Senin, 28 Februari 2011

Atur Panatacara Ing Kesripahan (2)

Menawi wonten warga kampung ingkang seda (kesripahan) padatanipun layon lajeng dipun upakara, nalika badhe kabekta dhateng pametakan (=makam) dipun wontenaken upacara pakurmatan langkung rumiyin. Kirang langkung caranipun mekaten:
 
Rantaman adicara:
  1. Shalat Jenazah
  2. Pambuka
  3. Dhuhkita Sabda Kulawarga
  4. Taushiyah
  5. Donga
  6. Jenazah kaangkataken
  7. Bidhaling layon
1. SHALAT JENAZAH
Nuwun, nyuwun kawigatosanipun, para rawuh para takziyah ingkang kinurmatan, keparenga atur uninga bilih shalat jenazah ingkang kaping ______ tumunten badhe ingadanan. Minangka imam badhe kasuwunaken dhumateng panjenenganipun _____________________. Ingkang menika katur dhumateng para-para ingkang kepareng badhe nyolataken kula sumanggaaken.
==========(shalat jenazah I)======
Nuwun. Salajengipun shalat jenazah ingkang kaping ______ tumunten badhe ingadanan. Minangka imam badhe kasuwunaken dhumateng panjenenganipun _____________________. Ingkang menika katur dhumateng para-para ingkang kepareng badhe nyolataken kula sumanggaaken.
==========(shalat jenazah II)=====
Nuwun. Dhumateng para rawuh mungazziyin-mungazziyat kasuwun keparenga makempal wonten latar awit jenazah sampun badhe kaangkataken. Nuwun. Nuwun. Matur nuwun.
Bandhosa isi jenazah kawedalaken lan kaselehaken wonten palataran papan upacara saha dipun payungi. Panatacara tampil ngacarani ndhobel dhuhkita sabda kulawarga.

2. PAMBUKA
Assalamu'alaikum wr.wb. Bismillaahirrahmanirrahiim. (ayat)
Panjenenganipun para pinisepuh, saha para sesepuh ingkang tansah anggung mestuti dhumateng pepoyaning kautamen, ingkang dhahat pinundhi. Panjenenganipun para kadang wredha-mudha saha sanggyaning para asung bela sungkawa bela raos ingkang mahambeg ing tresna lan asih. Sugeng rawuh, wilujeng siang, lan sugeng pepanggihan.

Langkung rumiyin mangga kula panjenengan sedaya ngluhuraken asmanipun Gusti Ingkang Maha Agung, Allah SWT, karana sih rohmat lan barokahipun ingkang sampun kaparingaken dhumateng panjenengan sedaya lan kula, sahengga wonten menika wekdal kula panjenengan sedaya saged makempal wonten menika papan kanthi pinaringan karaharjan mboten manggih alangan setunggal menapa. Pramila saking menika sumangga nuwun kula dherekaken sesarengan ngonjukaken raos syukur kanthi maos kalimah tahmid 'alhamdulillahirobbil'alamin.' Shalawat lan salam mugi tansah lumintu lumintir dhumateng titah linangkung ingkang dados panutan patuladhan kula panjenengan sedaya, nenggih Sang Nabi Agung Muhammad SAW ingkang kula panjenengan antu-antu syafangatipun wonten yaumil qiyamah. Allahumma amin.

Para rawuh, saha sanggyaning para asung bela sungkawa bela raos ingkang mahambeg ing tresna lan asih. Keparenga kula cumanthaka ing budi, labet awrat ngemban dhawuh saking panjenenganipun _______________ ingkang ing titi kalenggahan menika katemben nandhang reribet, nuwun inggih tinilar: ing garwa / ingkang putra / tiyang sepuh / kadang sepuh / kadang anem, sumurud ing kasedan jati, tinimbalan sowan dhumateng pangayunaning Gusti Ingkang Maha Kuwaos.

Inna lillahi wainna ilaihi roji'uun.... X3.
Sampun murud ing kasedan jati ing dalem yuswa _____ tahun, swargi _________________ rikala dinten _________________ surya kaping __________________ watawis tabuh ___ wonten ing _________________. Ingkang menika gandheng pangruktining layon sampun paripurna, pramila badhe dipun wonteni tata upacara sawetawis, nuwun inggih tata upacara badhe bidhaling layon.

Para rawuh mungazziyin mungazziyat ingkang tansah sinuba sagunging pakurmatan, keparenga kula aturaken menggah urut reroncening adicara upacara badhe bidhaling layon ingkang sampun karakit dening para kadang kulawangsa. Nuwun inggih
  • ingkang sepisan Pambuka
  • urut kaping kalih Atur Dhuhkita Sabda Kulawarga
  • salajengipun Taushiyah minangka urut angka 3
  • Donga Sesarengan minangka urut angka 4
  • urut kaping 5 nuwun inggih Jenazah Kaangkataken
  • lan salajengipun jenazah kabidhalaken dhateng makam ______________
Mekaten para rawuh menggah rantamaning adicara ingkang badhe kaatur, salajengipun sumangga nuwun kula dherekaken hambuka adicara menika kanthi maos ummul kitab sesarengan. Liridho-illahi ta'ala walisyafa'ati rosulillah SAW, alfaatihah.
===(maos fatihah sesarengan)======
Matur nuwun.
3. DHUHKITA SABDA KULAWARGA
Para rawuh para takziyyah ingkang kinurmatan. Salajengipun ing ngriki kula minangkani sesulih saking kulawarga ingkang nembe nandhang dhuhkita, ngaturaken sugeng rawuh saha atur panuwun ingkang tanpa upami, awit panjenengan sedaya sampun kersa nglonggaraken wekdal, saperlu rawuh asung bela sungkawa, sarta paring pakurmatan ingkang pungkasan dhumateng sedanipun _____________________
Ugi mboten kesupen ngaturaken panuwun dhumateng sanak sedherek, tangga tepalih sarta kadang sumitra ingkang sampun paring pambiyantu ingkang awujud menapa kemawon, ingkang sedaya menika sinedya kangge ngenthengaken sedaya panandhangipun kulawarga _________________ ingkang nembe nandhang prihatos. Sedaya kalawau, kulawarga _________________ mboten saged atur piwales menapa-menapa, sagedipun namung nyenyuwun wonten ngarsanipun Allah SWT, mugi sedaya amal kautamen panjenengan sedaya pikantuka leliru sih nugrahaning Gusti ingkang matikel-tikel. Allahumma amin.
Sanget ing panyuwunipun brayat agung ___________________ ingkang tinilar murud, mugi sanggyaning para asung bela raos, keparenga kanthi suka lilaning penggalih paring donga pamuji, mugi-mugi sedanipun _____________ menika kalebetna seda ingkang khusnul-khotimah...!, khusnul-khotimah....!, khusnul-khotimah...!, mugi-mugi yitmanipun tansah pinaringan padhang dalane, jembar kubure, lepas parane, ingapunten kalepatanipun dhuk rikala sugengipun, pinaringan papan ingkang sakmesthinipun, jumbuh kalayan darma bektinipun rikala sugeng ing alam sawegung.
Saha nyuwun pendonganipun, mugi sedaya kulawarga ingkang tinilar sageda ikhlas lair batos, pinaringan sabar narimah ing pepesthen, enggal kabirat sedaya raos sungkawanipun, saengga saged enggal wangsul lelumban ing madyaning bebrayan agung netepi darmaning agesang. Allahumma amin.
Salajengipun, mbokbilih nalika sugengipun, almarhum/almarhumah ______________ nggadhahi kalepatan dhumateng panjenengan sedaya, mugi panjenengan sedaya kersa kanthi tulus ikhlas paring pangapunten dhumateng sedaya kalepatanipun. Ugi mbok bilih almarhum/almarhumah kagungan tanggelan menapa kemawon ingkang arupi haq Adam dhumateng sinten kemawon saking panjenengan sedaya, kersaa panjenengan sesambetan kaliyan kulawarga ingkang tinilar.
Lan ugi, ngaturi pirsa dhumateng para takziyah samudayanipun, bilih ing mangke ndalu badhe dipun wontenaken tahlilan saperlu nyuwunaken pamuji dhumateng rohipun almarhum/almarhumah anggenipun sowan wonten ngarsa dalem Allah SWT, dumugi malem pitung dintenipun. Pramila saking menika, katur dhumateng panjenengan ingkang kepareng badhe ndherek ndedonga nyumanggaaken, dene wekdalipun kados padatan, bakda maghrib/isya'.
Para rawuh para takziyyah ingkang pantes sinudarsana, mekaten menggah pamatur kula minangkani wakil kulawarga shohibul mushibah, wonten kekirangan saha kalepatanipun nyuwun agunging pangapunten.
Salajengipun, ndungkap adicara ingkang salajengipun inggih menika Taushiyah katerasaken Donga. Ingkang menika katur dhumateng panjenenganipun ________________ keparenga paring taushiyah sawetawis saha mandhegani donga, sumangga nuwun.

===4&5. TAUSHIYAH + DONGA===

Matur nuwun, Para pambela sungkawa ingkang satuhu pantes sinudarsana, kakung miwah putri, jenazah tumuli badhe kaangkataken, ingkang menika katur panjenenganipun para kadang ingkang kepareng badhe manggul bandhosa keparenga siaga ing gati samapta ing dhiri. Sumangga.

==== (bandhosa dipun panggul)=====

Para rawuh, mungazziyin-mungazziyat ingkang mahambeg ing tresna lan asih, lampahing tata upacara bidhaling layon sampun paripurna, jenazah sampun kaangkataken lan tumuli badhe kabidhalaken dhateng Makam ____________________. Sanget ing panyuwunipun kulawarga panandhang, mbokbilih para asung bela sungkawa lan bela raos mboten wonten pambengan, kasuwun keparenga ndherekaken bidhaling layon ngantos dumugi ing paleremanipun ____________________ swargi ingkang pungkasan, nuwun inggih ing Makam ________________. Wondene wonten pakaryan wigati ingkang mboten saged tinilar, kula minangka sesulih saking para kulawarga panandhang dhuhkita, namung saged ngaturaken panuwun lan sugeng kondur. Dene kula pribadhi ingkang tinanggenah minangka talanging atur, ingkang lajeng trunyak-trunyuk tilar tata-akrami, tilar subasita miwah kithaling basa, sedaya kalawau inggih awit saking kiranging seserepan kula, keparenga sanggya para rawuh ambedhah tambaking samodra pangaksami. Ing wasana, katur panjenenganipun Bp _____________ keparenga mbidhalaken jenazah. Billahittaufiq walhidayah. Wassalamua'laikum wr.wb.
Katur Bp ______________ sumangga.

====(Bp ________ mbidhalaken kanthi waosan fatihah lan laailaahaillallah)==

Mic dan Amplifier

Benda yang sangat akrab dengan MC (panatacara) adalah mic dan pengeras suara (amplifier). Suara kita bisa diolah dan dikuatkan sekian ratus kali atau sekian ribu kali lipat kerasnya, dan dapat diperindah secara berlipat ganda. Jadi tak perlu berkecil hati dengan suara yang kita miliki, walau biasanya kita tak bisa berteriak keras, kalau pakai mic dan amplifier kita akan jadi mampu. Walau suara kita tidak merdu seperti suara penyanyi, tetapi efek-efek audio sound system akan membuat suara kita jadi lebih bagus dari aslinya. Yang kita perlukan adalah : kemampuan memanfatkan mic dan amplifier.
Untuk meyakinkan diri sendiri, saat ada kesempatan, coba saja kita meniup sambil kita dengarkan, tanpa mic dan amplifier mungkin suara tiupan hanya telinga kita sendiri yang dengar, tetapi kalau kita tiup mic pasti akan menimbulkan suara gemuruh di speaker yang bisa didengar ratusan atau bahkan ribuan orang.
Karena mic dan amplifier mampu mem-boost suara kita maka saat bicara melalui mic kita tak perlu teriak, tak perlu pula ajian-ajian yang konon bikin kita berwibawa macam pendekar silat. Ajian kita hanyalah pandai memanfaatkan mic dan amplifier. Usahakan kita bicara fasih, kata demi kata kita ucapkan secara detil, rapi, dengan intonasi yang tepat dan betul-betul masuk mic, betul-betul secara rapi diterima oleh spul mic. Mungkin kita perlu mengolah bunyi di tenggorokan agar lebih bagus lagi, kita letakkan tekanan bunyi di antara tenggorokan dan pangkal hidung, tetapi tidak dengan membesarkan leher, sehingga suara yang dihasilkan menjadi kulem dan ndekung. Dengan banyak berlatih mungkin akan banyak surprise yang kita terima, banyak yang akan tidak menduga bahwa kitalah yang bicara bagus di speaker itu.
Kebanyakan orang akan grogi saat mulutnya berdekatan dengan mic. Lihat saja efek reaksi orang-orang yang disodori mic, akan langsung kelihatan orang itu berbakat bicara di depan umum atau tidak. Orang yang tak berbakat akan cenderung enggan, atau malah takut atau minder, sebaliknya orang yang berbakat malah akan tertarik untuk main-main. Anak-anak bisa diketahui bakat keartisannya dengan disodori mic, anak yang pemalu akan menjauh, tetapi yang bermental bagus dan berbakat jadi public figur mungkin akan senang dan mulai bicara, walau kata-katanya mungkin cuma "halo", "tes tes tes", "satu dua tiga".
Saat kita tampil bicara di depan umum, pada tahap awal mungkin secara alami kita grogi, itu karena diri kita sedang membuat penyesuaian, kalau sudah sinkron grogi akan hilang. Kita beruntung bahwa kata-kata awal pidato kita adalah salam, ayat dan ajakan syukur kepada Tuhan. Itu adalah kata-kata yang hanya berupa hafalan. Pada saat itu diri kita sedang berproses menyesuaikan diri, ketegangan berangsur berkurang, grogi menghilang, ingatan mulai jernih kembali, keberanian mulai timbul kembali, dan biasanya pada saat itu petugas sound system sedang berjuang memperbaiki kualitas suara kita di speaker dengan menyesuaikan stelan mixer. Karenanya lalui saja saat-saat awal bicara kita dengan salam assalamu’alaikum yang tulus, bacaan ayat dan doa dihayati, agar prosesnya mengalir alami, membuka peluang kepada potensi diri kita untuk muncul, memainkan peranan dengan segala kelebihan dan keindahannya, biarkan Tuhan mengalirkan segala kehebatanNya melalui diri kita.

