ingkang pikantuk pengayoman saha pambiyantu sak murwatipun.

Kejawi saking menika, inggih awit saking kiranging seserepan putra temanten ing samukawis, keparenga ugi paring pitedah-pitedah, panyaruwe, lan panyendhu rikalaning kirang leres, ingkang tundhonipun saged migunani anggenipun sami nindakaken darmaning agesang ing bebrayan agung, jer menika lare, waleh-waleh menapa, inggih nuwun sewu, menika lare ndhusun, temtu kemawon kathah kekirangan ing seserepanipun, pramila mugi keparenga hangegungaken pangaksaminipun, keparenga sabar pamomongipun, sahengga tundhonipun saged dados kulawarga ingkang sakinah, mawaddah, warohmah, tansah pikantuk berkah, lan pinaringan momongan ingkang soleh solihah. Allahumma amin.

Panjenenganipun para rawuh ingkang mahambeg ing tresna lan asih, kados kirang wicaksana bilih kalantur-lantur anggen kula matur, labet taksih kathah reroncening adicara ing pahargyan menika. Dene saparipurnaning pahargyan ing mangke, kula sarombongan keparenga badhe nyuwun pamit lan nyuwun tambahing pangestu, mugi tansah pinaringan kawilujengan, nir-baya, nir-wikara, nir-ing-sambekala.

Mboten katalompen, kula ingkang tinanggenah minangka talanging atur, menapadene para kadang sarombongan, mbokbilih anggenipun matur saha sowan mboten andadosaken pirenaning penggalih, keparenga diagung ing pangaksami.

Akhirul kalam, billahittaufiq walhidayah.
Wassalamu'alaikum wr.wb.

Atur Panampi Temanten

Pada pahargyan temanten, setelah acara Pasrah Penganten selalu dilanjutkan dengan pidato penerimaan. Pidato ini disebut Panampi. Baik di tempat mempelai putri maupun di tempat mempelai pria (=ngundhuh mantu) pidato ini ada. Jika di daerah lain acara pasrah tampi temanten pria itu ada sebelum panggih, lain halnya di daerah saya, pasrah-tampi itu setelah panggih, karena itu pidato pasrah dan tampi temanten di tempat pengantin putri dan di tempat pengantin pria hampir tak ada bedanya.
Dalam praktek biasanya pidato ini dilakukan oleh sesepuh di kampung, karena itu sosok penyampai pidato panampi ini biasa identik dengan perangkat desa, misalnya Lurah atau Kadus, mungkin dulu-dulunya pidato ini merupakan gabungan dari Atur Panampi Temanten dengan Tanggap Wacana (=sambutan) Atasan tuan rumah. Berikut adalah sebuah contoh.

