Senin, 31 Januari 2011

IKLAN

.Kepingin ngrasakne "Mieyabi"?
Mie instan paling hot sak indonesa,
Dengan rasa daging mentah,
Sekali coba dijamin sewulan sek kroso nikmate,
Beli 5 dapat ditukar 1 kupon undian naik haji,
Gratis hadiah langsung juga Lho...
Dijamin halal dech....
Rabu, 26 Januari 2011

Mempercepat Streaming Video



Ojo nesu disek yen nyetel video sui banget steaminge.
Ojo kesusu ngarani warnete sing ora profesional.
Ojo buru-buru mancal monitormu.
Ojo nyalahne koneksine sing lemot.

Tamabahno kode #t=01-m29s nang akhir url video sing kok stel.

Ojo ngomel-ngomel yen tips iki ora berhasil nang video bokep. amergo mung knek nang You Tube doank.

Contone :Video nduwur iku url'e http://www.youtube.com/watch?v=zc4a4vBEohA
aaaaaaaa.Dadine maleh http://www.youtube.com/watch?v=zc4a4vBEohA#t=01-m29s
Minggu, 23 Januari 2011

Atur Panatacara ing Standing Party

Para tamu kakung miwah putri ingkang tansah winantu ing karahayon.
Nuwun, ngaturi uninga bilih Bp _____(pemangkugati)_________ sakulawangsa ngambali sugeng rawuh kairing atur panuwun ingkang tanpa upami, awit dene panjenengan sedaya sampun kepareng rawuh paring berkah pangestu dhateng putra temanten kekalih, nuwun inggih ____(temanten kakung)________ lan ______(temanten putri)_____ ing wiwawahan jumeneng wekdal punika. Saksampunipun paring berkah pangestu kanthi jawat asta saha paring pangandika, ing salajengipun kersaa para tamu angrahabi lan angresepi pasugatan prasaja kanthi mardu mardikaning penggalih, inggih punika kanthi cara prasmanan ing papan ingkang sampun kasamektakaken. Sumangga, nuwun.

===================

Para tamu kakung miwah putri ingkang sinudarsana.
Bp ____(pemangkugati)________ sakulawarga saestu bombong bingah ing manah, pramila sanget-sanget anggenipun ngaturaken agenging panuwun dhumateng para tamu kakung putri ingkang sampun kersa rawuh saha paring berkah pangestu ing wiwahan punika. Saksampunipun angrahabi lan angresepi pasugatan ingkang sarwi prasaja, saha wawan pangandikan kaliyan para kadang karuh, menawi kapenggalih cekap, saha ngersakaken kondur, kawula sedaya namung saged ngaturaken sugeng kondur, mugi tansah winantua ing karahayon. Nuwun, nuwun, matur nuwun.

Keterangan
Pawiwahan Jumeneng (=standing party) biasanya tak ada upacara apa-apa, hanya tamu-tamu yang silih ganti berdatangan, karena itu kata-kata MCnya juga hanya itu-itu saja, tetapi justru lebih melelahkan karena bisa jadi seharian tak henti-henti mengulang dan mengulang kata-kata. Untuk meringankan tugas biasanya juga ada 'orjen tunggal' atau minimal memutar musik, karenanya perlu juga berimprovisasi dalam hal musik tersebut. 
Kamis, 20 Januari 2011

Salah Kaprah Maneh

Aku kapan kae jagongan karo wong jubahan putih songkok kaji putih jengggote yo putih, sayange untune kuning. omahe Si Jenggot Putih iku sandinge omah sing tak cet (maklum aku iki yo tukang cat lho)

Dino pertama kenalan, biasa omongane sok alim ngimbangi jubahe sing koyo mantel jas udan.

Dino kepindo Si Jenggot Putih wes lekas wani nuturi aku, wejangan jare. Ayat Al-Qur'an, Hadist kabeh dalil metu songko cangkeme sing mundak ombo. Bener sih tujuane yo apik lek diikuti, aku di wejang keutamaane sholat lail alias solat malam, tahajut, sholat tasbih, sholat hajat, lan sholat-sholat sunnah liyane sing akeh tur gedi banget pahalane. sakjane aku yo wes ngerti lha aku lho elek-elek koyo ngene ritek yo kyai lho... ra ketang Kyai Segawon, yo mung minongko menghormati tak rungokne wae piye karepe. intine Si Jenggot Putih nyombongne yen dewek'e saben dino sholat wengi, apik sih maksude supoyo aku melu-melu sholat wengi, tapi...

