Selasa, 17 Agustus 2010

Filsafat Sholat Tarweh

Tarweh secara etimologi berasal songko kata التراويح yoiku bentuk jamak songko kata ترويح sing artine ngaso sedilut, berarti tarweh artine bolak-balek leren sedilut. Tarweh secara terminologi yoiku Sholat sunnah sing dilakoni bar salat ngisak ngangge niat sholat tarweh. lek ngangge niat sholat liyane jenenge uduk sholat taraweh.

Manfaat Sholat Taraweh akeh banget, Yoiku :
  • Gantine lek ora sempat olah raga
  • Ono panganan gratis
  • Disayang morotuo
  • Sandal elek iso dadi anyar
  • Entuk pahala, opo wae pahalane? klik nang kene
  • Lan liyo liyane

Miturut dawuhe Syeh Segawon, sak jeroning TARWEH iku ono enem huruf sing nduweni maksud kang bedo-bedo, yoiku :

T = Tawadu'
A = Amar ma'ruf nahi mungkar
R = Ruhul jihad fi sabilillah
W = Waro'i
E = Ekhlas lahir lan batin
H = Howo nepsu supados dibelenggu

Lek sek ono sing eyel-eyelan piro sing bener jumlah roka'at sholat tarweh ikulah wong sing goblok, kurang penggawean. Tapi lek sampean tetep ngeyel takon piro sing bener, tak jawab kabeh bener. Lha lek kabeh bener terus sing salah sing ndi? Jawabane wes maton, sing salah yoiku sing ora gelem nindakne sholat.


Share this post
  • Share to Facebook
  • Share to Twitter
  • Share to Google+
  • Share to Stumble Upon
  • Share to Evernote
  • Share to Blogger
  • Share to Email
  • Share to Yahoo Messenger
  • More...

15 engkang sampun komentar:

  1. salam sahabat
    postingene apik tenan akeh manfaate mogo awake dewe iso ngleksanakne kewajiban ini mengingat filsafat lan barokahe jelas sae tenan....amburadul bahasaku hahaha

    BalasHapus
  2. (Maaf) izin mengamankan PERTAMAX dulu. Boleh, kan?!
    wah.... kudu ndang siap2 lungo tarweh, ki...

    BalasHapus
  3. lek shalate sk urunge subuh jenenge taraweh po duk kang?

    BalasHapus
  4. lha, penak iku oleh sendal anyar, panganan gratis pisan

    BalasHapus
  5. Sholat tarweh neng Masjid Agung iki Mangstab bener...

    BalasHapus
  6. Trimakasih atas pngtahuan ini mas, walaupun sedikit yg mudeng, ^ ^

    BalasHapus
  7. setuju banget, mas. ora ana paedahe eyel2an bab jumlah rakaat shalat taraweh. gek2 sing eyel2an malah gak tau shalat taraweh, hehe ....

    BalasHapus
  8. siep, kadingaren postinganmu ora mambu barang terlarang, he he he

    BalasHapus
  9. weh seng terakhir iku apik tenan kang, setuju aku ora usah eyel²an seng penting niate ibadah sholat taraweh ya to hehe
    Sukses Slalu!

    BalasHapus
  10. haha
    sipp..
    aku wis sholat limang wektu kang .
    :))

    BalasHapus
  11. suwe ora update sajake iseh sibuk gawe kue lebaran.

    BalasHapus
  12. Selamat Menyambut Hari Raya Aidilfitri, Maaf Zahir Bathin Dari Seri Sekeluarga.

    BalasHapus
  13. la sing koyo nginiki ,,,,,,,,,,, seng kudune dadi panutan,,,,,,,,

    BalasHapus