Assalamu'alaikum wr.wb.
( ayat )
Panjenenganipun ingkang kinabekten, para pinisepuh, saha para sesepuh ingkang tansah anggung mestuti dhumateng pepoyaning kautamen, ingkang dhahat pinundhi. Langkung-langkung panjenenganipun Almukarrom .............................. ingkang dhahat kinurmatan. Panjenenganipun para ‘Alim, para 'Ulama, para Kyai, lan para Ustadz ingkang tansah kaantu-antu berkah pendonga miwah pitutur luhuripun. Para pangreh pangemban pangembating praja minangka pangayomaning para kawula dasih ingkang satuhu pantes sinudarsana. Sumawana sanggyaning para rawuh, para pilenggah, kakung miwah putri, saha para sanak kadang wredha mudha, ingkang tansah winantu ing suka rahayu. Langkung-langkung panjenenganipun Bp ......(duta pasrah).......... ingkang minangka duta saraya pasrah temanten kakung/putri dalah para kadang pengombyong temanten saking .........(desa)............. ingkang pantes sinuba sagunging pakurmatan.
Langkung rumiyin kula ngonjukaken raos syukur wonten ngarsa dalem Allah SWT, karana sih wilasa miwah barokahipun ingkang sampun kaparingaken dhumateng panjenengan sedaya lan kula, sahengga wonten menika wekdal kula panjenengan saged makempal wonten menika papan kanthi pinaringan kawilujengan tuwin karaharjan mboten manggih alangan setunggal menapa. Pramila saking menika kula ikroraken kanthi maos kalimah tahmid 'alhamdulillahirobbil'alamin.'
Shalawat lan salam mugi tansah lumintu lumintir dhumateng titah linangkung ingkang dados pepanutaning ummat sejagat nenggih Sang Nabi Agung Muhammad SAW ingkang kula panjenengan antu-antu syafangatipun wonten yaumil qiyamah. Allahumma amin.
Sanggya para rawuh para adilenggah ingkang tansah winengku ing suka rahayu, kakung miwah putri.
Kula aminangkani Bp/Ibu .........(pemangkugati)............ keparenga tumanggap atur menggah atur pasrah panjenenganipun ...........(duta pasrah)............ ingkang sampun kepareng hamasrahaken putra temanten kakung/putri.
Ingkang sepisan, atas nami Bp/Ibu .........(pemangkugati)....... sakulawarga, kula ngaturaken sugeng rawuh lan agunging panuwun ing sarawuh panjenengan sarombongan, para pengombyong temanten kakung/putri saking ..........(desa).......... Mugi-mugi rawuh panjenengan punika dadosa lantaranipun tambahing pasedherekan antawisipun warga .............(jeneng desa)......... ngriki kaliyan ...........(jeneng desa)...............
Kaping kalihipun, menggah salam taklimipun Bp/Ibu ...........(besan)................. kula tampi , lan sak kosok-wangsulipun salam taklim saking Bp/Ibu ..........(pemangkugati)........... katur dhumateng Bp/Ibu ..............(besan)........ dalah gotrah kulawarga. Kula ikroraken kanthi atur “ 'Alaika wa'alaikum salam wr.wb.”
Salajengipun, keplasing sedya panjenengan amasrahaken putra temanten kakung/putri , Bp/Ibu .......(pemangkugati)............ sakulawarga nampi kanthi asta kalih lan kanthi suka gumbiraning manah, sinartan nyuwun wewahing pangestu, mugi-mugi para putra temanten menika sagedta dados pasangan ingkang sakinah, mawaddah, warohmah, bagya mulya, guyub rukun, atut runtut, ingkang mugi tansah pikantuk berkah, wiwit donya dumugi akhirat, enggal pinaringan momongan ingkang soleh solihah, migunani dhateng sesami, migunani dhateng agami lan negari saha tansah atul manembah mring Gusti.
Wondene menggah panggulawenthahing putra temanten menika sumangga sami-sami sesarengan, menawi pinuju wonten ngriki inggih saksaged-saged sakkuwaos kula sabrayat, lan menawi pinuju wonten ...........(jeneng desa).............. inggih semanten ugi sumangga kagulawenthah ingkang kados makaten.
Panjenenganipun para pengombyong temanten ingkang satuhu kinurmatan, mawantu-wantu panyuwunipun Bp/Ibu .........(pemangkugati).......... gotrah kulawarga, keparenga andumugekaken anggenipun samya lelenggahan ngantos dumugi titiwanci purnaning pahargyan ing siang/dalu menika kanthi mardu mardikaning penggalih, saha menawi wonten kekirangan saha kalepatan anggenipun Bp/Ibu .........(pemangkugati)........... sakulawarga nampi rawuh panjenengan keparenga hangluberaken samodraning pangaksami.
Wondene saparipurnaning pahargyan samangke panjenengan sarombongan kepareng badhe kondur, kula namung saged ngaturaken sugeng kondur, mugi rahayu ingkang tansah pinanggih dumugi ing dalem, nir-baya, nir-wikara, nir-ing-sambekala. Syukur-syukur samya kersa pinarak lan nyipeng wonten panggenan kula.
Ing wasana, kados kirang wicaksana menawi kula matur kathah-kathah, mbok bilih anggen kula matur, anggen kula nampi, mboten andadosaken sarjuning penggalih, kula pribadhi tansah nyuwun agunging sih samodra pangaksami.
Akhirulkalam, Billahittaufiq walhidayah. Wassalamu'alaikum wr.wb.

Lowongan Pekerjaan (Part III)

Syarat Pendaftaran :
  1. Pria/Wanita.
  2. Sudah mempunyai usia yang matang, kalo belum matang hendaknya di goreng lagi.
  3. Ijasah minimal punya.
  4. Sehat jas mani dan rok hani.
  5. Siap ditugaskan kemanapun dan ditempatkan di posisi apapun.
Adapun posisi yang lowong yang dapat dilamar adalah sebagai berikut :
  • Pegawai bagian telepon kecamatan kota di singkat "Pentel Kecakot"
  • Petugas instruksi pembantu puskesmas disingkat "Turuk Empuk"
  • Marketing produk dondong dan wortel disingkat "Manuk Dowo"
  • Bagian operasional pengetahuan ilmu dan teknologi disingkat "Bol Pitek"
*Surat lamaran dikirim melalui email ke : rizma_elbaqie@yahoo.co.id
*Cantumkan biodata anda selengkap-lengkapnya.
*Lihat juga Lowongan Pekerjaan yang lain di :

