Senin, 23 Maret 2009

Evolusi Darwin


"Nenek Moyange Sopo?"

Dek ingi bengi pas marai sinau, aku di tekoni adiku sing isik sekolah SD. "Kang, jare Bu Guru nenek moyange awake dewe ki kethek yo kang ? "

Semprul....Goro-goro teori Darwin, Mbahku dipadakne karo kethek (kethek=kera/ monyet/ lutung/ gorila/ rangutan/ king-kong/ simpanse/ kowe/ lanliyoliyane). Kemeroh men lho si Darwin iku, Berarti podo wae ngarani aku keturunan kethek.

Aku ora trimo. Aku ora setuju karo teori iki. Lek terah menungso ki mbiyen asale songko kethek, Nyapo kok kethek saiki ora koyo menungso? Iyo to?

Nah, Mergo sek emosi, Jane yo karo guyon lekku njawab pertanyaane adiku maeng ngene : "Ora Dik, Sing nenek moyange kethek ki yo Bu Gurumu kuwi. Lek nenek moyange awake dewe yo Nabi Adam dudu kethek"

Mulih sekolah adiku nguamuk-ngamuk, Critane, Goro-goro njawab pertanyaane buguru adiku di ukum kon ngadek ning ngarep kelas.

"Lha pertanyaane buguru opo?"
"Sopo nenek moyangmu naak?"
mergo wes tak warai adiku njawab :
"Nabi Adam Bu Guruuuuuu."
"Lha terus, Sing nenek moyange kethek sopo?"
"Kethek ki yo nenek moyangmu Bu Guruuuu, Lek nenek moyangku yo Nabi Adam."

"Gwagagagakgakaaa.........k" Aku nguyu kepingkel-pingkel sampek wetengku atos.

Adiku sek penasaran kepengen weroh nenek moyange ki jane kethek po uduk. Akhire adiku nggoleki mbah wedok (nenek) trus takon,

"Mbah, mbah, Sampeyan ki Kethek opo uduk?"

Krungu adiku takon koyo ngono kuwi, Mbahku ngamuk-ngamuk "Bocah ora njowo, moso mbahe dewe di padakake karo kethek?" Sakdurunge disrampang sandal. adiku mluayu melarikan diri trus nggoleki aku.

"Terah bener kang, Nenek moyange awake dewe ki uduk kethek. Mbah wedok wae ora gelem diarani kethek. Berarti tulisan nang buku LKS kae salah cetak yo kang?"

"gwaaagagagaaakk."aku ra iso ngempet nguyu. Aku mlayu nang sumur kepingkel-pingkel sampek kudu nguyuh.
Selasa, 17 Maret 2009

Kuwalik


"Sori, Ndasku Ora ketoro"

Goro-goro ndelok bal balan dek dino minggu aku mbangkong. Wuih, tangiku kawanen, jam wolu lagek adus, padahal jam songo aku wis janjian arep apel, ngedate gituloh!

Yo kuwi, akire kesusu lekku budal sampek ora sempat macak, tapi meskipun ora macak aku tetep ngganteng kok (alah kepedean) ra percoyo to, buktine pas aku ngetokne montor, tonggoku gendek-gedhek (menggeleng-gelengkan kepala) nggumun, kok yo enek to, cowok ngganteng arep apel tumpaane montor tujulima eyek-eyek. Jo ndelok tumpaane, ngetno bocahe ikilo, paling ngguanteng dewe (ngganteng lek pas dewean ora enek liyane)

wis neng ndalan panggah wae cewek-cewek sing ngetne aku gedhek-gedhek pancen ngganteng tenan aku iki. sampek prapatan, enek ibu-ibu mulih ko pasar yo gedhek-gedhek pas nyawang aku, ora kur ibu-ibu, bapak-bapak sing neng sawah barang melu gedhek-gedhek, tambah pede tenan aku saiki.


Separo perjalanan Aku lekas curiga, moso tukang becak yo gedhek-gedhek pas simpangan karo aku. Tengeng kabeh paleng gulune kuwi. Iyo toooo, bakul es barang kok yo melu gedhek-gedhek, nyapo to aku iki jane? Aku mandek ning kios pinggir ndalan ngisi bensin. Horotohkono, bakul bensin barang ora kur gedhek-gedhek tok tapi malah nguyu cekikian. Akire aku ngilo nang spion montor, ojo-ojo ning raiku enek opone ngono, yo ora jane. Alah emboh, stres kabeh wong-wong kuwi bodhoan.

