Jumat, 05 Desember 2008

The New Hand of God

Tangan Tuhan Lawas

Tangan Tuhan anyar






Tangan Tuhan 1986





Tangan Tuhan 2010



NB : Maradona gengsi, Ora sudi mengakui Gol Fabiano Sing nggowo Brasil menang 3-1 musuh Pantai Gading sebagai Tangan Tuhan
Minggu, 07 September 2008

NEGORO

Pak Guru Si Nur ketekan dayoh, tamu pejabat songko kabupaten. Dayohe numpak mobil dinas plat abang.

Pas jagongan ning njero ngomah, kang supar, tonggoku bengok-bengok songko ngarepan omahe Pak Guru Si Nur,"Wadoh, ono mobil kok plate abang, mobile sopo iki Pak Guru?"


Ora ngiro barengan wayah iku Mbah Dul, tonggone Pak Guru Si Nur yo bengok-bengok songko mburitan,"Pak Guru aku njaluk pring (bambu) siji wae yo? arep tak ngge nggawe cikrak."


Pak Guru Si Nur sepontan melu mbengok njawab pitakon loro mau, mung sak kata "NEGORO!!!"


Kang Supar manthuk-manthuk paham lek plat abang iku mobile pemerintah.


Mbah Dul langsung nyandak graji budal negor pring.

Tamune Pak Guru Si Nur gedhek-gedhek (menggeleng-gelengkan kepala)

Aku oleh crito ing nduwur iku songko Pak Guru Si Nur dewe. Pak Guru Si Nur iku kepala sekolah jaman aku SD mbiyen, Pensiun naliko aku munggah kelas 3 SDN Kaponan 1 464 Kaponan Mlarak Ponorogo.