Sabtu, 27 Agustus 2016

Mukidi Episode Numpak Montor Mabur

iSak plok'e pindhah songko ndeso nyang kutho, Mukidi rejekine lancar.

Saiki wis dadi wong sugih, nanging medhite tetep ora ilang-ilang.

"Pak awak'e dhewe ki duwite wis akeh, ning aku pisan ae rung tau numpak montor mabur je..!!"
jare Suidah bojone Mukidi.

"Larang..!! ora sah ae..!!"
Mukidi mangsuli cekak aos.

"Nganggo duwit celenganku turahan blonjo wae yo pak...!!"

Ora sepiro suwene Mukidi karo Suidah wis tekan bandara Juanda arep nyarter pesawat sewan, di temoni Suroso sang pilot.

Cocok soal bayarane carter pesawat sewan, Suroso terus ngomong.

"Numpak pesawat syarate kudu meneng Pak, nek nganti omong sak kecap ae sampean tak dendho 1 juta, rong kecap rong juta, ningo nek ora omong tak wenehi duwit 5 juta..!!"
Suroso njelaske syarate

"Cocok pak..!! gelem aku..!!" jare Mukidi

Wong telu wis neng njerone pesawat, terus Suroso mulai maburke pesawate.

Bareng wis mabur Suroso mulai gawe manuver, pesawate di enggok-enggokne ngiwo nengen ngiwo nengen, malah nganggo jungkir walik barang.

Kiro-kiro sak jam pesawat wis mendarat..

Karo ngguya ngguyu Suroso marani Mukidi.

"Wah Pak Mukidi pancen hebat, ora ngomong blass, iki hadiahe 5 juta..!!"
jarene Suroso.

"Sak jane aku mau arep omong, ning wedi di dhendho.. aku milih meneng ae, ben oleh hadiah 5 juta", jare Mukidi

"Sak jane awakmu arep ngomong opo to Pak..?"
Suroso takon..

"Bojoku ceblok Pak...!!
😬😃😜

Share this post
  • Share to Facebook
  • Share to Twitter
  • Share to Google+
  • Share to Stumble Upon
  • Share to Evernote
  • Share to Blogger
  • Share to Email
  • Share to Yahoo Messenger
  • More...

0 engkang sampun komentar:

Posting Komentar