Tuladha Ngacarani Pengajian (2)

Assalamu'alaikum wr.wb.
( ayat )

Wonten ngarsanipun para pinisepuh, saha para sesepuh ingkang kinabekten, langkung-langkung panjenenganipun almukarrom Bp ....................... saking ................................... lan almukarrom Bp ....................................... saking .........................................._ingkang tansah kaantu-antu barokah, miwah mau'idzah hasanahipun.
Panjenenganipun para ngalim, para ngulama, para kyai lan para ustadz, ingkang rinten ndalu tansah sumandhing kitab suci wahyuning Ilahi, ingkang tansah kaantu-antu barokah pendonga, miwah pitutur luhuripun.
Panjenenganipun para pangreh pangemban pangembating praja nayakaning negari, nuwun inggih Bpk Lurah dalah para perangkat Desa, minangka pandam pandom pengayomaning para kawula dasih ingkang pantes sinudarsana.
Panjenenganipun para rawuh para pilenggah kakung sumawana putri, hadlirin hadlirat majlis taklim ingkang tansah winantu ing suka rahayu lan dhahat kinurmatan.
Sugeng rawuh, wilujeng siang, lan sugeng pepanggihan.

Langkung rumiyin mangga kula panjenengan ngluhuruken asmanipun Gusti Ingkang Maha Agung, nenggih Allah SWT, saha ngonjukaken raos syukur karana sih rohmat miwah barokahipun ingkang sampun kaparingaken dhumateng panjenengan sedaya lan kula, sahengga wonten menika wekdal panjenengan sedaya lan kula, saged makempal wonten menika papan kanthi pinaringan kawilujengan lan karaharjan mboten manggih alangan setunggal menapa. Pramila saking menika sumangga nuwun kula dherekaken sesarengan maos kalimah tahmid 'alhamdulillahirobbil'alamin.' Mugi-mugi salwiring gati tansah manggih kawilujengan, rahayu, nirmala, niskala, tebih saking sakathahing reridhu lan panyendhu, kalis ing rubeda.
Shalawat lan salam mugi tansah lumintu lumintir dhumateng titah linangkung ingkang dados panutan patuladhan kula panjenengan sedaya nenggih Sang Nabi Agung Muhammad SAW ingkang kula panjenengan antu-antu syafangatipun wonten yaumil qiyamah. Allahumma amin.

Para rawuh, para pilenggah majlis taklim ingkang tuhu kinurmatan, kakung miwah putri.
Langkung rumiyin kula nyuwun pangapunten awit lajeng kumawantun nggempil kamardhikan panjenengan sawetawis. Sedaya kalawau inggih awit saking awrat ngemban dhawuh para kadang panitia pengaosan, kajibah ndherekaken lampahing adicara ing wekdal siang menika, nuwun inggih adicara Pengaosan Pengetan Wiyosan Dalem Nabi Agung Muhammad SAW, utawi Mauludan, Dhusun ................................................ ing tahun 14........ Hijriyah menika.

Anamung saderengipun, nglenggana bilih kula namung boboting tiyang jugul ingkang cubluk ambalilu, kothong ing seserepan, miwah asor ing samukawis, pramila kirang jangkeping trapsila, menapa dene cupet, cewet atur kula ing mangke, ingkang mboten saged adamel suka renaning penggalih panjenengan sedaya, keparenga kula nyuwun agunging samodra pangaksami.

Para rawuh, para pilenggah ingkang tuhu kinurmatan, kakung miwah putri. Keparenga langkung rumiyin kula aturaken menggah urut reroncening adicara ingkang sampun karakit dening para kadang panitia kangge ngrenggani pengaosan mauludan ing wekdal siang menika.

Ingkang sepisan nuwun inggih pambuka.
Urut angka kalih nuwun inggih Waosan wahyu suci Al Qur'an katerasaken waosan shalawat.
Urut kaping tiga inggih menika waosan kalimah toyyibah utawi tahlil.
Salajengipun tanggap wacana utawi sambutan minangka urut angka 4. Sambutan ingkang sepisan saking panitia penyelenggara, dene sambutan ingkang angka kalih nuwun inggih sambutan saking Bapak Kepala Desa.
Urut reroncening adicara ingkang angka 5, inggih menika Pengaosan agami kanthi Mau'idzah Hasanah. Mau'idzah Hasanah ingkang angka setunggal badhe pun suwunaken dhumateng panjenenganipun almukarrom Bp ....................................... saking .............................................., dene ingkang angka kalih badhe pun suwunaken dhumateng panjenenganipun almukarrom Bp ........................................ saking ....................................................
Wondene urut adicara ingkang pungkasan nuwun inggih Donga Panutup.

Mekaten para rawuh menggah urut reroncening adicara ingkang badhe kaatur. Sanget ing panyuwunipun para kadang panitia penyelenggara, keparenga panjenengan sedaya hanjenengi (mensukseskan) adicara pengaosan menika ngantos purnaning adicara ing mangke, sinambi lelenggahan kanthi mardu mardikaning penggalih.
Dene kula pribadhi tansah nyuwun tambahing pangestu, mugi-mugi anggenipun ndherekaken lampahing adicara pengaosan menika saged rancag, lancar, mboten manggih alangan setunggal menapa. Allahumma amin.
Bapak-bapak, ibu-ibu saha sanggyaning para rawuh para lenggah ingkang kinurmatan, minangka pambukaning adicara pengaosan, sumangga nuwun kula dherekaken maos ummul kitab sesarengan. Liridho-illahi ta'ala walisyafa'ati rosulillah sollallohu 'alaihi wasallam al faatihah.

===(maos fatihah)===

Matur nuwun, mugi-mugi lantaran waosan kalawau adicara pengaosan ing wekdal siang menika saged lancar, rancag, mboten manggih alangan setunggal menapa. Allahumma amin.
Salajengipun sumangga kula dherekaken ngancik adicara ingkang urut angka 2, nuwun inggih Waosan Wahyu Suci Al Qur'an katerasaken Waosan Shalawat. Ingkang menika katur dhumateng panjenenganipun ingkang sampun piniji, nuwun inggih ........................................ wekdal saha papan kula sumanggaaken. Sumangga nuwun.

===(waosan wahyu suci Al Qur'an + shalawat)===

Mekaten para rawuh menggah Waosan Wahyu Suci Al Qur'an lan waosan shalawat ingkang sampun kawaos dening panjenenganipun ................................., mugi-mugi saged nambah santosaning iman kula panjenengan sedaya, saha nambah raos mahabbah kula panjenengan sami dhumateng Junjungan kita Nabi Agung Muhammad SAW, ingkang kula panjenengan antu-antu syafangatipun wonten yaumil qiyamah, allahumma amin. Dhumateng panjenenganipun ............................................... kula aturaken agunging panuwun.
Ndungkap adicara salajengipun inggih menika, Waosan Kalimah Toyyibah utawi Tahlil. Minangka imam badhe kasuwunaken dhumateng panjenenganipun ............................................ Dhumateng panjenenganipun .................................................. wekdal saha papan kasumanggaaken. Sumangga, nuwun.

===(Tahlil)===

Mekaten waosan kalimah toyyibah utawi tahlil ingkang sampun kawaos sesarengan, mugi-mugi para arwah ingkang kasebat kalawau pikantuka maghfirah saking ngarsa dalem Allah SWT saha katampi sedaya amal kesaenanipun, allahumma amin. Dhumateng panjenenganipun ........................................ kula aturaken agunging panuwun.
Adicara salajengipun inggih menika Tanggap Wacana (sambutan-sambutan). Tanggap wacana ingkang urut sepisan inggih menika saking Panitia penyelenggara pengaosan. Ingkang menika katur dhumateng panjenenganipun Bp ............................................ minangka wakil panitia penyelenggara, wekdal saha papan kula sumanggaaken. Sumangga nuwun.

=========(Sambutan Panitia Penyelenggara)========

Mekaten Tanggap Wacana saking panjenenganipun Bp............................................... minangka wakil saking panitia penyelenggara, dhumateng panjenenganipun kula aturaken agunging panuwun.
Ndungkap adicara salajengipun inggih menika Tanggap Wacana saking panjenenganipun Bpk Kepala Desa. Ingkang menika katur dhumateng panjenenganipun Bp ....................................... wekdal saha papan kasumanggaaken. Sumangga, nuwun.

====(Sambutan KaDes)===

Mekaten Tanggap Wacana saking panjenenganipun Bp Kepala Desa, mugi-mugi dados manfangat ingkang nyumrambah dhumateng kula panjenengan sedaya. Dhumateng panjenenganipun Bp Kepala Desa kula aturaken agunging panuwun.
Adicara salajengipun inggih menika sumene sawetawis. Ingkang menika katur dhumateng para kadang panitia wekdal kula sumanggaaken. Nuwun.

=====(sumene)===

Nyuwun pangapunten wekdal sumene kula punggel semanten kangge nglajengaken adicara ingkang salajengipun.
Ndungkap adicara salajengipun inggih menika Mau'idzah-Hasanah minangka inti pengaosan ing dinten menika. Mau'idzah Hasanah ingkang angka setunggal badhe kasuwunaken dhumateng panjenenganipun almukarrom Bp......................................... saking ......................................... Dhumateng panjenenganipun almukarrom Bp........................................... wekdal saha papan kula sumanggaaken. Sumangga, nuwun.

==========(Mau'idzah Hasanah I)=========

Para rawuh para lenggah, ingkang dipun mulyaaken Allah, mekaten wau mau'idzah-hasanah ingkang sampun kawedharaken panjenenganipun almukarrom Bp ............................................ Mugi-mugi saged dados sangu kula panjenengan sedaya anggenipun netepi darmaning agesang anggayuh ridhanipun Allah SWT, allahumma amin. Dhumateng panjenenganipun almukarrom Bp ................................................ kula aturaken agunging panuwun.
Adicara salajengipun inggih menika Mau'idzah Hasanah ingkang angka kalih, ingkang badhe pun suwunaken dhumateng panjenenganipun almukarrom Bp ..................................... saking ................................ Katur dhumateng panjenenganipun almukarrom Bp ........................................................ wekdal saha papan kula sumanggaaken, sumangga, nuwun.

==========(Mau'idzah Hasanah II)=========

Para rawuh para lenggah, ingkang dipun mulyaaken Allah, mekaten wau mau'idzah-hasanah ingkang sampun kawedharaken panjenenganipun almukarrom Bp ............................................ Mugi-mugi saged dados sangu kula panjenengan sedaya anggenipun netepi darmaning agesang anggayuh ridhanipun Allah SWT, allahumma amin. Dhumateng panjenenganipun almukarrom Bp ............................................... kula aturaken agunging panuwun.
Adicara salajengipun inggih menika Donga Panutup. Minangka imam donga badhe kasuwunaken dhumateng panjenenganipun almukarrom Bp ................................................
Ananging sakderengipun wekdal kula aturaken dhumateng panjenenganipun,
keparenga kula ngaturaken pengumuman,

ingkang angka setunggal, ngaturi priksa bilih infaq panjenengan sedaya makempal Rp ........................... , mugi-mugi saget dados manfangat ingkang sakkathah-kathahipun, allahumma amin.
Ingkang angka kalih …..................................