Atur Mukaddimah Akad Nikah

Akad nikah adalah acara inti dalam proses pernikahan. Di kampung umumnya acara akad nikah merupakan acara yang terpisah dari acara resepsi, di samping bisa lebih sesuai dengan jadwal penghulu juga bisa menghindarkan kekacauan acara pahargyan. Saat pengantin akan dinikahkan oleh penghulu (di rumah atau di serambi masjid) biasanya acara dibuka lebih dahulu. Seseorang mewakili tuan rumah bicara kepada hadirin menjelaskan tentang acara yang akan dilangsungkan. Pidato pembukaan ini disebut Mukaddimah Akad Nikah. Di daerah lain mungkin setelah mukaddimah ini ada Pasrah Tampi Temanten Kakung, tetapi di daerah saya lazimnya tidak, acara langsung diserahkan penghulu. Berikut adalah contohnya.

Assalamu'alaikum wr.wb.

( ayat )

Wonten ngarsanipun para pinisepuh, saha para sesepuh ingkang kinabekten, langkung-langkung panjenenganipun Bp Pengulu lan Bp Pembantu Petugas Pencatat Nikah ingkang pantes sinudarsana. Panjenenganipun para kadang - wredha mudha, saha para rawuh para pilenggah lan para kadang saking ...........(kampung manten kakung).......... ingkang tansah winantu ing suka rahayu.

Langkung rumiyin mangga kula panjenengan ngonjukaken raos syukur wonten ngarsa dalem Allah SWT, karana sih rohmat miwah barokahipun ingkang sampun kaparingaken dhumateng panjenengan sedaya lan kula sahengga wonten menika wekdal kula panjenengan sedaya saged makempal wonten menika papan kanthi pinaringan karaharjan mboten manggih alangan setunggal menapa. Pramila saking menika sumangga nuwun kula panjenengan ikroraken kanthi maos kalimah tahmid 'alhamdulillahirobbil'alamin.' Shalawat lan salam mugi tansah lumintu lumintir dhumateng titah linangkung ingkang dados panutan patuladhan kula panjenengan sedaya nenggih Sang Nabi Agung Muhammad SAW ingkang kula panjenengan antu-antu syafangatipun wonten yaumil qiyamah. Allahumma amin.

Para rawuh, para pilenggah ingkang tuhu kinurmatan, kakung miwah putri. Keparenga kula ing ngriki minangka talang atur kulawarga saking panjenenganipun Bp/Ibu ................................ ngaturaken mukaddimah menggah prastawa gati ing titi kalenggahan menika.

Ingkang sepisan Bp/Ibu ................................ sakulawarga ngaturaken pambagya: sugeng rawuh lan agunging panuwun dhumateng panjenengan sedaya , langkung-langkung dhateng panjenenganipun Bapak Pengulu. Sugeng rawuh, wilujeng enjing/siang/sonten/dalu lan sugeng pepanggihan.

Wondene menggah prastawa gati ingkang karantam ingadanan ing dinten menika nuwun inggih mbokbilih Allah SWT ngijabahi, ing dinten menika Bp/Ibu ............................... sakulawarga kagungan sedya luhur ngadani prastawa agung lan sakral, inggih menika amiwaha putra mahargya siwi ingkang asesilih Rara ................................, badhe kadhaup dening Mas ............................... putranipun Bp ................................. saking .........................................

Ingkang menika kasuwun panjenengan sedaya keparenga paring paseksen, paring idi donga berkah pangestu kanthi hangrawuhi lan hanjenengi dhumateng prastawa gati ingkang badhe ingadanan, nuwun inggih, ingkang sepisan Ijab utawi Akad-nikah menggah satataning agami lan negari ingkang samangke badhe kapratitisaken panjenenganipun Bapak Pengulu.

Dene ingkang angka kalih nuwun inggih mangke menawi para tamu lenggahan lan rombongan pengombyong temanten kakung saking ..................................... sampun rawuh lajeng badhe ingadanan upacara adat, putra temanten badhe kawiwaha dhaup kanthi upacara ingkang limrah kawastanan upacara PANGGIH lan badhe kapahargya kanthi pinaringan sabdatama dening panjenenganipun Bp Kyai ......................................

