Rabu, 30 Desember 2009

Rongewu Sepuloh

Tahun baru iki wis tahun 2000 punjule ono 10 taon. akeh cara kangge memperingati tahun baru, koyo to dolan neng pan tai karo pacare, nglencer neng alun-alun karo konco-koncone, opo pesta kembang api lan acara liane sing mbungahne ati.

Tahun baru jare kudu serba baru, semangat baru, prestasi baru hape baru, montor baru, lek perlu celana dalam yo baru, lek dalamnya celana ora baru yo ora popo. hehehe...

Tapi sajak'e tahun iki aku malah susah ora iso dolan, lha piye lho...udan yo baru turun, sawah yo baru ditraktor, jagung yo baru ulur, ora koyo tahun baru kepungkur sing aku iso dolan mergo sawah wis sampe digarap, jagung neng tegalan yo wis janten.

Tahun baru rego sembako baru kabeh, gulo larang rego minyak mundak, tapi mugo-mugo rego gabah tetep larang pas pariku mbesok panen, supoyo poro petani ora rugi mergo pupuk, obat, wineh, banyu, yo podo larang regane.

Tahun baru iki ora enek critane penganten baru, mergo bertepatan wulan suro ora enek sing wani mantu.

Mumpung iki baru taon 2010 ayo podo ngibadah sing akeh ngurangi dosa, jare taon 2012 kiamat? iku yo mung baru katanya, tenane ngono yo sopo sing ngerti.
Jumat, 18 Desember 2009

MBAH SURO

Mbah Suro, jenenge podo karo wulan lahire, jare bapakku laire mbah suro mbiyen iku pas malem tanggal siji suro jam 12 bengi, cangkeme ombo, untune gedhi-gedhi ketoro sangar yen mringis, kadang ora semaur yen tak celuk mergo bolongan kupinge ketutupan kuping lorone sing ombo tur dowo nglambreh teko gulune, rambut lan ulune mbah suro terkesan serem mergo dowo ora tau di cukur. sak jane sing nyebabne mbah suro luwih serem ki mergo neng nduwur batuke mbah suro thukul koyo sungu, cacahe ono loro medeni.

Sing luwih aneh maneh Mbah Suro kawit cilik songko lahir ki wis ora ndue tangan, tapi mbah suro nduweni keluwihan ono neng sikile, jumlahe sikil mbak suro ono papat ora koyo lumrahe menungso sing sikile mung loro.

Kiro-kiro jam limo sore Mbah Suro ngamuk, buengak-bengok ora jelas opo sing diomongne. Tak cedak'i alon-alon trus aku ndodok neng sandinge. Mripate mbah Suro sing bunder ireng mlorok ombo tandane Mbah Suro lagi murko. aku maleh rodok wedi. tak coba konsentrasi memahami opo sing dikarepake Mbah Suro, Tak enteni Mbah Suro arep dawuh opo.

Aku tambah penasaran urung ngerti opo sing diomongne Mbah Suro, ora sui Mbah Suro ujug-ujug mbuengok'i aku sing pas neng ngarepe,

"eMbe e e e e e ek......!!!!!"

Aku kuaget banget, lagek sadar.

"Oh iyo, aku lali urung ngarit, pantes wae bengak-bengok, ternyata wedusku urung tak golekne pakan."
Minggu, 13 Desember 2009

Ketinggalan Pesawat Opo Wedi Kiamat?

Dikabarkan dua jamaah haji Indonesia hilang di Arab Saudi, Saiki urung ketemu mulane ora katut muleh nyang indonesia. Enek sing nyalahne Departemen Agama sing ora becus menangani jamaah haji, pengalaman taun-taun lalu dadi alasane, Koyo to jamaah haji kaliren ora oleh jatah mangan, enek sing keleleran ora oleh panggonan turu, malah saiki enek sing ilang nyandi parane gak genah.

Emboh tenane piye, opo panitia sing lali ora ngabsen opo terah jamaah sing ilang iku ora ketemu nggolek'i bature sing songko indonesia aku yo gak paham.

Tapi lek menurut perkiraanku, jamaah haji sing ilang iku mungkin memang sengojo ndelik ben ketinggalan pesawat gek ora katut muleh nyang Indonesia, terus iso urip neng Mekah mergo wedi kiamat 2012.

Lek terah ngene iki ceritane aku setuju-setuju wae, dari pada mati neng Indonesia mergo gempa, sunami, banjir, klelep lumpur, dijotosi satpol PP, dianiyaya polisi sing salah tangap, opo diuber-uber KPK, kan luwih apik mati-matio lek neng Mekah iso mati sahid.

Upomo 2012 kiamat tenan, neng Mekah iku kan dijamin keslametane, upomo ora slamet songko kiamat wong terah gak bakal ono sing iso slamet songko kiamat, paling tidak kan neng mekah dijamin slamet songko ancamane Dajjal. iyo to?

Sumber : Okezone.com
Sabtu, 05 Desember 2009

MANTU

Istilah jowo kangge wong sing ndue hajat pernikahan. Jare wong tuwek taon iki diarani taon dudo, jare taon sing kurang apik kangge mantu ngrejakne manten. Tapi justru malah akeh wong neng desoku sing mantu, wulan iki wae ono patang omah sing ndue hajat mantenan.

Kasebut dadi sinoman utowo pemuda sing nyokong suksese hajat tuan rumah, aku sampek ora kerjo pirang-piorang ndino, mulane pirang-pirang ndino iki gak tau apdet, mergo gak ndue duit, lha gak kerjo arep oleh duit ko ngendi? maklum blogger blogspot, blogger yang tidak mencari uang di internet tapi malah menghabiskan uang di warnet, hehehe....yo pantes disebut BOKEP alias Blogger Kere Ponorogo.

Tiap ono hajat mantu poro sinoman wajib hadir songko dino pertama sileh-sileh grabah lan nonjok, dino kepindo becek'an, dino ketelu resepsi temu manten, lan dino terakhir uleh-uleh grabah. lek sak hajatan perlu wektu patang ndino, otomatis aku gak kerjo ono 16 dino. sampek jibeg aku lek gak ndue duit ngene iki. tapi yo enek segi positipe sih, cukup menyenangkan iso ngumpul bareng konco-konco sak deso. luwih-luwih oleh mangan wedangan lan rokok gratis, hehehe...

Terutama acara bengi sing biasane diarani lek-lek'an utowo melek sewengi utuh ngge ngramekne acarane wong mantu. biasane diisi kegiatan sing menurut wong sing gak nggenah diarani penyakit masyarakat, tapi menurutku justru malah mempererat kerukunan antar warga dan pemuda.

Sembrek, sanggong, remi lan permainan kertu liane meskipun gak tau diduiti alias gak pernah dingge judi, permainan iki dadi favorit ngge tombo ngantuk. tapi lek aku paling seneng skak, permainan sing iso mencardaskan otak, mulane aku hobi banget lek kon catur, permainane poro jenius.

Organisasi pemuda neng desoku ndue jeneng KKK (K3) singkatan songko Kumpulan Kaponan Kulon. Yoiku kumpulane poro pemuda-pemudi terbaik harapan Desa Kaponan. Lek tak arani pemuda harapan bangsa dan negara terlalu berlebihan, keduwuren. masalah negoro ben dipikir poro mahasiswa sing isone mung demo tapi ora tau enek hasile iku wae.

Akir kata ucapkanlah selamat datang kangge Cah Ndueso neng dunia maya sing meh enek sewulan gak onlen.