Kamis, 29 April 2010

Hasil Semi Final Dan Final Liga Champion 2010

Jose Mourinho, The spesial one, Sosok sing paling pantes diacungi jempol nang pertandingan Semi Final Liga Champion Malem Kemis wingi. Hasil 1-0 kemenangane Barca gol sing dicetak Pique menit ke84 Ora iso nggowo lolos tim spanyol iki nang Final Liga Champion Tahun iki. Agregat 3-2 cukup kanggone Mourinho mempersembahkan Impian Interisti untuk pertama kalinya klub sepak bola kesayangane iki mlebu Final Liga Champion.

Balbalan tapi ora koyo umume balbalan, Jare pengamat sepak bola strategine Mourinho ngene iki disebut Negative Football, Strategi sing wes terbukti paling ampuh ngge ngalahne permainan atraktif Barca. Ora nyerang blas mung bertahan tok selama 90 menit penuh, Tapi lek ora ngene mustahil Inter iso lolos. Tapi yo berkat Mourinholah Inter iso klakon ngrasakne final tenan amergo final terakhir dilakoni inter wes ono 38 tahun kepungkur. Padahal mung musuh 10 pemain goro-goro Motta dikertu merah Tapi Barca mung iso nglebokne gol siji doang.

Messi sing pas musuh Arsenal wae pesta gol ora enek ambune blas, bingung arep nglebokne bal lewat ngendi. Ora enek maksud ngpekne pemain Inter liyane, Umpomo enek pemain sing pantes disebut pahlawan paling yo mung Julio cesar. kiper siji beck 10. ora enek gelandang utowo straiker.

Final Liga Champion 2010 digelar nang stadion Santiago bernabeu tanggal 22 mei 2010 waktu setempat, Inter Milan bakale ketemu karo Bayer Munchen sing membantai Olympique Lyon agregat 4-0. Disiarake RCTI minggu dini hari tanggal 23 mei 2010 jam 01.40 wib, ndelok iki kudune, njago ngendi sampean hayo.....?

Hasil Final Liga Champion 2010

Akhire Final Liga Champion 2010 Inter milan Vs Bayer Munchen 2-0 Gol diborong Diego Millito luweh jelase kunjungi hasil final liga champion 2010 disini Salut buat The Special One. Bravo Inter Milan!
Minggu, 25 April 2010

Susu Murni

Download Mp3 Cak Diqin & Wiwid - Susu Murni

Wujude pancen cilek
Isine pancen sethitek
ning nyatane gede tenan kasiate

Lho kang mas kowe kok saru
Aku ra rep nggeguyu
Lha yen perlu aku malah nesu-nesu

Ngopo dadak nesu barang
Yo nesu, sampean saru kok
Halah kuwi salahe pinaham
Lha terus opo kuwi mau?
Ngene lho karepku, rungokno

Sing cilik kuwi kutane
Sing sitik penduduke
Kasiat gede kuwi susune
Kang kondang ing Boyolali

O... ngono to mas karepmu
Yen ngono aku setuju
Boyolali pancen wis kondang susune

Sing sopo wis ngrasake
mesti takon tunggale
Yen wis adoh mesti akeh kangene

Susune pancen murni
Mas putih julukane
soko kutho Boyolali tersenyum

Video Music
Jumat, 16 April 2010

Ibu Kita Kartini

Masak, Macak, Manak. Menikolah takdiripun dados tiyang estri. Ananging Raden Adjeng Kartini utawi engkang leres asmanipun Raden Ajoe Kartini lahir ing Jepara, 21 April 1879. Piyambak'ipun salah setunggalipun pahlawan nasional, tokok wanito lan tokoh pendidikan.

Putri saking Raden Mas Adipati Aryo Sosroningrat, bupati Jepara. Ibunipun gadah asmo M.A. Ngasirah. Piyambak'ipun Mboten setuju kalian perkawis Masak, Macak , Manak meniko kolowau. Milo saking puniko R.A Kartini kondang dados tokoh eman si sapi eh emansipasi wanita. utawi sakmeniko disebut persamaan gender.

Nami "Kartini" puniko dipun pendhet saking tembung "karti" ingkang tegesipun "saƩ", "trepti" utawi "mukti". Tembung puniki asalipun saking bahasa Sangskreta "karto" ingkang tegesipun "suci" utawi "dinamel".

Kartini meniko anak pambarep saking 5 sedulur sekandungipun. Namung dumugi yuswo 12 tahun kartini sekolah wonten ing sekolah belanda. salajengipun kartini mboten sekolah maleh amargi sampun dipingit kalian bupati rembang, K.R.M. Adipati Aryo Singgih Djojo Adhiningrat lan resmi nikah 12 November 1903 padahal garwanipun sang bupati sampun tigo.

