Selasa, 28 April 2009

"U THIS"


( pantes dicekel uwong mati )

Hwa..ha..haaaaaa........judul iku uduk boso inggris lho yo. Sumpah, aku ora ngelokne sampean koyo gambar iki, asline antara hurup "U" karo hurup "T" ora enek spasine, dadi diwoco Uthis (hurup "i" diwoco "e" koyo ning kata edan) . Secara etimologi uthis artine tegesan rokok. lek secara terminator, eh..terminologi uthis maksute rokok sing wis disumet tapi sakdurunge entek di cecek (dipateni wowone) mergane enggko arep disumet maneh.

Wong sugih, cah ga
ul mungkin ora kenal istilah ngutis, tapi cah ndeso berekonomi lemah koyo aku, fenomena nguthis malah dadi keharusan demi menghindari sifat mubadzir. eman-eman kan, rokok sek dowo kok diguak.

Jare MUI ngrokok iku haram, tapi lek nguthis koyo'e ora diharamkan? ha..ha..ha.... ngakali hukum iki jenenge.

setelah diteliti 70 persen perokok ning indonesia setuju lek nguthis iku luweh nikmat tinimbang ngrokok. luwih-luwih uthis samsu. yo to?

Opo maneh pas nonton bal-balan tengah wengi wedangan kopi ginasthel sandingane gedang goreng enek kacang godhoke gek ngroko'e uthis, byuh...... ora ndlomok nikmate.

Lha lek menurutmu, panggonan nguthis iku sing paling penak ningdi?


Sabtu, 25 April 2009

Susahe Dadi Kiper

Sok malem rebo semi final liga cempien,Barca musuh Chelsea, trus malem kemise EMYU musuh Arsenal. sak jane aku kae njago Liverpool, tapi wes kalah ning perempat final. lek sampean njago ngendi? Songko patang kleb raksasa iku endi sing bakal dadi juara? Jare penganut madzhab sepak bola atraktif sing juara yo sing gole akeh, tanpa gol juara podo karo ngimpi. tapi, jare panganut madzhab sepak bola efektif, kemenangan lan juara iku tergantung kiper, semakin sedikit kebobolan semakin gedi peluang juara.
Nah, kemungkinan kiper sing bakal tampil yoiku Victor valdes songko Barcelona, Peter Cech songko Chelsea, Edwin Van Der Sar songku EMYU, lek songko Arsenal sajake sing tampil Fabianski, mergo Almunia cedera.

Hehe.......sak jane aku posting iki maeng mung kepingin ngomong ngene, lek sampean melu bal-balan ojo dadi kiper. mergane, kalah po menang dadi kiper podo susahe, lek kalah mesti dilokne "Guoblok, kiper kok ora iso nangkep bal." tapi lek menang malah dipuji "deloken kipere puinter mencolot nyekel bal, sampek koyo kethek/monyet." Horotohkono, kalah berarti guoblok, menang berarti koyo kethek, pileh endi we?

Delok wae sok mben kiper ngendi sing goblok ora iso nyekel bal, lan kipere sopo sing koyo kethek puinter mencolot nangkep bal, enteni wae ning RCTI jam loro kurang seprapat.


Selasa, 21 April 2009

Poro Jeniusman Lan Jeniuswoman

Ora ngiro uakeh sing iso njawab bedekanku.
Yoez. sopo sing menang, monggo dipendet hadiahe.
Cah lanang sing njawab bener yoiku :

1. Ulumuddin
2. Ryher
3. Bejoe
4. Tiger
5. marianus
6. Petani

Hadiahe iki :

Dijupuk lho yo?

Cah wedok sing njawab bener yoiku:

1. Ani
2. Meylya

Hadiahe iki :

Dipendet lho nggih?

Slamet yo........., poro pemenang sedoyo.
Tenang wae, pajak hadiah ditanggung sponsor.

nb : hadiah loro mau jane award songko mbak sinta karo anak nelayan,
pajangen ning blogmu, gek wehno nyang uwong sing mbok senengi. jolali lingbek nyang rene.
Minggu, 12 April 2009

Kumpul kebo

Esuk maeng pas kerjo, aku diomongi wong tuwek, "Le...thole, kowe oleh wae pacaran, tapi eling-elingen pesenku, kowe ojo pisan-pisan kumpul kebo.
"
Mergo dirungokne uwong akeh aku nyauri rodok guyon. "Ora opopo mbah, niliki sekedhik mawon ndok yo oleh? tinimbang getun mburine."
"Gwagagagaaaaaak." Kabeh uwong ngguyu gergeran mergo wong tuwek maeng mangsuli "Guwoooblok, dikandani wong tuwek ora ngguggu. lek kowe pacaran kok kumpul kebo, mambu tlethong gitul0h... iso-iso ndasmu dipancal sikel kebo."

Semprul...............tak kiro tenanan ^_^
Jumat, 10 April 2009

Pemilu 2009

Pesta demokrasi yoiku pemilu nang indonesa wis sampe, karek nunggu asile akhir piye. Sing dadi caleg sopo, partai endi sing menang aku ora butuh, sing penting oleh duite yo ye?

Lucune pemilu taon iki aku ora ngiro bakal dadi uwong penting, masalahe sedino sak durunge pemilu yoiku dino rebo aku diparani patang partai.