Salajengipun, wangsul dhumateng kula sakadang ingkang tinanggenah ndherekaken lampahing adicara ing wekdal menika, nuwun inggih :
Kula minangka Pembage wekdal
dalah para kadang panitia penyelengara pengaosan
saha minangkani para warga ..........................................(ingkang kenggenan),
mbok bilih wonten kekirangan, kalepatan saha keladukipun saking arah menapa kemawon ingkang adamel kirang renaning penggalih panjenengan sedaya, kula sakadang nyuwun agunging samodra pangaksami.
Mboten kesupen, saparipurnaning Donga ing mangke kula aturaken “matur nuwun, lan ndherekaken Sugeng Kondur, mugi tansah manggih wilujeng dumugi ing dalem.”
Billahittaufiq walhidayah, wassalamu'alaikum wr.wb.

Katur panjenenganipun almukarrom Bp ........................................................ kula sumanggaaken. Nuwun.
=====(Donga panutup)=====
Jumat, 25 Februari 2011

Bayi Lahir Sudah Berjenggot

Tonggoku wingi sore babaran, nglahirne bayi lanang, tapi unik lan aneh, bayi iku maeng lahir dino rebo, eh lha dalah Kemis kok brewoken, jenggote dowo, brengose malah wes putih.

Departemen Kesehatan Ponorogo lan petugas Puskesmas setempat langsung turun nyang lokasi, setelah diteliti dengan seksama ternyata hasile mengecewakan.

Depkes Ponorogo menyimpulkan, Ternyata bayi iku mau jenenge Gufron Bin Solekan Bin Kemis. lahir normal dari pasangan Solekan lan Sumiati, sing brewok ternyata Kemis yoiku mbah kakunge bayi iku.
Minggu, 20 Februari 2011

Budaya Pengajian

Pengajian adalah istilah untuk menyebut kegiatan pengkajian ajaran agama Islam, sedang metode yang paling umum adalah melalui ceramah yang dilakukan nara sumber dan didengarkan/disaksikan oleh hadirin. Tanpa hadirin biasanya tak bisa dibilang pengajian, contohnya ceramah di radio maupun artikel kajian agama di surat kabar atau buku tak disebut pengajian.
Di sebagian daerah Kajoran Magelang, pengajian sudah merupakan budaya tersendiri. Hampir setiap kegiatan kumpul-kumpul masyarakat selalu ada pengajiannya, termasuk resepsi pahargyan temanten. Begitu mendominasinya budaya pengajian ini hingga acara-acara yang berbau kejawen seperti upacara adat widhi widana panggih, upacara krobongan, siraman, maupun midodareni pada pengantin adat Jawa menjadi jarang dilakukan, bahkan diperlakukan seperti budaya asing. Begitu juga bicara di depan umum dengan bahasa Jawa halus seperti yang diajarkan Permadani, maupun buku-buku tentang medhar sabda, masih dianggap 'tidak biasa'. Bahkan pada acara pemberangkatan jenazah pun, saat dimana menurut teori di buku-buku pamedhar sabda ada acara Pidato Penghiburan ahli waris (=Tanggap Sabda Bela Sungkawa), ternyata di daerah Kajoran yang berlaku adalah ceramah pengajian (=taushiyah).
 
Lebih jauh lagi, sebagai contoh perbandingan, apa yang akan dilakukan jika suatu keluarga mengadakan pahargyan temanten? Jika orang Surakarta sana mungkin jelas, akan ada siraman, midodareni, ijab, panggih, krobongan, sungkeman, kirab, dsb. Tetapi orang Kajoran belum tentu demikian. Tanpa adanya saran sang juru rias kemungkinan yang dilakukan adalah ijab (akad nikah di depan penghulu) dan mengadakan pengajian ! Mengapa demikian? Ijab merupakan upacara pengesahan, sedang pengajian merupakan kesempatan untuk menjamu orang banyak(=walimahan). Dalam ajaran Islam makan-makan menjamu orang banyak ini disebut walimah.
Memang demikianlah adat budaya, antar daerah bisa beda. Seorang panatacara pahargyan temanten yang tampil dengan pakaian adat Jawa yang khas dan bahasa krama inggil yang oke, fasih njantur (nyandra) dsb belum tentu akan mendapat simpati hadirin sebagaimana kalau di wilayah Surakarta ! Boleh jadi akan malah dipandang aneh, dibilang ngethoprak, dsb.
Barangkali latar belakang sejarah yang menyebabkan demikian. Jika dihubungkan dengan peta wilayah kerajaan Mataram yang pecah pada perjanjian Giyanti nampak sekali bahwa wilayah Magelang itu tidak termasuk wilayah kerajaan Mataram pada saat itu. Logikanya, walau sama-sama suku Jawa tapi budayanya tidak ikut kerajaan-kerajaan eks Mataram. Bisa dimengerti pula mengapa ada sebagian orang daerah Kajoran bersikap anti gendhing Jawa, padahal musik pengiring upacara Panggih itu harus gendhing Jawa !
Belajar dari hal itu, menjadi panatacara kampung sebenarnya tidak sulit, yang penting bisa jadi MC pengajian, bisa Atur Pambagyaharja, dan bisa Atur Pasrah Temanten. Saat menjadi MC pahargyan temanten belum tentu harus njantur, karena yang empunya hajat belum tentu menghendaki diadakannya upacara adat widhi widana panggih.

Cangkriman

Ono salah sawijinging cerito ing tlatah Ponorogo, kidul etane kutho ing giri bayang kaki, Yoiku bencana kang ndadekake gonjang-ganjinge wono. Alas kobong, sak anane satwo podo musno.

Jago mati yekel jalu kang dadi pusoko, Kidang mati nyekel sungu andulu wektu ilange rahayu, Tawon mati nyekel entup gaman kang waskito, Macan mati nyekel cakar suarane gumlegar.

Pertanyaane,"Singomati nyekel opo?"
Selasa, 15 Februari 2011

Tanggap Wacana Ndherek Bela Sungkawa

Andaikan suatu ketika di antara keluarga atau tetangga kita ada yang meninggal dunia, kemudian diadakan upacara pelepasan jenazah, dan kita ditunjuk untuk ngomong di depan mewakili para pelayat, misalnya atas nama warga masyarakat RT I, apa yang akan kita katakan? Berikut adalah contoh. Istilah lain Tanggap Wacana Bela Sungkawa adalah Taushiyah atau Tadzkiroh .

Assalamu'alaikum wr.wb.

Panjenenganipun para pinisepuh ingkang kinabekten, para rawuh mungazziyin mungazziyat ingkang tuhu luhur ing budi, saha para ahli waris kulawarga ______________ ingkang kinurmatan. Keparenga kula sumela atur sawetawis, minangka wakil saking kulawarga ageng bebrayan RT I .

Ingkang sepisan, kula ngonjukaken puja-puji kagem ngluhuraken asmanipun Gusti ingkang Akarya Jagad, inggih Allah SWT, ingkang sampun paring rohmat lan barokah dhumateng panjenengan sedaya lan kula, sahengga saged makempal ing menika papan saperlu asung pakurmatan dhumateng sedanipun ___________. Shalawat lan salam mugi tansah sinanjung ing utusanipun, inggih Kanjeng Nabi Muhammad SAW ingkang kula panjenengan antu-antu syafangatipun wonten yaumil qiyamah. allahumma amin.

Kaping kalihipun, kulawarga ageng RT I ngaturaken ndherek bela sungkawa dhumateng sedanipun swargi ______________, saha para kadang kulawarga RT I ndherek memuji, mugi-mugi arwahipun swargi ______________ pikantuk maghfirah saking ngarsa dalem Allah SWT, ingapunten sedaya lepat dosanipun, katampi sedaya amal kesaenanipun, saha sedanipun kalebetna seda ingkang khusnul khotimah, khusnul khotimah, khusnul khotimah, mugi pinaringan papan ingkang sekeca jumbuh kaliyan amal kesaenanipun rikala sugengipun ing alam bebrayan.
Saha mugi-mugi kulawarga ingkang tinilar, tansaha pikantuk kekiyatan lair batos, satemah kanthi ikhlasing penggalih, saged nglilaaken sowanipun swargi ________________ dhumateng ngarsanipun Allah SWT. Ugi enggala pikantuk lelipur, mugi enggal kabirat sedaya dhuhkitaning manah. Kita sedaya mboten saged nyelaki pepesthen, awit sedaya menika kagunganipun Gusti Allah, pramila dhumateng Gusti Allah sedaya badhe wangsul.

Mbok bilih nalika sugengipun swargi _______________ nggadhahi kalepatan dhumateng kita sedaya, kanthi tulus ikhlas kita sedaya nyuwunaken pangapunten dhumateng Allah SWT, saha kanthi lila legawaning manah kita badhe angapunten kalepatanipun.

Kula kinten kirang prayogi menawi kathah-kathah atur kula, pramila kula cekapaken semanten, mbok bilih wonten klenta-klentunipun atur, kula nyuwun agunging pangapunten.

Ing wasana, billahittaufiq walhidayah, wassalamu'alaikum wr.wb.

Dhuhkita Sabda Kulawarga

Andaikan suatu ketika di antara keluarga atau tetangga kita ada yang meninggal dunia, kemudian diadakan upacara pelepasan jenazah, dan kita ditunjuk untuk ngomong di depan mewakili keluarga yang berduka cita, tetapi tidak sebagai MC, apa yang akan kita katakan? Berikut adalah contoh.

Assalamu'alaikum wr.wb.

Inna lillahi wainna ilaihi roji'uun.

Panjenenganipun para pinisepuh, saha para sesepuh ingkang tansah anggung mestuti dhumateng pepoyaning kautamen, ingkang dhahat pinundhi. Panjenenganipun para kadang wredha-mudha, saha sanggyaning para asung bela sungkawa bela raos, mungazziyin mungazziyat ingkang mahambeg ing tresna lan asih.

Langkung rumiyin mangga kula panjenengan ngonjukaken puja-puji pudyastuti dhumateng Gusti Ingkang Maha Kuwaos, ingkang sampun paring kekiyatan lan kawilujengan sahengga panjenengan sedaya lan kula saged makempal ing menika papan saperlu paring pakurmatan dhumateng panjenenganipun ____(layon)____ ingkang tinimbalan sowan dhumateng pangayunanipun Allah SWT. Saha shalawat lan salam mugi tansah sinanjung ing utusanipun, inggih Kanjeng Nabi Muhammad SAW ingkang kula panjenengan antu-antu syafangatipun wonten yaumil qiyamah. allahumma amin.

Salajengipun, keparenga kula matur sawetawis, minangkani kulawarga ingkang nembe nandhang dhuhkita, ingkang sepisan, ngaturaken sugeng rawuh saha atur panuwun ingkang tanpa upami, awit panjenengan sedaya sampun kersa nglonggaraken wekdal, saperlu rawuh asung bela sungkawa, sarta paring pakurmatan ingkang pungkasan dhumateng sedanipun _______________.

Kaping kalihipun, ngaturaken panuwun dhumateng sanak sedherek, tangga tepalih sarta kadang sumitra ingkang sampun paring pambiyantu ingkang awujud menapa kemawon, ingkang sedaya menika sinedya kangge ngenthengaken sedaya panandhangipun kulawarga _________________ ingkang nembe nandhang prihatos. Sedaya kalawau, kulawarga _________________ mboten saged atur piwales menapa-menapa, sagedipun namung nyenyuwun wonten ngarsanipun Allah SWT, mugi sedaya amal kautamen panjenengan sedaya pikantuka leliru sih nugrahaning Gusti ingkang matikel-tikel. Allahumma amin.

Sanget ing panyuwunipun brayat agung _________________ ingkang tinilar murud, mugi sanggyaning para asung bela raos, keparenga kanthi suka lilaning penggalih paring donga pamuji , mugi-mugi yitmanipun almarhum/almarhumah _________________ tansah padhang dalane, jembar kubure, lepas parane, ingapunten kalepatanipun dhuk rikala sugengipun, pinaringan papan ingkang sakmesthinipun, jumbuh kalayan darma bektinipun rikala sugeng ing alam sawegung.

Saha mugi sedaya kulawarga ingkang tinilar sageda ikhlas lair batos, pinaringan sabar narimah ing pepesthen, enggal kabirat sedaya raos sungkawanipun, saengga saged enggal wangsul lelumban ing madyaning bebrayan agung netepi darmaning agesang.