Dino ketelune, tumben Si Jenggot Putih wes jam songo sing biasane wes ceramah ngrusuhi aku kerjo kok durung muncul kawit esuk mau. pembantune sing bahenol egal-egol lagi nyapu tak takoni menyang ngendi juragane kok wes awan durung ngetoro.

Wah...luar biasa jawaban pembantune Si Jenggot Putih,"Bapak MBANGKONG mas, lha niko tasik ngorok teng ngajeng tivi"

Padahal pembantune iku kawit jam 3 isuk wes tangi masak terus umbah-umbah, memang bener Si Jenggot Putih sholat wengi (iki jare pembantune lho) pas pembantune tangi terahno Si Jenggot Putih iku lagi wae sampe sholat sunnah, bubar iku nytel tivi nonton Liga Inggris, trus keturon sampek akhire mbangkong jam 9 awan durung tangi isek ngorok nang ngarep tivi.

Dos...ora kubok karo nek nyocot d'wingi, iki lho sing tak maksud salah, bener sholat tahajut iku akeh pahalane tapi kan sunnah, ngge opo sholat tahajut sing mung sunnah wae dilakoni yen sholat subuh sing wajib malah ditinggalne?

Yen ngene iki kedadeane iku arane "ninggalne perkoro wajib mung kanggo mburu sunnah sing ora ngerti wayah" yen goro-goro sholat tahajud nyebabne mbangkong lali sholat subuhe yo mending ora usah tahajud ritek, sholat subuhe iku wae diopeni diaktipne tangi tepat waktu nek perlu bojone digugah diajak jama'ah ojo malah digugah njaluk imbuh numpak, sukur yen gelem ngadani mesjid sing saiki wes sepi jama'ah.

Nah, yen wes iso tepat waktu sholat subuhe yo ayo podo sing sregep sholat tahajude. ojo malah tahajud wes ora iso tangi, subuh yo malah mbangkong, walah tambah parah.
Jumat, 14 Januari 2011

Salah Kaprah

Sak jane salah tapi mergo wes kaprah dadine maleh dianggep bener, akeh perkoro sing wes kadung dadi kebiasaan mergo rumangsane bener tur wes kadung umum dilakoni wong akeh padahal asline iku salah.

Sholat sunnah tahiyatul masjid lan sholat sunnah qobliyah jum'ah emang akeh tur gedi pahalane, tapi nek terah niyatmu arep sholat sunnah yo budalo nang mesjid iku sak durunge adzan sholat jum'at. Rosululloh SAW bersabda:

روى عن ابى هريرة رضى الله عنه . انه قال , قال رسول الله صلىالله عليه وسلم . اذا قلت لصاحبك يوم الجمعة انصت , والامام يخطب فقد لغوت . انصتوا واسمعوا واطيعوا رحمكم الله , انصتوا واسمعوا واطيعوا رحمكم الله , انصتوا واسمعوا لعلكم ترحمون.متفق عليه

Intine hadist iku nek wes khutbah di mulai ojo ngetokne suoro walaupun sak kecap, tapi rungokno sing tenan opo sing disampekne khotib. bahkan ngongkon meneng wong sing nang sandingmu iku yo ora entuk, mergo menenge pas khutbah iku wajib hukume dalam kurung dadi wajibe ngrungokne digaris miringi haram hukume omong opo wae termasuk dzikir lan omongan sing meskipun iku amr ma'ruf nahi mungkar.

wes ngerti iku ono hadise artine Nabi Muhammad dewe sing ngongkon meneng, tiap-tiap saben khotib munggah mimbar di bengokne tapi yo mergo wes kadung kaprah iku maeng to, sering tur akeh umat sing ngakune islam wes nyoto-nyoto khutbah sedang di woco khotib nyapo kok malah podo sholat tahiyatul masjid, kok malah sholat qobliyah padahal khutbah jum'at wes dimulai.

"Iku kan sholat sunnah sing akeh pahalane."

Nek ono sing njawab koyo mangkono iku trus tetep wae sholat sunnah pas tengah-tengahe khutbah diwoco berarti iku jenenge "ninggalne perkoro wajib mung kanggo mburu sunnah sing salah panggon lan wayahe". Wes ora entuk pahala sholat sunnahe, sholat jum'ate ora oleh gae.

Bersambung ke episode selanjutnya....(walah koyo sinetron picisan wae)