Sek uesuk jam enem urung enek, uwong songko partai GOLPAL ( jeneng partai disamarake demi keselamatan penulis ) wis nggugah turuku, mergo aku mbangkong goro-goro nonton Liga Cempien, Kriyip-kriyip sek urung iso melek aku wis digegemi duit limolas ewu, wuih motoku langsung padang, sek esuk urung sempat raup rejeki wis teko dewe. eh tibake enek embel-embele aku dikon milih partai GOLPAL caleg nomer sekian. tak tampani wae duite ( mung uwong guoblog sing nolak rejeki nomplok ) gek tak sauri "ingsa auloh aku nyontreng partai lan nomere caleg" ( emboh partai opo caleg nomer piro aku ora muni, heheeee.. dadi aku ora ngapusi)

Aku nduwe firasat rejekiku dino iki enek nang omah, mulane aku ora budal kerjo.
Kiro-kiro jam songonan enek uwong maneh sing nggoleki aku, songko partai Rok Ketat ( jeneng partai disamarake demi kemaslahatan umat) podo esuk maeng aku kon milih partai Rok Ketat caleg ngesor dewe, pas wonge pamit mulih ngewehi salam tempel rong puluh ewu ( lek terah wis rejekine ora bakal kemana ) tak sauri wae podo esuk maeng "ingsa auloh aku nyontreng partai lan nomere caleg"( hahaaaa...... jawaban yang diplomatis, alah istilah opooo kuwi )

Bar luhur aku diparani pengurus Partai Anak Nakal ( jeneng partai disamarake demi kemanusiaan ) lek iki ora ngongkon milih tapi njaluk tulung aku dikon dadi saksi songko Partai Anak Nakal ngerti bayarane seket ewu motoku langsung biru, yowes aku setuju wae. langsung aku nggoleki uwong songko partai GOLPAL lan partai Rok Ketat, tak omongi lek aku dadi seksi Partai Anak Nakal mung kerjo tok milihe tetep partaine awake dewe.

Jam telu sore aku ketemu uwong songko Partai Kurang Sekedhik ( jeneng partai disamarake atas permintaan partai bersangkutan) , aku yo dikon dadi seksi partaine, tapi bayarane mung telung puluh ewu, mongko tak tolak. ngerti bayaranku songko Partai Anak Nakal seket ewu Partai Kurang Sekedhik wani mbayar sewidak ewu.
Akire aku negosiasi karo Partai Anak Nakal, jarene lek aku dadi saksi Partai Anak Nakal bayaranku ditambahi maleh pitung puluh ewu ples surya sak bungkus. Akhire Partai kurang Sekedhik gak wani mbayar luweh akeh.

Intine, nang endi-endi wae partai, caleg, capres, cagub el el el, gembar-gembor anti money politic tetep wae sing menang yo sing duite paling akeh, iyo to?
Dadi, eling-elingen lek ono sing gembar gembor anti money politic berarti kuwi ora nduwe duit. titenono wae partai utowo calon sing sumbar anti money politic mesti bakal kalah ( pengalaman kepungkur dadi bukti )

Mulane awake dewe sebagi rakyat cilik sing jare bakal diperhatikan akhire mesti bakal dilalekne. Sak durunge wong cilik diakali, kudu iso minteri disek uwong nduwur. iyo kan? carane, ojo dipileh yen ora metu duite, yen metu duite kabeh, yo tampanono kabeh trus pilihen sing ngewehi duit paling akeh. yo ye?

Uwong pinter mesti ngomong podo koyo aku iki

Uwong sing sok pinter bakal menjunjung tinggi keadilan lan kebenaran dibalik bayang-bayang penipuan dengan latar belakang kemunafikan.

Selasa, 07 April 2009

Award

"Hoalaaaaaaah, Tiba_e"

Aku bingung tenan mbiyen, pas diomongi yen aku oleh award. Jane award ki panganan opo to? maklum cah ndeso eruhe mung pacul karo arit. AWARD (jare guru inggris mocone ewort artine panghargaan). Awale aku diomongi attayaya jare aku oleh award gek kon masang (sing gambare puteh tulisane ailofyourblog) Sumpah, pas kuwi aku ora paham mulane gak tak pajang.


Bare diomongi
kang bejo, yen aku oleh award maneh, jare pak guru ono pribahasa "malu bertanya........ya jangan tanya". Heheeee...., mergo aku ora nduwe kemaluan eh ora nduwe malu mulane aku takon kang bejo. Hoalaaah......., tibake aku oleh panghargaan, gek nang kang bejo kon ndang masang neng blogku, mulane lagek saiki tak posting.

Yowez, saiki sopo wae engkang sampun komentar ning postingan iki berhak mendapat telung award nduwur kuwi. Gambar nduwur kuwi oleh kok pajang neng blogmu sebagai panghargaanku marang blogmu. Dilink balik mrene yo oleh. kok simpen tok yo oleh. kok imbu yo oleh. kok wehne blog liyo yo oleh. kok iming-imingne koncomu yo oleh. pokoke sak kaaaaaaaaaaarepmu arep kok kapakne.

Sing jelas matun suwur, alah matur suwun maksudku, sampean wis tau mampir nang kene. a
ku yo tulus kok ngewehne award kuwi marang awakmu. mugo-mugo sukses selalu, nduwe duit maewu-ewu, blogke terus maju, tur bojone ayu. yo yeeee?heheheheheeeee...........................................................................................^_^

-------------------------------------------------
-----------------------------------
lek iki award saking mbak sinta, sayange aku rung eroh koyo opo ayune mbak sinta.lha ning bloge gak ono potone lho? tapi ra popo sing penting sering2 dolan rene aku wes marem.sueneng tenan aku.mugo-mugo blogke awake dewe tambah maju, ora ketang sak senti.