Mekaten menggah atur mukaddimah saking kulawarga, wonten kekirangan, kalepatan saha keladukipun, nyuwun agunging pangapunten.

Salajengipun wekdal kula sumanggaaken dhumateng panjenenganipun Bapak Pengulu.

Billahittaufiq walhidayah, wassalamu'alaikum wr.wb.

Selasa, 26 April 2011

Shalawat Al Barzanji

Salah satu kitab (buku bertulisan Arab) yang sangat populer di kampung adalah kitab Al Barzanji. Sebagai bacaan bisa dikatakan menempati urutan kedua setelah Al Qur'an, bacaan dalam arti seni baca, bukan membaca untuk mengerti isi. Ada kaidah tersendiri saat membacanya, ada ketrampilan tersendiri saat melantunkannya.

Membaca Barzanji punya irama tersendiri, berdendang melantunkan bait-bait prosa lirik dengan selingan-selingan nyanyian shalawat. Uraian lebih lanjut dapat dibaca di sini. Artikel tentang Barzanji di internet umumnya merupakan kritik pedas. Walau begitu kegiatan baca Barzanji (=berjanjen) tetap eksis tak pernah surut. Bulan Rabi'ulawal (Maulud) tanggal 1 sampai 12 merupakan saat-saat ramai orang baca Barzanji. Juga pada acara pengajian-pengajian selapanan biasa dimulai dengan baca Barzanji. Di setiap keluarga tiap kali ada bayi diberi nama (acara puputan) juga dibacakan Barzanji.

Orang-orang di kampung 'dituntut' untuk mampu membacanya, mendendangkannya. Dalam setiap kampung 'harus ada' yang mampu melakukannya karena merupakan bagian penting dalam upacara-upacara. Anak kampung yang tidak mampu membacanya akan dapat cemoohan, saru.

Di pihak lain ada juga yang mengkritik habis-habisan adat baca Barzanji ini, walau begitu pada saat punya bayi dan mengadakan acara puputan toh tunduk juga pada adat yang telah berlaku turun-temurun. Kalau puputan kok nggak mau baca Barzanji lantas mau apa? Bengong masyarakatnya tentu. Membaca Barzanji merupakan tatacara adat yang katakanlah semacam basa-basi, jika ditinggalkan bisa menjadi 'salah', rangkaian acara bisa kacau. Orang yang mengkritik biasanya pada masalah isi (makna) dan baru sebatas mengkritik, belum menyediakan tatacara penggantinya, sementara di kampung umumnya 99,9999% yang baca maupun yang mendengarkannya nggak ngerti isinya.

Ada beberapa macam Barzanji yang tersedia, Natsar, Diba', Syaraful Anam, Burdah, dsb. Yang paling populer di kampung saya adalah Natsar. Kalau yang baca pinter biasanya juga mengkombinasikannya dengan yang lain. Mampu baca Natsar saja di kampung saya sudah memadai, itupun tak harus semua 'attiril dibaca, karena kelamaan juga membosankan. Biasanya bacaan dimulai dengan dendang shalawat yang diambil dari Diba', kemudian dilanjutkan 'attiril pertama hingga srokal. Setelah srokal ini cenderung bebas, ada yang terus ditutup baca bagian Do'a, ada yang baca satu 'attiril terakhir terus Do'a, ada yang baca beberapa 'attiril baru Do'a. Yang baca keseluruhan mungkin hanya para mania barzanji saja. Sedang untuk bagian Do'a biasanya dibaca oleh yang dianggap pinisepuh. Kadang-kadang doanya juga tidak doa dalam kitab itu, alasannya 'kacamatanya ketinggalan'.

Mampu membaca Barzanji merupakan asset SDM di kampung yang berhubungan erat dengan kemampuan panatacara. Karena itu alangkah baiknya panatacara kampung juga mampu membaca Barzanji, setidak-tidaknya sebagai bagian kesenian yang sudah baku, kan tidak mungkin saat puputan bayi mengganti barzanjinya dengan nyanyi campursari ataupun dangdut.

