Rabu, 23 Desember 2015

Atur Pasrah Nonjok Mantu

Nalikane ono wong nduwe gawe mantu ono salah sijine acara seng diarani "Nonjok" yoiku caos pasugatan lan katresnan, wujud hormat marang wong tertentu seng dianggep penting.

Amrih penak'e aweh tulodho, anggep wae seng mantu iki jenenge Pak Muslim lan seng ditonjok jenenge Pak Mukmin.

Mekaten kalimat lengkapipun tulodho caos pasugatan tonjok'an.

Level 1 :

Nyuwun sewu Pak Mukmin, Sowan kulo meniko kolowau sepindah bade silaturohmi, kaping kalehipun diutus Pak Muslim Ngaturaken katresnanipun lan nyaosi dahar, mbok menawi wonten kirang langkungipun nyuwun pangapunten engkang sak ageng-agengipun.

Level 2 :

Nyuwun sewu Pak Mukmin, Sowan kulo sak konco meniko kolowau, Sepindah bade silatutohmi, kaping kalehipun nyumerepi kawilujenganipun keluarga mriki, sak lajengipun kulo sak konco meniko kolo wau diutus Pak Muslim kapurih ngaturaken katresnanipun lan ugi nyaosaken dahar sak wontenipun. Mbok menawi saking keluarga pak Muslim wonten kalepatan lan kekirangan nyuwun pangapunten engkang sak kathah-kathaipun.

Level 3 :

Nyuwun sewu kepareng matur. Pak mukmin, Sowan kulo sak konco meniko kolowau sepindah bade silaturohmi, kaping kalehipun nyumerepi kawilujenganipun panjenengan sekeluarga, kaping tigonipun ngaturakan salam bektos saking Pak Muslim sekeluarga, engkang ongko sekawan kulo sak konco meniko kolowau diutus ngaturaken katresnanipun Pak Muslim lan ugi ngaturaken dahar sak wontenipun, mboten namung Pak Muslim sekeluarga nyuwun doa restu,nyuwun tambah pandungo mugio sak dangunipun Pak Muslim gadhah damel saget lancar mboten wonteb aral setunggal punopo,
Engkang pungkasanipun mbok menawi Pak muslim sekeluaraga anggadahi kalepatan lan kekirangan, wonten kirang langkungipun kulo engkang mewakili nyuwun pangapunten engkang sak ageng-angeipun.

Share this post
  • Share to Facebook
  • Share to Twitter
  • Share to Google+
  • Share to Stumble Upon
  • Share to Evernote
  • Share to Blogger
  • Share to Email
  • Share to Yahoo Messenger
  • More...

13 engkang sampun komentar:

  1. Tolong cara berpamitan setelah nonjok juga di posting kalau ada

    BalasHapus
    Balasan
    1. https://njowotenan.blogspot.com/2022/06/pamit-sak-bibaripun-nonjok.html

      Hapus