Poligami menikolah engkang ndadosaken kartini berontak mboten sarujuk, amargi poligami saget ndadosaken rusak lan pasulayanipun anggota keluarga. Persamaan derajat antara priyo lan wanito ugi dados masalah engkang serius dipun bahas dening kartini. sahinggo kartini kondang dados tokoh wanita lan anggadahi boeah pikiran kang mashur wonten bukunipun "Habis gelap terbitlah terang".

13 September 1904 lahir RM Soesalit putronipun. lan mboten dangu sak sampunipun lahir sang putro tepatipun 17 September 1904 yuswo 25 tahun kartini sedo amargi komplikasi sak bibaripun babaran, sakitipun kram perut, ugo wonten engkang crios demam nifas. Panjenangipun dipun makamanken wonten deso Bulu, Kecamatan Bulu, Rembang.

Gallery Kartini :





Sumber : http://jv.wikipedia.org/wiki/Kartini
Jumat, 09 April 2010

Pisan Engkas

Pas ndak ndue duit, adiku kok malah merengek-rengek njaluk ditukokne bakso. ora tak tukokne ke kok mesakne. lek tak tukokne ke duit ko ngendi? bingung aku.

Adiku wedok : "ndang to kang, aku tukokno bakso, kepingin banget iki aku, wes sui gak ma'em bakso lo..."

Cah ndueso : "ndak ndue duit lo nduk aku, montor wae gak enek bensine lo... piye lek arep nyang warung tuku bakso? adoh, wegah aku lek mlaku..."

Adiku wedok : "yo gak usah neng warung to kang, bakso ideran wae, diluk ngkas po ra yo gek liwat?"

Cah ndueso : (ngangkat tangan berdo'a dalam hati. "Duh Gusti, mugo-mugo ora enek bakso keliling sing liwat")

5 menit kemudian. dungoku ditolak.

"ting..ting...ting..."

tukang bakso sing biasane liwat ngarep omah krungu ko kadohan nabuh mangkok'e.

Cah ndueso : "Gawat iki, mumpung adiku wedok gak enek, kabur ah....."

Sek lagek mbukak lawang adiku wes nongol

Adiku wedok : "Hayo... arep nyandi we kang? kaelo baksone wes liwat, tukokno yo kang..."

Cah ndueso : (mikir cepet, golek alasan golek akal)

Tapi ndak ketemu-ketemu akal blas iki piye?

ndasku tak kukuri padahal ndak gatel

adiku wedok wes malangkerik, lambene mruengut.

tiba-tiba ujug-ujug, enek lampu empan neng nduwur ndasku, koyo neng abdel dan temon ngono kaelo, artine aku nemu akal.

Cah ndueso : "munine mengkok sing ditabuh bakul bakso kae piye nduk, suarane?"

Adiku wedok : "yo ting...ting....ting... ngono to kang, emang arep piye maneh suarane?

Cah ndueso : "ngene yo nduk, lek suarane mengkok sing di tabuh bakul bakso kae engko muni pisan engkas, njaluk pirang mengkok kowe ngko mesti tak tukokne, piye?"

Adiku wedok : "Oke, janji lo yo kang?"

Cah ndueso : "janji. tapi lek sampek gak muni pisan engkas, aku wegah lo yo nukokne?"

Adiku wedok : "oke, tunggu wae diluk engkas, mesti mengkok'e bakso bakal ditabuh maneh nang bakule."(spaneng ngenteni bakul bakso liwat nabuh mangkok pisan engkas)

Sesaat kemudian.

"ting...ting....ting...."

bakul bakso liwat pas ngarep omahku nabuh mengkok'e banter banget. koyo sengojo ben adiku krungu.

Adiku wedok : "nah....wis muni kae lo kang, hayo piye janjine maeng?"

Cah ndueso : "sek to nduk... aku maeng kan omong, lek muni pisan engkas to?"

Adiku wedok : "lha iyo, iku maeng kan wis muni ngonolo?

Cah ndueso : "walah tenane? emange munine maeng piye?"

Adiku wedok : "ojo pura-pura ndak krungulah kang. lha kae maeng muni ting...ting...ting... ngonolo..."

Cah ndueso : "munine maeng ting....ting..ting... ngono kan? berarti ora muni pisan engkas to? berarti aku ora nukokne kowe bakso yo nduk, lha suarane mengkok maeng ora muni pisan engkas, tapi munine ting...ting....ting...ngono kan?

Wkakakakakaa....