Teko omahe si doi sing lumayan adoh, aku tambah bingung maneh, si doi yo gedhek-gedhek pas mbukakne lawang, aku wis ora betah pingin eroh akire aku takon si doi,"nyapo to jane kabeh wong podho gedhek-gedhek saben nyawang aku?"

"Yaeyalaaaaah,maaaaaas,mas. wong kaosmu kuwalik gituloooh. wis ngono topi jebol sing biasane dingge ngarit yo digawe jok ngendi-ngendi, liwat kutho, pasar, ratan gedhe, ORA ISIN?"


Alamaaaaaaak,pantes wae rasane kaosku iki mau kok rapatek penek. lhawong wis kuwalik njobo njerone yo kuwalik ngarep mburine. mergo kesusu topi jebol barang yo ra kroso tak saut ngono wae.

Uisin poooool tenan aku pas mulihe. tibake wong-wong maeng gedhek-gedhek ki ora kok mergo aku ngganteng, tapi mergo ngiro aku wis ora waras. SEMPRUL.
Sabtu, 14 Maret 2009

Pitek


"Pitekku Yo Iso Bal-balan"

Subuh-subuh mau pitekku puetok-petok kelek-kelek, nyapooo kae pitekku? aku mluayu nang mburitan, pueteng ndedet. aku mblayu mlebu ngomah maneh ngoleki senter. Pakku ki yo tangi melu mluayu nang mburitan ngoleki suoro pitek mau. aku lingak-linguk, nang ngendiii pitek iki. Pakku ngalor ngidul, suworo pitik karek sitok loro.

Moso enek maling sing wani nyolong pitekku. Bareng tak itung , tenan tooo, pitekku ilang siji jago kesayanganku malah. Wahwahwah, malinge mesti wis mlayu adoh iki, wong suarane pitekku wis ilang blas serku maeng arep mbengok "maling-maling" tapi rasido, mergo pas pakku nang sumur arep nimbo ujuk-ujuk suoro pitik jagoku muni maneh.

Heladalah, neng njero sumur tibake, jagoku wis klepek-klepek arep mati, cepet-cepet wae aku ngolek ondo. tak cempungne sumur, sujune sumurku ora jeru, aku langsung nyemplung sumur ngentasne pitekku, pakku mluayu nang pawon njupuk arit. untunge pitekku urung mati. tapi mesakne, wis thele-thele meh bongko. Bareng to pitekku wis mentas neng pakku cepet-cepet dibeleh selak ketrucut mati.
sampek mrebes aku mbeleh pitek iku, jagoku sing tak ingu meh enek setaon wis dinyang pitulimo ora tak wehne, akire malah mati dibeleh, guetun aku.

Bare nang mboku digoreng. sampek ora tego aku arep mangan iwake.
tapi bareng niliki pupune tibake kok yo enak to rasne, hehe..aku maleh doyan. Oh pitekku sayang pitekku malang, lek mung arep tak pangan, ngertiyo ngono tak dol kowe dek ingi. teeeeeeeeek PITEK, Padahal kowe wis arep tak elokne timnas indonesia balbalan nang laur negri. lekmu pendidikan neng liverpul soccer school ora oleh gae, teeeeek PITEK.
Rabu, 11 Maret 2009

"Damen" tak ngge makan sapiku



Yoh, dino iki mau aku luempoh tenan. kat esuk ngerit pari, ngerek sak ngusunge pisan, luempoh pol peko'e. gek dadak ninja abangku mogok (ninjane mbahmu kuwi, tuju lima abang seng mbiyen gaene dingge sekolah kaelo)

Dek ingi malah luwih nemen, moso tonjo mbako karo lombok kok okeh sing mati, wis winihe larang pisan. lha kepanasen lho, raenek udan ki opo marai, jane yoez tak kocori (diunoni, rapahaaaaaaam engko)

Tapi rapopo, Sing penting jagoku bal-balan mambengi menang (hlah, kok adoh men mlencenge) yo gak popolah. roh ra, aku njago liverpul lho masamu ning liga cempien, mambengi menang telu kosong musuh madrit.