Salajengipun, mbokbilih nalika sugengipun, almarhum/almarhumah ______________ nggadhahi kalepatan dhumateng panjenengan sedaya, mugi panjenengan sedaya kersa kanthi tulus ikhlas paring pangapunten dhumateng sedaya kalepatanipun. Ugi mbok bilih almarhum/almarhumah __________________ kagungan tanggelan menapa kemawon ingkang arupi haq Adam dhumateng sinten kemawon saking panjenengan sedaya, kersaa panjenengan sesambetan kaliyan kulawarga ingkang tinilar.

Ing wasana, mbokbilih para asung bela sungkawa lan bela raos mboten wonten pambengan, kasuwun keparenga ndherekaken bidhaling layon ngantos dumugi ing paleremanipun ______________ swargi ingkang pungkasan, nuwun inggih ing Makam ____________. Wondene wonten pakaryan wigati ingkang mboten saged tinilar, kula minangkani kulawarga panandhang dhuhkita, namung saged ngaturaken panuwun lan sugeng kondur.

Kula kinten cekap semanten atur kula, mbok bilih wonten kalepatan saha kekiranganipun, menapa dene kirang jangkeping trapsila, mugi keparenga panjenengan sedaya hangluberaken sih samodra pangaksami. Akhirul kalam, billahittaufiq walhidayah.

Wassalamua'laikum wr.wb.
Senin, 14 Februari 2011

Ngacarani Kenduren Badhe Ngadani Pahargyan

Biasanya di kampung saya kalau ada ngantenan, beberapa hari sebelumnya diadakan kenduren, tujuannya pertama untuk mendapatkan restu para leluhur, yang kedua untuk menyampaikan maksud tsb kepada masyarakat sekitar sekaligus memohon bantuannya. Acaranya biasanya tahlilan dan makan-makan, saat pulang para tamu dikasih brekat. Sebelum tahlilan seorang wakil keluarga tampil berpidato, contohnya begini :

Assalamualaikum wr.wb
( ayat )

Nuwun, Panjenenganipun para sepuh, sesepuh, saha pinisepuh, ingkang dhahat kinurmatan, langkung-langkung panjenenganipun .................................. ingkang dhahat pinundhi, miwah sanggyaning para rawuh para lenggah, sepuh miwah anem, ingkang tansah winantu ing suka rahayu.
Sugeng rawuh, wilujeng sonten/dalu lan sugeng pepanggihan.

Langkung rumiyin, mangga kula panjenengan ngonjukaken raos syukur dhumateng ngarsa dalem Allah SWT, karana sih rohmat lan barokahipun ingkang sampun kaparingaken dhumateng panjenengan sedaya lan kula, sahengga ing menika wekdal kula panjenengan saged makempal wonten menika papan kanthi pinaringan karaharjan tuwin kawilujengan, mboten manggih alangan setunggal menapa. Pramila saking menika sumangga nuwun kula dherekaken sesarengan maos kalimah tahmid “alhamdulillahirobbil’alamin.”
Shalawat lan salam mugi tansah lumintu lumintir dhumateng titah linangkung ingkang dados panutan patuladhan kula panjenengan nenggih Sang Nabi Agung Muhammad SAW ingkang kula panjenengan antu-antu syafa’atipun wonten yaumil qiyamah. Allahumma amin.

Para rawuh para lenggah ingkang dhahat kinurmatan, keparenga kula nggempil kamardhikan panjenengan sawetawis, awit minangkani pamundhutipun Bp/Ibu ................................ sakulawarga, saperlu dados talanging atur ngaturaken wigatosing gati ing kalenggahan menika.

Purwaning atur, Bp/Ibu .............................. sakulawarga ngaturaken sugeng rawuh sinartan agunging panuwun dhumateng panjenengan sedaya, awit sampun sami kepareng ndhanganaken penggalih saha nglonggaraken wekdal saperlu ngrawuhi menapa ingkang dados panyuwunipun. Mugi-mugi rawuh panjenengan sedaya menika dadosa ngamal soleh ingkang pikantuk piwales kesaenan sangking ngarsa dalem Allah SWT kanthi matikel-tikel. Allahumma amin.

Wondene menggah hajat tujuanipun Bp/Ibu ....................... ngrawuhaken panjenengan sedaya ing papan menika, nuwun inggih badhe pun suwuni bantuan arupi ndherek-ndherek dhedhepe wonten ngarsa dalem Allah SWT, dedonga kanthi waosan kalimah toyyibah utawi tahlil, ingkang khasanahipun mugi dadosa donga pamuji, mugi-mugi para arwah ahli kulawarganipun Bp/Ibu ................................... ingkang sampun sumare, nuwun inggih:
1.................................... 2................................... 3....................................... 4...............................
sakpeminggah sakpengandhap mirungganipun, lan sumrambahipun para arwah mukminin-mukminat muslimin muslimat samudayanipun, pikantuka maghfirah saking ngarsa dalem Allah SWT, katampia sedaya amal kesaenanipun, lan pinaringan papan kesaenan saha kanikmatan saking ngarsa dalem Allah SWT satimbang kaliyan darma bekti lan amal kesaenan rikala sugengipun. Allahumma amin.

Kejawi saking menika Bp/Ibu ........................ sakulawarga badhe nyuwun berkah pendonga lan pangestu panjenengan sedaya, awit salah setunggaling putra ing kulawarga menika ingkang peparab/sesilih ............(calon-manten)......... insyaAllah badhe nglampahi sunnah rosul mangun bebrayan ingkang kawastanan nikah, nuwun inggih badhe pikantuk ........(calon-mantu)...... putranipun Bp/Ibu .............................. ingkang pidalem ing .............................. Ingkang saking menika keparenga para rawuh para pilenggah paring puji pendonga lan pangestu mugi-mugi, anggenipun .........(calon-manten)....... sumedya mangun bebrayan ing mangke, tansah manggih kawilujengan, kalis ing rubeda, tan manggih alangan setunggal menapa. Allahumma amin.
Dene minangka imam tahlil badhe kasuwunaken dhumateng panjenenganipun .....................................

Salajengipun, mbokbilih Bp/Ibu ........................... sakulawarga anggenipun nampi rawuh panjenengan sedaya wonten kirang ing tanggap tata akrami, menapadene anggenipun atur papan palenggahan saha pasugatan samangke kirang adamel sukarenaning penggalih panjenengan sedaya, Bp/Ibu ......................... sakulawarga sanget anggenipun nyuwun lumunturing sih samodra pangaksami.

Dene kula pribadhi, mbokbilih anggenipun matur wonten kalepatan, kekirangan, saha kalucutipun, keparenga panjenengan sedaya hangrentahaken sih samodra pangaksami.
Ing wasana, billahittaufiq walhidayah, wassalamua’alaikum wr.wb.

Katur dhumateng panjenenganipun ............................... kula sumanggaaken, nuwun.

Pernikahan, Perkawinan dan Ngantenan

Bulan Dzulhijjah atau Besar oleh masyarakat Jawa muslim dianggap bulan baik untuk menyelenggarakan acara pernikahan, karena itu banyak sekali yang menikah di bulan Besar. Para perias pun umumnya panen rezeki, juga para perangkai bunga, para penyedia sewa tratag, sound system, juru foto, pedagang sembako, catering hingga panatacara/MC akan laris manis.
Pada setiap acara resepsi pernikahan akan selalu terdengar kalimat yang menyatakan bahwa sang empunya hajat sedang "netepi darmaning asepuh amiwaha putra mahargya siwi". Tahukah Anda apa maksudnya? Orang tua memenuhi kewajibannya menikahkan anaknya, kira-kira begitu artinya.
Jika kita cermati sebenarnya tidak sesederhana itu, netepi darmaning asepuh artinya memenuhi/melaksanakan kewajiban orang tua. Amiwaha putra artinya me-'miwaha' anak. Mahargya siwi artinya mem'pesta-resepsi'kan anak. Jadi kewajiban orang tua dalam hal itu adalah me-wiwaha dan mem'pesta'kannya.
Apa itu wiwaha, miwaha, amiwaha ? Pawiwahan adalah upacara persaksian kehendak berumah tangga / bersuami istri di hadapan orang banyak dan di hadapan Tuhan. Suasana, rangkaian acara dan tempat berkumpulnya orang banyak untuk me-wiwaha juga disebut pawiwahan. Pawiwahan berisi upacara yang merubah status sang anak dari 'jomblo' menjadi bersuami istri, sedang pahargyan adalah pesta resepsi dimana para tamu dikasih tahu bahwa si anak telah menikah dan tentu saja makan-makan. Makan-makan inilah yang disebut walimah dalam ajaran Islam.
Amiwaha putra ternyata memuat 3 hal penting dalam kehidupan sang anak yang sedang meniti mahligai rumah tangga, yaitu pernikahan, perkawinan dan ngantenan. Apa bedanya???? Sepintas tak ada bedanya, bahkan mungkin jarang orang yang peduli memikirkannya.
Pernikahan berasal dari kata dasar nikah, dari bahasa Arab. Asal-usulnya pun juga dari Arab dan menjadi bagian agama Islam, masuk ke Jawa dibawa ummat Islam. Cara-caranya pun biasa kita saksikan pakai bahasa Arab. Tanpa melalui proses nikah hubungan suami istri akan disebut zina yang haram dan berdosa.

Perkawinan dijelaskan maksudnya dalam UU Perkawinan 1974 pasal 1 dan 2. Kira-kira kesimpulannya perkawinan adalah pernikahan yang dicatat oleh petugas negara. Tanpa proses pencatatan oleh petugas pemerintah walau sudah menjalani akad nikah akan dianggap nikah siri dan hak-hak hukumnya tak akan dijamin negara.

Sedang kata ngantenan berasal dari bahasa Jawa sendiri. Ada juga yang berpendapat bahwa kata nganten berasal dari bahasa Arab 'anatain yang berasal dari kata 'anatun. ( 'anatun berarti rambut kemaluan, sedang 'anatain adalah bentuk tatsniyahnya ).
Pernahkah Anda berpikir, bagaimana zaman dulu caranya orang Jawa menikah sebelum ada tatacara pernikahan? Ternyata caranya adalah 'dhaup' yang berupa upacara PANGGIH. Orang yang sedang melaksanakan upacara panggih disebut nganten atau temanten, peristiwanya disebut ngantenan. Walau mempelai sudah melaksanakan akad nikah dan dicatat petugas yang ditunjuk negara (penghulu) kalau belum melaksanakan upacara panggih tidak dapat disebut nganten, jadi tidak bisa dibilang ngantenan. Itulah sebabnya pada saat upacara panggih akan dilangsungkan walau kedua mempelai sudah menikah dan sah menurut agama dan negara tetapi oleh MCnya masih disebut 'calon temanten'.
Urut-urutan upacara panggih itu sama sekali beda dengan urut-urutan upacara nikah. Jika dalam nikah yang ber'transaksi' adalah mempelai pria dengan mertua-nya, lain halnya dengan upacara panggih, mempelai pria dengan mempelai wanita harus berhadapan langsung, bahkan tidak diperlukan kata-kata karena mereka mengikat janji melalui simbol daun sirih yang digulung, diikat dengan benang kemudian ditukar atau saling lempar.
Sekarang acara-acara seperti itu walau marak dan meriah tapi umumnya sudah tanpa penghayatan. Seperti karnaval saja, mempelai didandani sedemikian rupa dengan biaya yang besar, tapi upacaranya???? Jarang sekali yang tahu maksudnya, mempelai sendiri melaksanakan ritual panggih itu bagaikan robot, bahkan sang juru rias yang menjadi Ibu Juru Sumbaga (fasilitator upacara panggih atau dukun-nganten) belum tentu tahu akan maksudnya.
Sabtu, 12 Februari 2011