Membaca Barzanji dapat menjadi alternatif dalam masyarakat, misalnya untuk mengumpulkan hadirin saat mau pengajian, bahkan pernah pula saya jumpai dalam pesta pernikahan. Sebuah keluarga yang tergolong kurang mampu, saat pernikahan, akad nikahnya dilangsungkan di KUA, setelah itu keluarga tsb masak-masak seperti mau kenduri, lalu para tetangga diundang untuk berjanjen (baca Barzanji), sebelum mulai disampaikanlah pidato singkat Pambagyaharja yang menyatakan bahwa sang anak telah menikah serta mohon doa restu, dan setelah selesai berjanjen disajikan makanan sekedarnya untuk walimahan.  Begitulah pahargyan temanten yang paling sederhana yang saya tahu.
Kamis, 14 April 2011

Semi Final Liga Champions 2011

Hasil Perempat Final Liga Champions 2011



Hadil dan Jadwal Semi Final Liga Champions 2011





Let's Go To Wembley

  • Kliken gambare ben tambah jelas !
Selasa, 12 April 2011

Atur Pambagya Puputan Bayi

Sudah menjadi adat di kampung (kampung saya) kalau ada bayi lahir biasa ada acara ngéndhong, setiap malam (bakda maghrib hingga bakda isya') tetangga sekitar berkumpul di rumah itu menemani tirakatan orang tua si bayi. Untuk lebih khidmat biasanya diadakan pembacaan kitab al Barzanji. Hal itu dilakukan hingga puputan yang umumnya pada malam ke tujuh atau kapan saja menurut keinginan tuan rumah.
Pada malam puputan itu diadakan pesta (kenduren), pesertanya diundang dan nantinya dijamu makan-makan dan dikasih brekat (makanan yang dibungkus besek atau kardus atau cething plastik). Pada malam itu si bayi diberi nama, diadakan pembacaan al Barzanji dan pada saat srokal rambut bayi dicukur. Setelah selesai berjanjen biasanya makan-makan, jika mampu aqiqah daging kambingnya dihidangkan pada saat itu.
Sebelum acara dimulai sudah tentu harus ada yang ngomong di depan hadirin dulu, biasanya tuan rumah minta tolong dengan berwakil kepada seseorang yang dipilih dan menyerahkan secarik kertas bertuliskan nama bayi serta tanggal lahirnya. Selanjutnya yang diminta tolong tersebut tampil, biasanya tetap dalam posisi duduk, lalu ngomong, misalnya begini:



Assalamualaikum wr.wb
( ayat )

Dhumateng panjenenganipun para sepuh, para sesepuh, saha para pinisepuh, ingkang tuhu kinurmatan,
panjenenganipun ........... ingkang pantes pinundhi,
panjenenganipun ........... ingkang kula mulyaaken,
panjenenganipun ........... ingkang kinurmatan,
miwah sedaya para rawuh para pilenggah, sepuh miwah anem, ingkang tansah winantu ing bagya mulya.
sugeng rawuh, wilujeng dalu, sugeng pepanggihan, lan sugeng lelenggahan.

Langkung rumiyin, mangga kula panjenengan ngonjukaken raos syukur dhumateng ngarsa dalem Allah SWT, karana sih rohmat tuwin barokahipun ingkang sampun kaparingaken dhumateng panjenengan sedaya lan kula, sahengga ing menika wekdal kula panjenengan sedaya saged makempal wonten menika papan kanthi pinaringan karaharjan lan kawilujengan, mboten manggih alangan setunggal menapa.
Pramila saking menika sumangga nuwun kula dherekaken sesarengan ngikroraken raos syukur menika kanthi sesarengan maos kalimah tahmid "alhamdulillahirobbil'alamin."
Shalawat lan salam mugi tansah lumintu lumintir dhumateng titah linangkung ingkang dados panutan patuladhan kula panjenengan sedaya, nuwun inggih Sang Nabi Agung Muhammad SAW ingkang kula panjenengan antu-antu syafa'atipun wonten yaumil qiyamah. Allahumma amin.

Hadlirin ingkang tuhu kinurmatan, keparenga ing ngriki kula sumela atur nggempil kamardhikan panjenengan sawetawis,
Ing ngriki kula minangkani kadang kula, nuwun inggih Bp............. gotrah kulawarga, keparengna matur menapa ingkang dados wigatosing gati ing titi kalenggahan menika.

Purwaning atur, Bp ............ dalasan kulawarga, ngaturaken sugeng rawuh dhumateng panjenengan sedaya, sinartan agunging panuwun ingkang tanpa upami, awit panjenengan sedaya sampun sami kepareng ndhanganaken penggalih saha nglonggaraken wekdal saperlu ngrawuhi menapa ingkang dados panyuwunipun. Mugi-mugi rawuh panjenengan sedaya menika kalebetna ngamal soleh ingkang pikantuk piwales kesaenan saking ngarsa dalem Allah SWT kanthi matikel-tikel. Allahumma amin.

Dene wonten ing wekdal ndalu menika Bp.................... dalasan kulawarga, badhe nglairaken raos syukur utawi tasyakkuran, awit ing titi kalenggahan menika ngraosaken agunging kabingahan nampi nugrahaning Gusti arupi putra utawi momongan.
Para rawuh para pilenggah ingkang tuhu kinurmatan, keparenga atur uninga, bilih awit saking welas asihing Gusti Ingkang Maha Agung, Allah SWT, saha berkah pendonga panjenengan sedaya, Bp............ sekaliyan pinaringan momongan utawi putra, ingkang mijil ..kakung.. rikala dinten ......(Senen Kliwon).................., tanggal ...21..,..Juli.....,.2011..... kanthi manggih wilujeng tanpa alangan setunggal menapa.

Dene putra ingkang angka ...... menika dening ..Bp....... sekaliyan dipun paringi tetenger .................

Ewa semanten, .....Bp..... dalasan kulawarga, tasih badhe nggresahi malih dhumateng panjenengan sedaya, nuwun inggih nyuwun ugungan tumrap tambahing pendonga puja-puji pangastuti, mugi-mugi putra ingkang nembe lair menika tansah pinaringan nugrahaning Gusti Ingkang Maha Kuwaos, Allah SWT, mugi-mugi dados lare ingkang sae, lare ingkang sholih, lare ingkang bektos dhumateng tiyang sepuhipun, mugi-mugi ing tembe dadosa tiyang ingkang migunani dhateng bebrayan, migunani dhateng masyarakat, minggahipun dhateng nusa, bangsa lan agami, allahumma amin.

Wondene panjenengan sedaya karawuhaken ing papan menika, badhe kasuwun barokahipun, maos shalawat al Barzanji saha barokah donganipun.
Dene minangka ingkang mbawani samangke badhe kasuwunaken dhumateng ............,
lan minangka pambukanipun kasuwun barokah fatihah dhumateng panjenenganipun Bp ..............
saha barokah imam donga kasuwunaken dhumateng panjenenganipun ................

Ananging sanget ndadosaken kuciwaning penggalih, dene ...Bp......  dalasan kulawarga  mboten saget atur papan pilenggahan ingkang sarana sekeca, menapa dene pasugatan ing mangke ingkang sanget sarwa kirang mahanani, pramila saking menika ...Bp....  sakulawarga, tansah nyuwun agunging pangaksama panjenengan sedaya.

Dene kula pribadhi, mbokbilih wonten kiranging trapsila lan subasita, menapa dene anggenipun matur wonten kekirangan saha kalepatanipun, mugi keparenga panjenengan sedaya hangluberaken agunging samodra pangaksami.

Ing wasana kula akhiri, billahittaufiq walhidayah, wassalamu'alaikum wr.wb.
-----
Dhumateng panjenenganipun Bp........... kula sumanggaaken, nuwun.

Jumat, 08 April 2011

Salah Mendidik Anak

.
...Belalang kupu-kupu siang makan nasi kalo malam minum susu... Ikulah lirik terakhir lagu pok ame-ame sing biasane di nyanyekne ibu-ibu naliko ngudang anak'e sing isek bayi, wes ngerti yen walang iku panganane godong, kupu panganane madu lha kok yo malah lagu salah koyo ngono diwulangne anak to.

Ono ibu-ibu nesu marang anak'e, "Bocah ora njowotenan, wes kelas 3 SMA kok ora tau gelem ngewangi penggaweane wong tuwo, saben muleh sekolah mung turu wae, piye to le....le... karepmu iki ke?"

Padahal jaman anak'e iku isek cilik diluk-diluk dikongkon turu, malah dinina bobok kon cepet turu, yen anak'e sek dolan sampek di golek'i di pekso kon turu yen ora gelem turu mesti diseneni. Lha saiki bareng wes gedi dadi bocah mung tura-turu kok yo nyalahne anak sing jare ora njowotenan, padahal sing mulang turu awit cilek kan yo wong tuwane dewe iku to.

Tonggoku malah luweh parah, moso ngudang anak'e kok ngene, "Anak'e sopo to iki kok ayu men? ciluuuuuuuuuuuk.......badalaaaaaaa......" Wong sing nglahirne yo dewek'e dewe kok malah takon anak'e sopo, anak sek bayi durung biso ngomong malah dilatih nganggo pertanyaan sing mbingungne. aku wae sing wes gedi ora paham lho "ciluk badala" iku artine opo to?