Talkin Mayit ing Kuburan

Wong mati sakwise dikubur biasane terus ditalkin. Nadyan ing masyarakat saperangan ana sing ora sarujuk marang anane talkin kuwi, ananging kasunyatane saben-saben ana wong mati sakwise dikubur mesthi terus ditalkin. Anehe, ana uga wong sing nalika uripe tansah dakwah nentang talkin mbasan mati dheweke ya ditalkin, awit kulawargane ana sing ora tegel yen nganti ora ditalkin.
Iku kabeh nuduhake menawa talkin mayit ing kuburan iku minangka bageyan pakurmatan pungkasan marang layon. Mbokmenawa bocah-bocah ngaji mung diajari pangrumating jenazah iku mung ngedusi, ngulesi, nyolati lan mendhem. Ananging kasunyatane ing masyarakat ora cukup mung kuwi. Wong mati ora mung diupakara manut fiqih, nanging uga ana 'penghormatan khusus'.
Yen ana wong mati masyarakat gage mara, saperangan ngupakara jenazahe, saperangan nata nggone nampa tamu pelayat, nata meja kursi lan pasang tratag, saperangan nggawe luwangan ing kuburan, saperangan ana sing nusuli yaiku ngabar-ngabarake kabar lelayu marang sanak sedulur, saperangan nata upacara 'pelepasan jenazah', kepara uga ana saperangan sing ubet sibuk ing pawon. Yen jenazah wis rampung disuceni lan diulesi banjur disholati, 'gelombang demi gelombang', kepara ing saperangan desa ana sing ngedum amplop marang wong sing padha nyolati. Sakwise rampung disholati banjur dianaake upacara 'pelepasan jenazah', ing kono ana Dhuhkita Sabda Kulawarga, ana Tanggap Wacana Bela Sungkawa minangka Taushiyah, ana Donga, ana uga sing nganggo tlusupan (brobosan).
Yen wis tekan kuburan jenazah dileboake luwangan, ditata, terus diadzani, terus diqomati, nembe dipasangi gladhag lan diurugi. Sakwise rampung banjur ditalkin. Yen wis rampung talkin nembe wong bubar, sing kulawargane kepara malah ora melu bubar, nanging maca Qur'an ndhisik. Yen wis kabeh mau isih ana ngaji pendhak mbengi, ndongaake kanthi tahlilan nganti pitung ndinane. Iku kabeh minangka bageyane pakurmatan layon, minangka hake wong sing mati.
Magayutan karo isi blog babagan panatacara, ing ngendi peranane panatacara? Panatacara dadi MC upacara 'pemberangkatan jenazah', bisa uga ndhobel Dhuhkita Sabda Kulawarga.
Ing kuburan sing nalkin lumrahe Pak Kaum (modin), nanging ing jaman saiki jabatan Kaum ing desa iku sok ora jelas, ujare Kaum kuwi sing njabat Kaur Kesra, nanging nyatane sing dadi Kaur Kesra kuwi durung mesthi bisa dadi Kaum. Kebutuhane masyarakat karo pranatane pemerintah ora pethuk. Terus sing arep nalkin sapa? Akhire sukarelawan sing tandang, kadhang Pak Kyai utawa Ustadz yen ana. Kepeksane ra ana ya Panatacara, awit panatacara iku wong sing paling enthengan tampil ing ngarep umum.
Piye carane nalkin ? Iki ming conto :

Yen olehe mendhem wis rampung terus  sing nalkin lungguh ing arah kiblate pendheman ngadhepake pendhemane. Upamane sing mati jenenge Fulan. Kalimat-kalimat bahasa Arab (ayat Qur'an + donga) sengaja taktulis nganggo tulisan latin supaya bisa diwaca nganggo ponsel utawa gadget sing ora support huruf Arab. Conto sing krama inggil taktulis nganggo warna biru, kari milih arep ngoko apa krama.

Assalaamu'alaikum wr.wb.
Mangga kula aturi sami jumeneng sawetawis.
(hadirin padha ngadeg, sing nalkin thok sing lungguh)

Bismillahirrohmanirrohiim
Kullu syai-in haalikun illa wajhah. Lahul-hukmu wa-ilaihi turja'uun.
Kullu nafsin dzaa-iqotul-mauut. Wainnamaa tuwaffauna ujuurokum yaumalqiyaamati faman-zukh-zikha 'anin-naari wa-udkhilal-jannata faqod-faaz.
Wamal-hayaatud-dun-yaa illaa mataa'ul-ghuruur.
Minhaa kholaqnaakum wafiihaa nu'iidukum waminhaa nukhrijukum taarotan ukhroo.
Minhaa kholaqnaakum lil-ajri wats-tsawaab.
Wafiihaa nu'iidukum lidduudi watturoob.
Waminhaa nukhrijukum lil'urdhi wal-hisaab.
Bismillaah, wabillaah, waminallooh, wa-ilallooh, wa-'alaa millati rosuulillah SAW.
Haadzaa maa wa'adar-rohmaanu washodaqol mursaluun.
Inkaanat illaa shoihatan waakhidatan faidzaahum jamii-'ul-ladainaa mukhdloruun.

Fulan,
Saiki sira wis mati, lan saiki sira wis ngalih marang ngalam kubur, yaiku ngalam barzah. Sira aja nganti lali perkara kang sira sungkemi nalika sira pisah karo kita kabeh. Yaiku nekseni yen temen ora ana Pengeran kang haq kejaba Gusti Allah Ta'ala. Lan nekseni yen Nabi Muhammad iku utusane Gusti Allah Ta'ala.
Fulan,
Sing ngati-ati, yen sira ditekani malaikat loro kang dipasrahi nyoba marang sira, sira aja kaget lan aja geter, ngertiya, saktemene kang bakal nekani sira iku ya padha-padha makhluke Allah.
Fulan,
yen malaikat loro mengko takon marang sira mengkene, sapa pengeranmu? Apa agamamu? Sapa nabimu? Apa iktikodmu? Lan apa kang sira sungkemi nalika sira mati?
Yen sira ditakoni kaya mengkono jawaba, "ALLAH",
yen dikaping pindhoni pitakone jawaba maneh, "ALLAH",
yen dikaping teloni pitakone, yaiku pitakon kang pungkasan, sira jawaben kang tegas, aja kedher, lan aja kuatir,
Gusti Allah iku pengeranku, kitab Qur'an iku panutanku, sholat sembahyang iku kuwajibanku, wong Islam kabeh iku sedulurku. Nabi Ibrohim iku persasat bapakku. Aku urip lan mati netepi ucapan laa-ilaaha-illallooh, Muhammadur rosuulullooh.
Fulan,
hujjah kang dakweruhake marang sira iki cekelana kang temenan, ngertiya yen sira bakal manggon ing ngalam kubur nganti mbesuk dina kiyamat, yaiku dinane wong-wong ahli kubur padha ditangeake.
Fulan,
ngertiya, pati iku haq, manggon ing kubur, pitakone Munkar Nakir ana ing kubur, dinane tangi saking kubur, anane hisab, traju, wot shirotol-mustaqim, neraka lan suwarga iku kabeh haq mesthi anane. Setuhune dina kiyamat iku mesthi tumeka, lan setuhune Gusti Allah bakal nangeake wong kang ana ing ngalam kubur.

Wanas-tau-di'uka ya Allooh.
Allohumma, yaa aniisa kulli waahidin. Wayaa haadliron laisa yaghiibu. Aanis wahdatanaa, wa-wah-data-huu, warham ghur-bata-naa, waghur-bata-huu, walaq-qina-huu huj-jata-huu, walaa taftin-naa ba'da-huu, waghfir-lanaa wala-huu, yaa Allooh, yaa robbal-'aalamiin.
Sub-haana rob-bika rob-bil 'izzati 'am-maaa yashifuuun. Wasalaamun 'alal mur-saliin. Wal-hamdu-lil-laahi rob-bil-'aalamiin. Amin. Alfaatihah.
------------
====
Yen nganggo basa krama, upamane asmane Mbah Fulan, ukara mau diganti nganggo krama inggil:

Assalaamu'alaikum wr.wb.
Mangga kula aturi sami jumeneng sawetawis.
....(hadirin sami jumeneng, namung ingkang nalkin ingkang lenggah)...

Bismillahirrohmanirrohiim
Kullu syai-in haalikun illa wajhah. Lahul-hukmu wa-ilai-hi turja-'uun.
Kullu nafsin dzaa-iqotul-mauut. Wain-namaa tuwaf-fau-na ujuu-rokum yaumal-qiyaa-mati faman-zukh-zikha 'anin-naari wa-udkhilal-jannata faqod-faaz.
Wamal-hayaatud-dun-yaa illaa mataa'ul-ghuruur.
Minhaa kholaqnaakum wafiihaa nu'iidukum waminhaa nukhrijukum taarotan ukhroo.
Minhaa kholaqnaakum lil-ajri wats-tsawaab.
Wafiihaa nu'iidukum lidduudi watturoob.
Waminhaa nukhrijukum lil'urdhi wal-hisaab.
Bismillaah, wabillaah, waminallooh, wa-ilallooh, wa-'alaa millati rosuulillah SAW.
Haadzaa maa wa'adar-rohmaanu washodaqol mursaluun.
Inkaanat illaa shoihatan waakhidatan faidzaahum jamii-'ul-ladainaa mukhdloruun.

“Mbah Fulan,
Sakmenika panjenengan sampun seda, sakmenika panjenengan sampun ngalih panggenan wonten ing ngalam kubur, inggih menika ngalam barzah.
Panjenengan ampun kesupen dhateng perkawis ingkang panjenengan sungkemi rikala pisah kaliyan kita sedaya. Inggih menika anekseni bilih mboten wonten Pengeran ingkang haq kejawi namung Gusti Allah Ta'ala. Lan anekseni bilih Nabi Muhammad menika utusanipun Gusti Allah Ta'ala.
Mbah Fulan,
ingkang ngatos-atos, menawi dipun rawuhi malaikat kalih ingkang kadhawuhan nyobi dhateng panjenengan, ampun kaget, ampun geter, mangertosa bilih ingkang rawuh menika sami-sami makhlukipun Allah.
Mbah Fulan,
menawi malaikat kalih menika mangke tanglet dhateng penjenengan mekaten:
Sapa pengeranmu? Apa agamamu? Sapa nabimu? Apa iktikodmu? Lan apa kang sira sungkemi nalika sira mati?
Menawi dipun dangu mekaten panjenengan jawab kemawon, "ALLAH",
menawi dipun bangsuli malih pendangunipun inggih dipun jawab kemawon, "ALLAH",
menawi dipun kaping tigani pendangunipun, inggih menika pendangu ingkang pungkasan, penjenengan jawab ingkang tegas, ampun kedher, lan ampun kuatir,
Gusti Allah pengeran kula, kitab Qur'an panutan kula, sholat sembahyang kuwajiban kula, tiyang Islam sedaya sedherek kula. Nabi Ibrohim menika persasat bapak kula. Kula gesang lan pejah netepi kalimah laa-ilaaha-illallooh, Muhammadur rosuulullooh.
Mbah Fulan,
hujjah ingkang kula aturaken menika sumangga panjenengan cepeng kanthi saestu, panjenengan badhe manggen ing ngalam kubur ngantos mbenjang dinten kiyamat, inggih menika dintenipun tiyang-tiyang ahli kubur sami dipun tangeaken.
Mbah Fulan,
Mangertosa, pejah menika haq, manggen ing kubur, pendangunipun Munkar Nakir wonten ing kubur, dintenipun tangi saking kubur, wontenipun hisab, traju, wot shirotol-mustaqim, neraka lan suwarga, menika sedaya haq mesthi wontenipun. Saestu, dinten kiyamat menika mesthi badhe dumugi, lan saestu, Gusti Allah badhe nangeaken tiyang ingkang wonten ing ngalam kubur.”

Wanas-tau-di'uka ya Allooh.
Allohumma, yaa aniisa kulli waahidin. Wayaa haadliron laisa yaghiibu. Aanis wahdatanaa, wa-wah-data-huu, warham ghur-bata-naa, waghur-bata-huu, walaq-qina-huu huj-jata-huu, walaa taftin-naa ba'da-huu, waghfir-lanaa wala-huu, yaa Allooh, yaa robbal-'aalamiin. Sub-haana rob-bika rob-bil 'izzati 'am-maaa yashifuuun. Wasalaamun 'alal mur-saliin. Wal-hamdu-lil-laahi rob-bil-'aalamiin. Amin. Alfaatihah.


*SAW = shollalloohu 'alaihi wasallam
Kamis, 10 Februari 2011

NGACARANI TASYAKURAN NGUNDHUH MANTU

Seringkali di kampung acara pernikahan dilakukan sedemikian sederhana, terutama saat ngundhuh mantu. Di situ diadakan acara pengajian, tetapi tak ada tempat pelaminan buat pengantin. Mempelai bebas mau duduk-duduk di kamar, atau membaur dengan para tamu, bolah-boleh saja, asal saat mau'idzah hasanah ada di dekat penceramah, dan saat bubar berada di pintu pahargyan untuk bersalaman dengan para tamu yang pamitan, tetapi yang umum dilakukan di kampung saya adalah mempelai duduk lesehan di antara para tamu dekat 'podium'. Tetapi akan lebih semarak lagi kalau untuk acara demikian juga dibuatkan sasana rinengga, dan akan lebih bagus lagi jika ada Group Rebana untuk memeriahkannya.
Kata 'tasyakuran' dalam contoh ini lebih populer dengan kata 'walimatul 'ursy'.

Jika pengantinnya dirias secara khusus (memanggil juru rias / juru sumbaga) maka sebaiknya kedua mempelai didudukkan di sasana rinengga dengan acara khusus, biasanya pada acara urut nomor 2, yaitu setelah MC membuka acara, karena boleh jadi mau diadakan upacara adat. Tetapi jika tidak dirias secara khusus, karena mungkin saja pakaian pengantin yang dikenakan itu sudah dari sananya (dari tempat pahargyan pengantin putri) dan tanpa disertai (dipandu) sang juru rias, maka akan lebih baik sebelum MCnya membuka acara, sang pengantin didudukkan dulu, misalnya begitu rombongan pengantin datang, turun dari mobil terus didudukkan di sasana rinengga. Kalau ada Group Rebana, pada saat pengantin masuk ini tentunya mesti diiringi dengan musik rebananya. Setelah lagu selesai dan pengantinnya duduk, barulah MCnya tampil membuka acara.

Apa yang jadi tugas MC (panatacara) ? Berikut adalah contoh sederhana. (Pengantin sudah didudukkan terlebih dahulu).

Assalamu'alaikum wr.wb.
( ayat )

Dhumateng panjenenganipun ingkang dhahat kinabekten, para sesepuh saha para pinisepuh ingkang tansah anggung mestuti dhumateng pepoyaning kautamen, langkung-langkung panjenenganipun Bp _____________ ingkang dhahat pinundhi, panjenenganipun ______________ ingkang kula mulyaaken, panjenenganipun Bp _(penceramah)___ ingkang tansah kaantu-antu barokah, miwah mau'idzah hasanahipun.
Panjenenganipun para ngalim, para ngulama, para kyai lan para ustadz, ingkang tansah kaantu-antu barokah, pendonga, miwah pitutur luhuripun.
Panjenenganipun para pangreh pangemban pangembating praja, nuwun inggih Bpk Lurah dalah para Perangkat Desa, minangka pandam pandom pengayomaning para kawula dasih ingkang pantes sinudarsana.
Sumawana sanggyaning para rawuh, para pilenggah, para tamu, kakung miwah putri, ingkang tuhu pantes hanampi sagunging pakurmatan, para sanak kadang wredha-mudha lan tumaruna ingkang mahambeg ing tresna lan asih, menapadene para pengombyong temanten saking _______________ ingkang tansah winantu ing bagya mulya.
Sugeng rawuh, wilujeng siang, sugeng pepanggihan, lan sugeng lelenggahan.

Langkung rumiyin mangga kula panjenengan ngluhuruken asmanipun Gusti Ingkang Maha Agung, Allah SWT, ngonjukaken raos syukur, karana sih rohmat miwah barokahipun ingkang sampun kaparingaken dhumateng panjenengan sedaya lan kula, sahengga wonten ing menika wekdal kula panjenengan sedaya saged makempal wonten menika papan kanthi pinaringan kawilujengan tuwin karaharjan, mboten manggih alangan setunggal menapa. Pramila saking menika sumangga nuwun kula dherekaken ngikroraken raos syukur, kanthi sesarengan maos kalimah tahmid 'alhamdulillahirobbil'alamin'. Mugi-mugi salwiring gati tansah manggih kawilujengan, rahayu, nirmala, niskala, tebih saking sakathahing reridhu lan panyendhu, kalis ing rubeda.

Shalawat lan salam mugi tansah lumintu lumintir dhumateng titah linangkung ingkang dados panutan patuladhan kula panjenengan sedaya, nuwun inggih Sang Nabi Agung Muhammad SAW ingkang kula panjenengan antu-antu syafangatipun wonten yaumil qiyamah. Allahumma amin.

Para rawuh, para pilenggah ingkang dhahat kinurmatan, kakung sumawana putri.
Langkung rumiyin kula nyuwun agunging pangaksami, akarana sampun kumawantun nggempil kamardhikan panjenengan sawetawis. Sedaya kalawau inggih awit saking awrat ngemban dhawuh pangandikan panjenenganipun Bp/Ibu __(pemangkugati)__, kajibah ndherekaken lampahing adicara ing wekdal siang menika, nuwun inggih adicara tasyakuran nikahipun mas ________________ ingkang sampun kalampahan akad nikah kaliyan mbak _______________ putra panjenenganipun Bp/Ibu______________ ingkang pidalem ing ______________.

Anamung sakderengipun, nglenggana bilih kula namung boboting tiyang jugul ingkang cubluk ambalilu, kothong ing seserepan, miwah asor ing samukawis, pramila kirang jangkeping trapsila, menapa dene cupet, cewet atur kula ing mangke, ingkang mboten saged adamel suka renaning penggalih panjenengan sedaya, keparenga kula nyuwun agunging samodra pangaksami.

Para rawuh, para pilenggah ingkang tuhu kinurmatan, kakung miwah putri. Keparenga langkung rumiyin kula aturaken menggah urut reroncening adicara ingkang sampun karakit dening para kadang kulawarga kangge ngrenggani tasyakuran ing wekdal menika,
  • Ingkang sepisan nuwun inggih pambuka.
  • Urut angka kalih nuwun inggih Waosan wahyu suci Al Qur'an.
  • Urut kaping tiga inggih menika Atur pambagyaharja.
  • Salajengipun srah tinampen putra temanten putri minangka urut adicara ingkang kaping 4 lan 5.
  • Kalajengaken sumene sawetawis minangka urut kaping 6.
  • Urut reroncening adicara ingkang angka 7, inggih menika Sabdatama utawi Mau'idzah Hasanah.
  • Wondene urut adicara ingkang pungkasan nuwun inggih Donga Panutup.
Mekaten para rawuh menggah urut reroncening adicara ingkang badhe kaatur. Sanget ing panyuwunipun Bp/Ibu ___________________ dalah gotrah kulawarga, keparenga panjenengan sedaya paring puja-puji pangastuti dhumateng putra temanten, sinambi lelenggahan ngantos purnaning adicara ing mangke, kanthi mardu mardhikaning penggalih.

Dene minangka tandha purnaning adicara menika menawi mangke putra temanten sampun jumeneng wonten sangajenging tarub kakanthi tiyang sepuhipun, saperlu jawat asta nguntapaken kondur para tamu.

Dene kula pribadhi tansah nyuwun tambahing pangestu, mugi-mugi anggenipun ndherekaken cak-cakaning adicara menika saged rancag, lancar, mboten manggih alangan setunggal menapa. Allahumma amin.

Bapak-bapak, ibu-ibu saha sanggyaning para rawuh para lenggah para tamu ingkang dhahat kinurmatan, minangka pambukaning adicara, sumangga nuwun kula dherekaken maos ummul kitab sesarengan. Liridho-illahi ta'ala walisyafa'ati rosulillah SAW al faatihah.

===(maos fatihah)===

Matur nuwun, mugi-mugi lantaran waosan kalawau adicara ing wekdal siang menika saged lancar, rancag, mboten manggih alangan setunggal menapa, wiwit purwa, madya, hengga wusananipun. Allahumma amin.

Salajengipun ndungkap adicara ingkang urut angka 2, nuwun inggih Waosan Wahyu Suci Al Qur'an. Ingkang menika katur dhumateng panjenenganipun ingkang sampun piniji, nuwun inggih ____________ wekdal saha papan kula sumanggaaken. Sumangga nuwun.

===(waosan wahyu suci Al Qur'an)===

Mekaten para rawuh menggah Waosan Wahyu Suci Al Qur'an ingkang sampun kawaos dening panjenenganipun ____________, mugi-mugi saged nambah santosaning iman kula panjenengan sedaya, allahumma amin. Dhumateng panjenenganipun _____________ kula aturaken agunging panuwun.

Adicara salajengipun inggih menika Atur Pambagyaharja saking panjenenganipun ingkang hamengkugati ingkang badhe kasulih salirani dening panjenenganipun Bp ____________. Ingkang menika katur dhumateng panjenenganipun Bp ___________ wekdal saha papan kula sumanggaaken. Sumangga nuwun.

=========(Atur Pambagyaharja)========

Mekaten Atur Pambagyaharja saking panjenenganipun Bp _____________ minangka wakil saking kulawarga Bp/Ibu ________________, dhumateng panjenenganipun kula aturaken agunging panuwun.

Adicara salajengipun inggih menika Srah Tinampen putra temanten putri. Ingkang menika katur dhumateng panjenenganipun Bp ________________ minangka duta saraya pasrah, wekdal saha papan kula sumanggaaken. Sumangga, nuwun.

====(Pasrah Temanten Putri)===

Mekaten Atur Pasrah putra temanten putri ingkang sampun kaaturaken kanthi wijang wijiling pangandikan. Dhumateng panjenenganipun Bp ______________________ kula aturaken agunging panuwun.

Salajengipun Atur Panampi ingkang badhe kasalirani panjenenganipun Bp ______________. Ingkang menika katur dhumateng panjenenganipun Bp ______________ wekdal saha papan kula sumanggaaken. Nuwun.

=====(Tampi Temanten)===

Mekaten Atur Panampi ingkang sampun kasalirani panjenenganipun Bp _______________ kanthi cetha wijang wijiling pangandikan. Dhumateng panjenenganipun Bp _______________ kula aturaken agunging panuwun.

Adicara salajengipun inggih menika sumene sawetawis. Para kadang kaneman badhe sowan wonten ngarsa panjenengan sedaya saperlu atur pasugatan sawetawis. Ingkang menika katur dhumateng para kadang kaneman ingkang dados juru ladi, saha para kadang Group Rebana ingkang badhe caos panglipur, wekdal kula sumanggaaken. Nuwun.

=====(dhaharan kaladosaken)===

Mangga keparenga angrahabi pasugatan sepala ingkang sampun kaladosaken menika kanthi mardu mardhikaning penggalih. Ingkang dereng pikantuk keparenga nyebar godhong kawis, sabar sawetawis, sinambi midhangetaken irama panglipur sawetawis ingkang kaaturaken dening ....(kadang panata pitaswara / para kadang Group Rebana ____________). Sumangga, nuwun.

=====(sumene)======

Nyuwun pangapunten wekdal sumene kula punggel semanten, mboten ateges angirangi kamardhikan panjenengan sedaya, ananging kangge nglajengaken adicara ingkang salajengipun.

Adicara salajengipun inggih menika Sabdatama utawi Mau'idzah-Hasanah minangka sanguning putra temanten anggenipun badhe ambyur lelumban ing madyaning bebrayan agung, lan ing mangke katerasaken Donga Panutup. Mau'idzah Hasanah saha imam Donga samangke badhe kasuwunaken dhumateng panjenenganipun Bp___________ .

Ananging sakderengipun wekdal kula aturaken dhumateng panjenenganipun, keparenga kula ngambali atur bilih tandha purnaning adicara menika menawi mangke putra temanten sampun jumeneng wonten sangajenging tarub kakanthi tiyang sepuhipun saperlu jawat asta nguntapaken kondur para tamu. Pramila saking menika, mangke, saksampunipun donga paripurna, keparenga panjenengan sedaya para pilenggah, nyrantos sawetawis ngantos putra temanten lan tiyang sepuhipun jumeneng wonten sangajenging tarub, nembe panjenengan sumusul jengkar saking palenggahan, sakderengipun kondur keparenga samya jawat asta kaliyan putra temanten lan tiyang sepuhipun, minangka tandha, bilih kula panjenengan menika rawuh mboten namung paring paseksen, nanging ugi paring idi pendonga lan pangestu. Mekaten, lan sakderengipun kula aturaken agunging panuwun.

Salajengipun wangsul dhumateng pribadhi kula ingkang tinanggenah ndherekaken lampahing adicara ing wekdal menika, mbok bilih wonten kekirangan, kalepatan saha keladukipun saking arah menapa kemawon ingkang adamel kirang renaning penggalih panjenengan sedaya, keparenga kula nyuwun agunging sih samodra pangaksami.

Ing wasana, billahittaufiq walhidayah, wassalamu'alaikum wr.wb.

Dhumateng panjenenganipun Bp______________ wekdal saha papan kula sumanggaaken. Sumangga, nuwun.

===(Mau'idzah Hasanah + Donga Panutup)===

Catatan:
Biasanya di kampung, saat para tamu datang memasuki tempat pahargyan akan disambut penerima tamu sambil dikasih suguhan makanan ringan beserta segelas minuman, biasa disebut snack. Karena itu yang dimaksud Sumene disini adalah istirahat untuk makan nasi yang dibagikan, bisa dalam bentuk sajian di piring atau di dalam kotak.
Jika tak ada Group Rebana maka musik pengisi Sumene adalah dari rekaman (tape, CD, dll), karena itu yang dikatakan MCnya adalah
"sinambi midhangetaken irama panglipur sawetawis ingkang kaaturaken dening kadang panata pitaswara".
Sedang jika ada Group Rebana maka yang dikatakan MCnya adalah
"sinambi midhangetaken irama panglipur sawetawis ingkang kaaturaken dening para kadang Group Rebana ...................... "

Yang perlu dilakukan Group Rebana pada acara ini adalah memainkan lagu untuk:

  1. Sebelum acara dimulai
  2. Saat pengantin masuk ke sasana rinengga hingga pengantin duduk, pada contoh di atas point 1 dan 2 ini jadi satu
  3. Saat istirahat (sumene), biasanya 2 lagu atau lebih tergantung suasana
  4. Saat bedholan, yaitu seusai Do'a, untuk mengiringi pengantin turun dari sasana rinengga, mengiringi saat-saat bersalaman hingga hingga bubar.
Pada contoh di atas bagian Sabdatama / Mau'izhah-hasanah dan Doa disatukan/disederhanakan, hal ini sering dilakukan jika kekurangan orang yang bisa dimintai tolong untuk tampil.
Selasa, 08 Februari 2011

Ngacarani Pengajian

Assalamu'alaikum wr.wb.
( ayat )
Wonten ngarsanipun para pinisepuh, saha para sesepuh ingkang kinabekten, langkung-langkung panjenenganipun almukarrom Bp _____________ saking _______________ lan almukarrom Bp ______________________ saking _____________________ingkang tansah kaantu-antu barokah, miwah mau'idzah hasanahipun.
Panjenenganipun para ngalim, para ngulama, para kyai lan para ustadz, ingkang rinten ndalu tansah sumandhing kitab suci wahyuning Ilahi, ingkang tansah kaantu-antu barokah pendonga, miwah pitutur luhuripun.
Panjenenganipun para pangreh pangemban pangembating praja nayakaning negari, nuwun inggih Bpk Lurah dalah para perangkat Desa, minangka pandam pandom pengayomaning para kawula dasih ingkang pantes sinudarsana.
Panjenenganipun para rawuh para pilenggah kakung sumawana putri, hadlirin hadlirat majlis taklim ingkang tansah winantu ing suka rahayu lan dhahat kinurmatan.
Sugeng rawuh, wilujeng siang, lan sugeng pepanggihan.

Langkung rumiyin mangga kula panjenengan ngluhuruken asmanipun Gusti Ingkang Maha Agung, nenggih Allah SWT, saha ngonjukaken raos syukur karana sih rohmat miwah barokahipun ingkang sampun kaparingaken dhumateng panjenengan sedaya lan kula, sahengga wonten menika wekdal panjenengan sedaya lan kula, saged makempal wonten menika papan kanthi pinaringan kawilujengan lan karaharjan mboten manggih alangan setunggal menapa. Pramila saking menika sumangga nuwun kula dherekaken sesarengan maos kalimah tahmid 'alhamdulillahirobbil'alamin.' Mugi-mugi salwiring gati tansah manggih kawilujengan, rahayu, nirmala, niskala, tebih saking sakathahing reridhu lan panyendhu, kalis ing rubeda.
Shalawat lan salam mugi tansah lumintu lumintir dhumateng titah linangkung ingkang dados panutan patuladhan kula panjenengan sedaya nenggih Sang Nabi Agung Muhammad SAW ingkang kula panjenengan antu-antu syafangatipun wonten yaumil qiyamah. Allahumma amin.

Para rawuh, para pilenggah majlis taklim ingkang tuhu kinurmatan, kakung miwah putri.
Langkung rumiyin kula nyuwun pangapunten awit lajeng kumawantun nggempil kamardhikan panjenengan sawetawis. Sedaya kalawau inggih awit saking awrat ngemban dhawuh para kadang panitia pengaosan, kajibah ndherekaken lampahing adicara ing wekdal siang menika, nuwun inggih adicara Pengaosan Pengetan Wiyosan Dalem Nabi Agung Muhammad SAW, utawi Mauludan, Dhusun ___________ ing tahun 14___ Hijriyah menika.

Anamung saderengipun, nglenggana bilih kula namung boboting tiyang jugul ingkang cubluk ambalilu, kothong ing seserepan, miwah asor ing samukawis, pramila kirang jangkeping trapsila, menapa dene cupet, cewet atur kula ing mangke, ingkang mboten saged adamel suka renaning penggalih panjenengan sedaya, keparenga kula nyuwun agunging samodra pangaksami.

Para rawuh, para pilenggah ingkang tuhu kinurmatan, kakung miwah putri. Keparenga langkung rumiyin kula aturaken menggah urut reroncening adicara ingkang sampun karakit dening para kadang panitia kangge ngrenggani pengaosan mauludan ing wekdal siang menika.
  • Ingkang sepisan nuwun inggih pambuka.
  • Urut angka kalih nuwun inggih Waosan wahyu suci Al Qur'an katerasaken waosan shalawat.
  • Urut kaping tiga inggih menika waosan kalimah toyyibah utawi tahlil.
  • Salajengipun tanggap wacana utawi sambutan minangka urut angka 4. Sambutan ingkang sepisan saking panitia penyelenggara, dene sambutan ingkang angka kalih nuwun inggih sambutan saking Bapak Kepala Desa.
  • Urut reroncening adicara ingkang angka 5, inggih menika Pengaosan agami kanthi Mau'idzah Hasanah. Mau'idzah Hasanah ingkang angka setunggal badhe pun suwunaken dhumateng panjenenganipun almukarrom Bp ________________________ saking ________________, dene ingkang angka kalih badhe pun suwunaken dhumateng panjenenganipun almukarrom Bp _____________________ saking ______________________.
  • Wondene urut adicara ingkang pungkasan nuwun inggih Donga Panutup.
Mekaten para rawuh menggah urut reroncening adicara ingkang badhe kaatur. Sanget ing panyuwunipun para kadang panitia penyelenggara, keparenga panjenengan sedaya hanjenengi (mensukseskan) adicara pengaosan menika ngantos purnaning adicara ing mangke, sinambi lelenggahan kanthi mardu mardikaning penggalih.
Dene kula pribadhi tansah nyuwun tambahing pangestu, mugi-mugi anggenipun ndherekaken lampahing adicara pengaosan menika saged rancag, lancar, mboten manggih alangan setunggal menapa. Allahumma amin.
Bapak-bapak, ibu-ibu saha sanggyaning para rawuh para lenggah ingkang kinurmatan, minangka pambukaning adicara pengaosan, sumangga nuwun kula dherekaken maos ummul kitab sesarengan. Liridho-illahi ta'ala walisyafa'ati rosulillah sollallohu 'alaihi wasallam al faatihah.
===(maos fatihah)===
Matur nuwun, mugi-mugi lantaran waosan kalawau adicara pengaosan ing wekdal siang menika saged lancar, rancag, mboten manggih alangan setunggal menapa. Allahumma amin.
Salajengipun sumangga kula dherekaken ngancik adicara ingkang urut angka 2, nuwun inggih Waosan Wahyu Suci Al Qur'an katerasaken Waosan Shalawat. Ingkang menika katur dhumateng panjenenganipun ingkang sampun piniji, nuwun inggih _____________________ wekdal saha papan kula sumanggaaken. Sumangga nuwun.

===(waosan wahyu suci Al Qur'an + shalawat)===

Mekaten para rawuh menggah Waosan Wahyu Suci Al Qur'an lan waosan shalawat ingkang sampun kawaos dening panjenenganipun ___________________, mugi-mugi saged nambah santosaning iman kula panjenengan sedaya, saha nambah raos mahabbah kula panjenengan sami dhumateng Junjungan kita Nabi Agung Muhammad SAW, ingkang kula panjenengan antu-antu syafangatipun wonten yaumil qiyamah, allahumma amin. Dhumateng panjenenganipun _________________ kula aturaken agunging panuwun.
Ndungkap adicara salajengipun inggih menika, Waosan Kalimah Toyyibah utawi Tahlil. Minangka imam badhe kasuwunaken dhumateng panjenenganipun _____________________. Dhumateng panjenenganipun _______________ wekdal saha papan kasumanggaaken. Sumangga, nuwun.

===(Tahlil)===

Mekaten waosan kalimah toyyibah utawi tahlil ingkang sampun kawaos sesarengan, mugi-mugi para arwah ingkang kasebat kalawau pikantuka maghfirah saking ngarsa dalem Allah SWT saha katampi sedaya amal kesaenanipun, allahumma amin. Dhumateng panjenenganipun __________________ kula aturaken agunging panuwun.
Adicara salajengipun inggih menika Tanggap Wacana (sambutan-sambutan). Tanggap wacana ingkang urut sepisan inggih menika saking Panitia penyelenggara pengaosan. Ingkang menika katur dhumateng panjenenganipun Bp ________________ minangka wakil panitia penyelenggara, wekdal saha papan kula sumanggaaken. Sumangga nuwun.

=========(Sambutan Panitia Penyelenggara)========

Mekaten Tanggap Wacana saking panjenenganipun Bp ____________________ minangka wakil saking panitia penyelenggara, dhumateng panjenenganipun kula aturaken agunging panuwun.
Ndungkap adicara salajengipun inggih menika Tanggap Wacana saking panjenenganipun Bpk Kepala Desa. Ingkang menika katur dhumateng panjenenganipun Bp ________________ wekdal saha papan kasumanggaaken. Sumangga, nuwun.

====(Sambutan KaDes)===

Mekaten Tanggap Wacana saking panjenenganipun Bp Kepala Desa, mugi-mugi dados manfangat ingkang nyumrambah dhumateng kula panjenengan sedaya. Dhumateng panjenenganipun Bp Kepala Desa kula aturaken agunging panuwun.
Adicara salajengipun inggih menika sumene sawetawis. Ingkang menika katur dhumateng para kadang panitia wekdal kula sumanggaaken. Nuwun.

=====(sumene)===

Nyuwun pangapunten wekdal sumene kula punggel semanten kangge nglajengaken adicara ingkang salajengipun.
Ndungkap adicara salajengipun inggih menika Mau'idzah-Hasanah minangka inti pengaosan ing dinten menika. Mau'idzah Hasanah ingkang angka setunggal badhe kasuwunaken dhumateng panjenenganipun almukarrom Bp_____________________ saking _____________________. Dhumateng panjenenganipun almukarrom Bp_____________________ wekdal saha papan kula sumanggaaken. Sumangga, nuwun.

==========(Mau'idzah Hasanah I)=========

Para rawuh para lenggah, ingkang dipun mulyaaken Allah, mekaten wau mau'idzah-hasanah ingkang sampun kawedharaken panjenenganipun almukarrom Bp ____________________. Mugi-mugi saged dados sangu kula panjenengan sedaya anggenipun netepi darmaning agesang anggayuh ridhanipun Allah SWT, allahumma amin. Dhumateng panjenenganipun almukarrom Bp ________________________ kula aturaken agunging panuwun.
Adicara salajengipun inggih menika Mau'idzah Hasanah ingkang angka kalih, ingkang badhe pun suwunaken dhumateng panjenenganipun almukarrom Bp _____________________ saking _________________________. Katur dhumateng panjenenganipun almukarrom Bp ________________________ wekdal saha papan kula sumanggaaken, sumangga, nuwun.

==========(Mau'idzah Hasanah II)=========

Para rawuh para lenggah, ingkang dipun mulyaaken Allah, mekaten wau mau'idzah-hasanah ingkang sampun kawedharaken panjenenganipun almukarrom Bp ____________________. Mugi-mugi saged dados sangu kula panjenengan sedaya anggenipun netepi darmaning agesang anggayuh ridhanipun Allah SWT, allahumma amin. Dhumateng panjenenganipun almukarrom Bp ________________________ kula aturaken agunging panuwun.
Adicara salajengipun inggih menika Donga Panutup. Minangka imam donga badhe kasuwunaken dhumateng panjenenganipun almukarrom Bp _____________.
Ananging sakderengipun wekdal kula aturaken dhumateng panjenenganipun,
keparenga kula ngaturaken pengumuman,
  • ingkang angka setunggal, ngaturi priksa bilih infaq panjenengan sedaya makempal Rp _________________ , mugi-mugi saget dados manfangat ingkang sakkathah-kathahipun, allahumma amin.
  • Ingkang angka kalih …..................................
Salajengipun, wangsul dhumateng kula sakadang ingkang tinanggenah ndherekaken lampahing adicara ing wekdal menika, nuwun inggih :
  • Kula minangka Pembage wekdal
  • dalah para kadang panitia penyelengara pengaosan
  • saha minangkani para warga  _____(ingkang kenggenan)_______,
mbok bilih wonten kekirangan, kalepatan saha keladukipun saking arah menapa kemawon ingkang adamel kirang renaning penggalih panjenengan sedaya, kula sakadang nyuwun agunging samodra pangaksami.
Mboten kesupen, saparipurnaning Donga ing mangke kula aturaken “matur nuwun, lan ndherekaken Sugeng Kondur, mugi tansah manggih wilujeng dumugi ing dalem.”
Billahittaufiq walhidayah, wassalamu'alaikum wr.wb.
====
Katur panjenenganipun almukarrom Bp ___________________ kula sumanggaaken. Nuwun.
=====(Donga panutup)=====
Senin, 07 Februari 2011

Fakta Unik

Menurut hasil riset lan penelitiane Profesor Doktor Kadas Pol nemokne babarepa fakta unik, Yoiku:
  • Sing pertama "Jumlahe baris tiap jagung mubenge mesti genep ora ono sing ganjil". Nyapo kok mesti genep? jawabane mergo nek ono sing jumlahe ganjil berarti iku pas sing salah cetak.
  • Fakta kepindo "Uwong ngiseng iku mesti nguyuh" ora ono wong ngiseng sing ora nguyuh, nek ndak percoyo jijalen dewe, iso pora sampean ngiseng tapi ojo nguyuh?
  • Fakta ketelu "Peli iku mesti ngaceng pas tangi turu" nek pelimu ora ngaceng segeralah pergi ke mbak erot. artine peli ngaceng pas tangi turu iku menandakan pelimu sek normal.
Sing tak tulis iku ilmu dudu' saru nek dianggep saru yoben, saru ritek sing penting seru.
Selasa, 01 Februari 2011

Upacara Panggih, urut-urutan dan maknanya

Upacara Panggih, atau lengkapnya disebut Upacara Adat Widhiwidana Panggih, adalah upacara yang penting dan sakral bagi orang Jawa karena sebagai akad-nikahnya adat Jawa. Walau begitu bisa terjadi antara pengantin yang satu dengan yang lainnya bisa berbeda tata caranya, hal itu disebabkan latar belakang juru rias atau juru sumbaga-nya berbeda. Lain dukun lain tatacara, walau usaha-usaha standarisasi itu nampaknya sudah ada di buku-buku, tapi kenyataannya masih terjadi simpang siur. Berikut ini urut-urutan upacara Panggih yang saya dapat dari seorang guru saya.

Memandu upacara adat widhiwidana panggih bukanlah hal yang ruwet, bukan hal yang rumit, bukan pula hal yang sulit. Juru rias saat memandu upacara adat widhiwidana panggih berperan sebagai 'dukun', sebagai 'juru sumbaga' yang menjadi fasilitator upacara, fungsinya mirip seperti penghulu pada upacara akad nikah. Biasanya bekerja sama dengan juru foto yang mengabadikan moment peristiwa sakral tersebut, dan panatacara yang menjadi reporter jalannya peristiwa. Dengan membaca artikel ini ditambah menyaksikan sekali saja, jangankan juru rias, orang biasapun pasti seterusnya bisa.
Upacara panggih lengkapnya disebut upacara adat widhi widana panggih, yaitu suatu tata cara mulia yang diturunkan oleh Tuhan untuk membuat hati hambaNya tenteram. (Widhi=Tuhan; widana=pemberian yang bersifat mulia). Kata panggih itu sendiri merupakan akronim dari 'pangudi gambuhing penggalih' artinya yang membuat hati tenteram. Upacara ini fungsinya sama dengan akad-nikah dalam agama Islam, yaitu mempersaksikan kehendak berumah tangga di hadapan manusia dan Tuhan. Setiap agama ataupun suku bangsa punya tata cara sendiri yang satu sama lain berbeda tetapi tujuannya sama, yaitu untuk urusan perkawinan manusia harus melalui proses upacara ritual tertentu lebih dahulu. (Bandingkan dengan dunia hewan yang bebas gitu...). Mungkin pada zaman dahulu kala Tuhan mengajarkan upacara panggih itu kepada suku Jawa sebagaimana Dia mengajarkan akad-nikah kepada bangsa Arab. Katanya sih, upacara panggih itu warisan budaya kuno Jawa.

Upacara panggih antar daerah bisa beda, tapi itu lebih tergantung pada sang juru sumbaga (=juru rias, dukun manten) menguasai tatacaranya atau tidak, maklum budaya ini sudah luntur terdesak budaya lain yang masuk. Umumnya mempelai putri dihadirkan lebih dahulu, biasanya didudukkan di kursi pelaminan, "ini lho calon mempelai wanitanya, cantik kan?", kira-kira begitu temanya. Lalu mempelai pria dihadirkan sampai ke tempat upacara yaitu di depan kursi pelaminan, "tuh calon pengantin prianya, gagah kan?", kira-kira begitu temanya. Mempelai putri berdiri turun dari pelaminan hingga berhadapan dengan mempelai pria.

Gantal sadak
Setelah berhadap-hadapan dengan jarak beberapa langkah mereka saling melempar gantal. Gantal adalah daun sirih yang digulung diikat dengan benang. Ada pula yang tidak dilempar tetapi ditukar kemudian diremas lalu dijatuhkan di situ. Kedua mempelai membulatkan tekadnya untuk membangun mahligai rumah tangga bagaikan membulatkan gulungan daun sirih. Daun sirih itu atas bawahnya pasti terlihat beda, tetapi kalau digigit rasanya di lidah sama saja. Itulah pengandaian kedua mempelai, mereka beda jenis kelamin tetapi tekadnya membangun mahligai rumah tangga sudah sama. Niat yang sama itu menjadikan mereka terikat janji luhur untuk hidup bersama, mereka mengikat janji dengan ikatan benang pada gulungan daun sirih.

Mecah hantiga / wiji dadi
Di hadapan kedua mempelai kemudian diletakkan telor ayam dan air, mempelai pria menginjak telor tadi dengan kaki kanan sampai telornya pecah mengotori kakinya. Sambil menginjak itu mempelai pria membulatkan niatnya untuk 'ngayani, ngayemi, ngayomi' (=mencukupi, membahagiakan dan melidungi) pasangannya sebab sadar bahwa tindakannya mengawini pasangannya adalah merusak status keperawanannya yang tidak mungkin pulih kembali lagi bagaikan pecahnya telor, karena itu bertekad: berani merusak tentu harus berani membangun dengan 'ngayani, ngayemi, ngayomi'. Pada model paes ageng Jogja telor tersebut tidak diinjak, tetapi oleh sang juru sumbaga disentuhkan ke dahi kedua mempelai kemudian dibanting hingga pecah di tempat yang telah disediakan. (tapi sssstt..... kadang-kadang diam-diam telor yang dibanting itu nggak pecah lho..)

Wijik suku
Mempelai putri kemudian berjongkok membasuh kaki yang kotor tadi dengan air yang disediakan kemudian melapnya sampai kering, saat itu dia menyadarkan dirinya akan tugasnya, yaitu berbakti pada suami, berbakti itu terkadang berat, boleh jadi suatu ketika hal menjijikkan macam membasuh kaki kotor akan dijalani.

Lantingan
Setelah kakinya bersih mempelai pria memakai lagi selopnya, lalu membimbing mempelai wanita berdiri sejajar di samping kirinya, ini disebut 'lantingan'. Saat itu mempelai pria menyadarkan dirinya bahwa harkat, martabat dan derajat pasangannya itu sejajar, setara dengan dirinya. Istilah sekarang disebut 'kesetaraan gender'.

Singeb sindur / sindur binayang
Sang ibu mempelai putri me'nyingeb'kan selendang sindur ke punggung kedua mempelai, singeb artinya selimut, kedua ujungnya dipegang oleh sang ayah yang kemudian 'menyeret' membimbingnya menuju kursi pelaminan, sedang sang ibu meletakkan kedua tangannya di punggung kedua mempelai seperti mendorong.
Sindur artinya anugerah air kehidupan, yaitu kehidupan dalam hubungan suami istri. Setelah selesai upacara, hubungan itu sudah 'halal' bagi kedua mempelai. Hubungan itulah yang akan selalu mempersatukan mereka karena mereka terselimuti pengaruh hubungan itu. Tanpa hal itu rumah tangga bisa goyah atau bahkan hancur. Tetapi awas jangan sembarangan menggunakannya, karena itulah diperingatkan dengan warna selendang sindur yang merah di tengahnya, sedang warna putih di tepinya melambangkan air kehidupan itu. Sang ayah 'menyeret' membimbingnya, ini menyadarkan kedua mempelai untuk mengarahkan hak hubungan suami istri itu kepada nilai-nilai luhur (=akhlakul karimah). Sedang sang ibu 'mendorong' punggung mereka sebagai isyarat bahwa orang tua selalu memberi dukungan moral.

Timbangan / pangkon
Setelah sampai di kursi pelaminan sang ayah duduk, kedua mempelai duduk dipangku di lutut sang ayah. Pada saat itu sang ayah menimbang berat mereka dengan hatinya, sudah sama belum kasih sayangnya terhadap mereka, yang satu anak yang satu menantu, lalu sang ibu bertanya, "awrat pundi Pak?" (=berat mana Pak?). Lalu sang ayah menjawab, "ah, padha wae" (=ah, sama saja). Orang tua tak lagi membedakan antara anak dan menantu, keduanya merupakan anak sendiri.

Tanceban / Tandur / Wisudan
Kemudian mereka berdiri, sang ayah memegang pundak mereka, membimbing mereka duduk berdampingan di kursi pelaminan, kesannya seperti sedang ditancapkan (=tanceban), atau bagaikan tanaman padi yang ditanam (=tandur), atau diwisuda, dari status calon temanten diwisuda menjadi temanten. Dengan isyarat ini orang tua telah menempatkan mereka di tempat yang seharusnya yaitu rumah tangga.

Kacar-kucur
Pengantin pria menuangkan 'tampa kaya' dari lipatan 'klasa bangka' ke pangkuan mempelai putri yang dialasi selembar 'kacu gembaya' untuk membungkusnya. Mempelai putri kemudian menyerahkan bungkusan tersebut kepada ibunya. 'Tampa kaya' biasanya berupa beras kuning disertai biji-bijian dan bumbu dapur seperti kacang, kedelai, bawang merah, bawang putih, cabai, dsb. Artinya pria memberikan nafkah pada istrinya. 'Klasa bangka' adalah tikar pandan kecil, umumnya diganti dengan kain sindur yang dilipat. 'Kacu gembaya' adalah saputangan khusus yang tengahnya berbentuk kantung. Dalam rumah tangga istri bertugas memanage ekonomi rumah tangga, dalam memanage itu mesti ingat orang tuanya, karena itulah mempelai putri menyerahkan bungkusan pada ibunya.

Dulangan
Intinya mempelai pria menyuapi mempelai putri dengan sekepal nasi sebagai ibarat berperan sebagai guru pembimbing dalam rumah tangga. Dalam perkembangannya menjadi dulang-dulangan, kedua mempelai saling menyuapi yang bisa diartikan sebagai saling kompak. Dalam praktek umumnya nasinya adalah nasi kuning yang dibuat tumpeng, bahkan dilengkapi ingkung, tetapi menurut nara sumber yang saya percayai bahwa pakai nasi putih saja sudah cukup.

Ngunjuk tirta wening
Mempelai saling memberi minum dengan air putih, ada pula pakai rujak degan. Bermakna harapan akan kejernihan hati di dalam berumah tangga sebagaimana jernihnya air putih, atau harapan akan keturunan dengan minum rujak degan.

Langkah-langkah upacara dari Timbangan hingga Ngunjuk Tirta Wening ini disebut upacara adat Krobongan karena dilakukan di dalam krobong. Tentang krobong ini umumnya berupa sasana rinengga, tetapi ada pula yang pakai ruang tengah rumah. Krobong=robyong= ruang tengah rumah adat Jawa bagian kiri. Dekorasi sasana rinengga adalah 'tiruan' ruang tengah bagian kiri rumah adat Jawa. Pada zaman dahulu konon krobong merupakan tempat untuk melakukan ritual, karena itu upacara adat krobongan itu bagaikan sembahyang, yaitu mempersaksikan kehendak berumah tangga kepada Yang Maha Kuasa.

Sungkeman
Sebagai penutup upacara adat kedua mempelai sungkem pada orang tua sebagai tanda berbakti.
Menjelang acara sungkeman ini kalau orang-orang gedean biasa ada acara 'Besan Mertuwi', tapi pada masyarakat kelas bawah biasanya tidak. (Mertuwi gimana, wong sejak awal upacara sang besan sudah duduk di antara para tamu di depan pelaminan menyaksikan keseluruhan rangkaian upacara, emang mau pura-pura mertuwi segala? malah jadi bahan tertawaan nanti )